Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nginjil ing Omah-Omah Bèn Slamet?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nginjil ing Omah-Omah Bèn Slamet?

 Ora. Seksi-Seksi Yéhuwah pancèn sregep nginjil ing omah-omah. Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah ora percaya yèn nindakaké gawéan kuwi mesthi dislametaké. (Éfesus 2:8) Apa sebabé?

 Bayangna, umpamané ana wong lanang sing loma banget nganakaké sayembara. Wong lanang kuwi janji bakal mènèhi hadiah marang wong-wong sing teka ing wektu lan panggonan sing ditemtokaké. Yèn panjenengan percaya karo janjiné wong lanang kuwi, panjenengan mesthi bakal teka, ta? Panjenengan mesthi uga crita karo kanca-kanca lan keluarga bab sayembara kuwi bèn padha nduwé kesempatan éntuk hadiah. Ning, panjenengan bisa éntuk hadiah kuwi dudu merga upaya panjenengan. Kuwi merga wong lanang kuwi apikan lan péngin ngekèki.

 Semono uga, Seksi-Seksi Yéhuwah percaya karo janjiné Gusti Allah bab urip saklawasé kanggo wong-wong sing manut. (Rum 6:23) Seksi-Seksi Yéhuwah seneng nyritakaké kapercayané iki marang wong-wong, bèn padha bisa urip saklawasé. Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah ora percaya yèn nindakaké gawéan nginjil mesthi éntuk urip saklawasé. (Rum 1:17; 3:28) Sakjané, ora ana wong sing pantes nampa berkahé Gusti Allah sing gedhé banget. Alkitab kandha, ”Panjenengané nylametaké marang kita, ora marga saka panggawé becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmaté.”—Titus 3:5.