Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ngedohi Anggotané sing Wis Ditokaké?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ngedohi Anggotané sing Wis Ditokaké?

 Seksi Yéhuwah sing wis dibaptis ning ora mèlu nginjil manèh, utawa ora srawung manèh karo kanca pakumpulan, ora diedohi. Sewaliké, wong kuwi malah dibantu bèn bisa semangat nginjil lan ngibadah manèh.

 Seksi-Seksi Yéhuwah ora langsung ngetokaké anggotané sing nindakaké dosa. Ning, yèn ana Seksi Yéhuwah sing wis dibaptis nglanggar pathokané Alkitab lan ora gelem mertobat, wong kuwi bakal ditokaké. Alkitab cetha nulis, ”Wong kang padha nandukaké piala iku padha tundhungen saka ing tengah-tengahmu.”.”—1 Korinta 5:13.

 Kepiyé nèk ana wong lanang sing ditokaké, ning bojo lan anak-anaké isih tetep anggotané Seksi-Seksi Yéhuwah? Hubungan keluarga isih tetep, ning kagiyatan ibadahé wong kuwi karo bojo lan anak-anaké dibatesi. Hubungan karo bojoné lan urusan keluarga saben dina tetep kaya biyasané.

 Wong sing ditokaké olèh teka ing pakumpulan ibadah. Malah, yèn wong kuwi gelem, bisa éntuk bantuan saka pinituwa ing pakumpulan. Tujuané supaya wong sing ditokaké kuwi bisa dadi Seksi Yéhuwah manèh. Wong sing wis ditokaké ning wis ninggalaké tumindak sing salah lan urip manut pathokané Alkitab, bisa ditampa manèh dadi Seksi-Seksi Yéhuwah.