Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Meskipun Ana Perbédaan, Kenapa Kudu Tetep Ngajèni Wong Liya?

Meskipun Ana Perbédaan, Kenapa Kudu Tetep Ngajèni Wong Liya?

 ”Nèk kabèh padha-padha ngajèni, keadaané mesthi damai.”—Deklarasi Prinsip-Prinsip Toleransi UNESCO, 1995.

 Wong sing ora ngajèni biasané sengit karo wong liya sing béda karo dhèwèké. Nèk wis sengit, wong kuwi dadi seneng misuh-misuh, seneng mbédak-mbédakké, lan kasar karo wong liya.

 Tapi pendapaté wong-wong soal ngajèni kuwi béda-béda. Ana sing mikir nèk ngajèni kuwi berarti kudu setuju karo apa waé sing dilakoni wong liya. Terus, sing liyané mikir nèk kuwi berarti menghargai keputusan utawa kepercayaané wong liya meskipun sakjané dhèwèké ora setuju.

 Ana keterangan apa ing Alkitab soal ngajèni wong liya?

Ngajèni wong liya sing béda karo awaké dhéwé

 Ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu nduduhké marang kabèh wong nèk kowé seneng ngalah.” (Filipi 4:5) Kuwi berarti wektu urusan karo wong liya, awaké dhéwé kudu sopan, ngajèni, lan ora mbédak-mbédakké. Wong sing ngetrapké naséhat kuwi mungkin ora setuju karo keputusan sing digawé wong liya. Tapi dhèwèké ngakoni nèk saben wong nduwé hak kanggo nggawé keputusané dhéwé-dhéwé.

 Liwat Alkitab, Gusti Allah wis ngandhani apa waé sing kudu dilakoni manungsa. Ing Alkitab disebutké, ”Hé manungsa, Gusti Allah wis ngandhani kowé apa sing apik.” (Mikha 6:8) Dadi nèk ngetrapké naséhat ing Alkitab, uripé manungsa isa bener-bener bahagia.—Yésaya 48:17, 18.

 Menurut Alkitab, ”Mung Gusti Allah Sing Mènèhi Hukum lan sing dadi Hakim . . . Kowé kuwi sapa kok nganti kowé ngadili sedulurmu?” (Yakobus 4:12) Dadi Gusti Allah ora péngin awaké dhéwé ngadili wong liya. Soalé Gusti Allah wis ngekèki awaké dhéwé kebébasan kanggo nggawé pilihan dhéwé-dhéwé.—Pangandharing Torèt 30:19.

Keterangan ing Alkitab soal ngajèni wong liya

 Ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé ”kudu ngajèni kabèh wong”. (1 Pétrus 2:17) Berarti wong-wong sing ngetrapké naséhat kuwi bakal ngajèni kabèh wong, ora soal kepercayaan, penampilan, utawa tingkah lakuné. (Lukas 6:31) Tapi ngajèni kuwi ora berarti ndhukung utawa setuju karo perbuatan lan kabèh keputusané meréka. Meskipun ngono, awaké dhéwé tetep niru Yésus. Awaké dhéwé bakal berupaya kanggo sopan lan apikan karo meréka.

 Misalé, Yésus tau ketemu karo wong wédok sing kepercayaané ora sesuai karo Kitab Suci. Wong wédok kuwi ya manggon karo wong lanang sing dudu bojoné. Yésus ora setuju karo perbuatané wong wédok kuwi, tapi Yésus tetep sopan lan ngajèni wong wédok kuwi.—Yohanes 4:9, 17-24.

 Kaya Yésus, wong Kristen ya tetep ”ngajèni” wong liya wektu njelaské kepercayaané. (1 Pétrus 3:15) Kaya naséhat ing Alkitab, wong Kristen ya ora bakal meksa wong liya kanggo setuju karo pendapaté. Ing Alkitab disebutké nèk murid-muridé Yésus ”ora perlu padu, ning kudu alus marang kabèh wong”, termasuk karo wong-wong sing kepercayaané béda.—2 Timotius 2:24.

Menurut Alkitab, apa éntuk sengit karo wong liya?

 Ing Alkitab disebutké, ”[Awaké dhéwé] kudu rukun karo kabèh wong.” (Ibrani 12:14) Wong sing seneng rukun, ora sengit karo wong liya. Meskipun ora mèlu-mèlu utawa terpengaruh karo perbuatané wong-wong ing sekitaré, tapi dhèwèké tetep berupaya rukun. (Matius 5:9) Malah menurut Alkitab, wong Kristen ya kudu apikan karo wong-wong sing njahati meréka.—Matius 5:44.

 Mémang, menurut Alkitab Gusti Allah ’sengit’ nèk ana sing njahati utawa ngrèmèhké wong liya. (Wulang Bebasan 6:16-19) Tapi sing disengiti kuwi perbuatané. Gusti Allah gelem ngampuni wong-wong sing mertobat lan manut karo pathokané.—Yésaya 55:7.

Ayat-ayat ing Alkitab soal ngajèni wong liya

 Titus 3:2: ”Seneng ngalah, lan alus marang kabèh wong.”

 Meskipun béda pendapat, wong sing seneng ngalah bakal tetep alus lan ngajèni wong liya.

 Matius 7:12: ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.”

 Awaké dhéwé mesthi seneng nèk wong liya ngajèni lan menghargai pendapaté awaké dhéwé. Bèn ngerti carané ngetrapké naséhat kuwi wacanen artikel ”Aturan Emas Kuwi Apa?

 Yosua 24:15: ”Pilihen dhéwé sapa sing arep mbok layani.”

 Nèk menghargai pilihané wong liya, awaké dhéwé isa tetep rukun.

 Kisah 10:34: ”Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké.”

 Gusti Allah ora mbédak-mbédakké wong mung merga lanang utawa wédok, budayané, bangsané, utawa latar belakangé. Nèk niru Gusti Allah, berarti ora mbédak-mbédakké kabèh wong.

 Habakuk 1:12, 13: ”[Gusti Allah] ora isa meneng waé nèk ndelok kejahatan.”

 Gusti Allah ora bakal meneng waé nèk ana wong sing jahat. Deloken vidéo Ngapa Uripé Manungsa Saiki Susah?

 Roma 12:19: ”Bèn waé Gusti Allah sing nduduhké nesuné, merga ana ayat sing kandha, ’Yéhuwah a ngomong, ”Aku sing nduwé hak kanggo mbales. Aku sing bakal mbales kejahatané wong-wong kuwi.”’”

 Manungsa ora nduwé hak kanggo mbales. Mung Yéhuwah sing isa nggawé keadaané aman, apik, lan sukmbèn kabèh wong bakal adil. Wacanen artikel ”Apa Wong sing Ora Adil Bakal Terus Ana?

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?