Langsung mlebu

Aturan Emas Kuwi Apa?

Aturan Emas Kuwi Apa?

Jawaban ing Alkitab

 Istilah ”Aturan Emas” sakjané ora ana ing Alkitab. Tapi akèh sing ngomong nèk kuwi maksudé ajarané Yésus pas Ceramah ing Gunung, yaiku ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi”.​—Matius 7:12; Lukas 6:31.

 Nèk ngetrapké Aturan Emas berarti kudu piyé?

 Kuwi berarti nèk péngin wong liya apikan karo awaké dhéwé, awaké dhéwé ya kudu apikan karo wong liya. Contoné, nèk péngin diajèni lan disayangi wong liya, kuwi ya kudu awaké dhéwé ”tindakké marang wong kuwi”.​—Lukas 6:31.

 Apa waé manfaaté ngetrapké Aturan Emas?

 Ngetrapké Aturan Emas kuwi akèh manfaaté. Misalé, . . .

 Pathokan sing ana ing Perjanjian Lawas kuwi sakjané padha karo Aturan Emas. Menurut Yésus, Aturan Emas kuwi ”intiné Taurat [lima buku pertama ing Alkitab] lan Tulisané Para Nabi”. (Matius 7:12) Dadi, intiné Aturan Emas karo Perjanjian Lawas kuwi padha, yaiku kudu sayang karo wong liya.​—Roma 13:8-10.

 Apa apikan karo wong liya kuwi mung bèn wong liya ya apikan karo awaké dhéwé?

 Ora. Merga Yésus péngin awaké dhéwé apikan karo kabèh wong, termasuk karo mungsuhé awaké dhéwé.​—Lukas 6:27-31, 35.

 Piyé carané ngetrapké Aturan Emas?

  1.  1. Kudu gatèkan. Misalé, mungkin ana sing kabotan nggawa barang, ana sing mlebu rumah sakit, utawa ana kanca sing lagi sedhih. Nèk ngerti ngono, kudu cepet-cepet dibantu. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé ’nggatèkké kepentingané wong liya’.​—Filipi 2:4.

  2.  2. Kudu gampang mesakké. Njenengan isa mbayangké nèk ngalami sing dialami wong liya. (Roma 12:15) Hasilé, njenengan dadi kepéngin mbantu wong kuwi.

  3.  3. Mikirké kepénginané wong liya. Kepénginané wong kuwi béda-béda. Sing njenengan anggep apik, durung mesthi kuwi cocog karo kepénginané wong liya. Dadi, kudu berusaha bèn apikan karo wong liya, tapi carané cocog karo sing dhèwèké péngini.​—1 Korintus 10:24.