Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB UTAMA | HADIAH PALING AJI SAKA GUSTI ALLAH

Apa sebabé kuwi hadiah sing paling aji?

Apa sebabé kuwi hadiah sing paling aji?

Hadiah paling aji kuwi sing kaya apa? Kuwi biyasané didelok saka: (1) sapa sing maringi, (2) apa sebabé kuwi diparingké, (3) sing maringi kudu ngurbanké apa, lan (4) apa hadiah kuwi bener-bener dibutuhké. Nggatèkké bab-bab kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi luwih ngajèni hadiah paling aji saka Gusti Allah yaiku tebusan.

SAPA SING MARINGI?

Ana hadiah sing dianggep aji merga sing maringi wong sing nduwé wewenang utawa wong sing kita ajèni. Liyané nganggep hadiah kuwi aji senajan regané murah, merga sing maringi keluarga utawa kanca cedhak. Kuwi sing dialami karo Jordan sing diparingi hadiah karo Russell mau. Apa hubungané kuwi karo tebusan?

Sing kapisan, Alkitab kandha nèk ”Gusti Allah wus ngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhi jagad supaya kita padha urip marga déning Panjenengané.” (1 Yokanan 4:9) Kuwi sebabé tebusan iku hadiah sing aji banget. Ora ana pribadi liya sing nduwé wewenang ngungkuli Gusti Allah. Kitab Jabur kandha, ”Paduka ingkang asma Yéhuwah, Ingkang Mahaluhur tuwin misésani ing salumahing bumi.” (Jabur 83:19) Dadi, tebusan kuwi hadiah sing asalé saka sumber sing paling unggul.

Sing kapindho, Gusti Allah kuwi ”Rama kawula sadaya”. (Yésaya 63:16) Kok isa? Gusti Allah kuwi sing nggawé urip. Gusti Allah uga perduli karo kita kaya bapak sing perduli karo anak-anaké. Gusti Allah ngomongké bab umaté jaman mbiyèn, sing disebut Éfraim, ”Apa Éfraim iku dudu putraningSun kang kinasih utawa bocah klangenaningSun? . . . PanggalihingSun trenyuh, ora kena ora Ingsun mesthi bakal paring piwelas.” (Yérémia 31:20) Gusti Allah uga nduwé perasaan kaya ngono bab umaté jaman saiki. Gusti Allah kuwi ora mung mahakuwasa, ning uga Bapak lan Kanca sing setya. Mula, kabèh hadiah saka Gusti Allah kuwi mesthi aji banget.

APA SEBABÉ KUWI DIPARINGKÉ?

Hadiah kuwi dianggep aji nèk diparingké merga rasa tresna sing tulus, dudu merga kewajiban. Wong sing bener-bener tulus mesthi ngekèki hadiah tanpa ngarep-arep balesan.

Gusti Allah maringké Putrané merga tresna karo kita. Alkitab kandha, ”Sihé Gusti Allah iku kababaraké ana ing antara kita, iya iku déné Gusti Allah wus ngutus Kang Putra ontang-anting.” Kanggo apa? ”Supaya kita padha urip marga déning Panjenengané.” (1 Yokanan 4:9) Apa Gusti Allah wajib nindakké kuwi? Ora. ”Panebusé Sang Kristus Yésus” kuwi bukti ”sih-rahmaté” Gusti Allah.Rum 3:24.

Apa sebabé tebusan kuwi bukti ”sih-rahmaté” Gusti Allah? Alkitab kandha, ”Gusti Allah wus ngatingalaké sihé marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi séda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.” (Rum 5:8) Merga tulus nresnani manungsa, Gusti Allah gelem nulungi manungsa sing dosa, ringkih, lan ora nduwé daya. Kita sakjané ora pantes nampa hadiah kuwi sarta ora isa mbales katresnané Gusti Allah. Hadiah saka Gusti Allah kuwi bukti katresnan sing paling gedhé.

SING MARINGI KUDU NGURBANKÉ APA?

Hadiah kuwi dianggep aji merga sing maringi wis nggawé pangurbanan sing gedhé. Nèk ana wong sing gelem mbagi duwèké sing paling aji, banjur dikèkké marang kita, kita mesthi ngajèni banget hadiah kuwi merga pangurbanané.

Gusti Allah ”masrahaké Kang Putra ontang-anting”. (Yokanan 3:16) Sing diparingké kanggo kita kuwi putrané sing paling ditresnani. Saksuwéné pirang-pirang abad, Gusti Allah nggawé jagad raya bareng karo Yésus, sing dadi ”putra kekasihé”. (Wulang Bebasan 8:30) Yésus kuwi ”Putra kang kinasih” lan ”citrané Gusti Allah kang ora katingal”. (Kolosé 1:13-15) Yéhuwah lan Yésus kuwi nduwé hubungan sing raket banget.

Senajan ngono, Gusti Allah ”ora ngéman Kang Putra piyambak”. (Rum 8:32) Yéhuwah maringké duwèké sing paling apik lan aji kanggo kita.

APA KUWI BENER-BENER DIBUTUHKÉ

Ana hadiah sing aji merga kuwi pancèn dibutuhké banget. Contoné, nèk panjenengan ora isa mbayar perawatan keséhatan sing isa nylametké urip, banjur ana wong sing gelem mbayari, panjenengan mesthi maturnuwun lan ngajèni banget bantuan kuwi.

”Padha kaya ana ing Rama Adam wong kabèh padha mati, mangkono uga ana ing Sang Kristus wong kabèh iya bakal padha kauripaké manèh.” (1 Korinta 15:22) Merga éntuk warisan dosa saka Adam, kita kabèh padha dadi lara lan ”mati”. Kita uga ora isa ngupaya dhéwé kanggo nyedhak lan rukun manèh karo Gusti Allah. Kita ora isa nylametké wong liya utawa awaké dhéwé. Alkitab kandha, ”Ora ana wong siji-sijia baé kang bisa ngluwari awaké dhéwé, utawa ngaturi tebusan marang Gusti Allah minangka liruning nyawané.” (Jabur 49:8) Kita butuh banget tebusan kuwi merga ora isa nyedhiyakké tebusan dhéwé. Nèk ora ana sing nulungi, kita ora isa apa-apa.

Merga tresnané sing gedhé, Yéhuwah gelem mbayari ”perawatan” sing isa nylametké urip kita. Liwat tebusané Yésus, ”wong kabèh iya bakal padha kauripaké”. Kok isa? ”Rahé [getihé] Gusti Yésus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakèhé dosa.” Dadi, wong-wong sing percaya marang tebusané Yésus isa diapura dosané lan éntuk urip langgeng. (1 Yokanan 1:7; 5:13) Apa paédahé tebusan kanggo wong sing wis mati? Alkitab kandha, ”Tekané pati iku marga saka wong siji, mangkono uga tanginé wong mati iya marga saka wong siji [Yésus].”1 Korinta 15:21. *

Ora ana hadiah liya sing asalé saka sumber sing paling unggul sakliyané tebusané Yésus. Kuwi uga hadiah sing diparingké merga rasa tresna sing paling gedhé. Ora ana pribadi liya sing nggawé pangurbanan sing gedhé ngungkuli pangurbanané Yéhuwah. Lan ora ana hadiah liya sing paling kita butuhké sakliyané tebusan sing isa mbébaské kita saka dosa lan mati. Dadi, tebusan kuwi pancèn hadiah sing paling aji banget.

 

^ par. 19 Kanggo katrangan luwih akèh bab kersané Gusti Allah kanggo nguripké manèh wong sing wis mati, deloken bab 7 buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? sing dicétak karo Seksi-Seksi Yéhuwah lan ana ing situs wèb www.pr418.com/jv.