Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Pathokan ing Alkitab Isih Cocog kanggo Jaman Saiki?

Apa Pathokan ing Alkitab Isih Cocog kanggo Jaman Saiki?

 Akèh wong, termasuk sing ngakuné Kristen, ngomong nèk pathokan ing Alkitab soal sèks lan perkawinan kuwi wis ketinggalan jaman. Makané, ana pemimpin agama sing ngubah ajarané bèn cocog karo karepé wong-wong. Nah sakjané, apa pathokan ing Alkitab kuwi isih cocog kanggo jaman saiki? Isih. Kok isa?

Manungsa kudu manut pathokané Gusti Allah

 Manungsa butuh tuntunané Gusti Allah. Menurut Alkitab, ”Manungsa ora isa milih dalané dhéwé. Wong sing mlaku ora isa ngarahké langkahé.” (Yérémia 10:23) Mémang manungsa éntuk nggawé keputusan dhéwé. Tapi, sing éntuk nentokké endi sing bener lan sing salah mung Gusti Allah Yéhuwah. a Makané manungsa kudu manut karo Gusti Allah.​—Wulang Bebasan 3:5.

 Gusti Allah nuntun manungsa liwat Alkitab. Ngapa kok manungsa kudu manut Gusti Allah?

  •   Gusti Allah sing nyiptakké manungsa. (Mazmur 100:3) Mulané, Gusti Allah Yéhuwah kuwi sing paling ngerti carané bèn manungsa isa bener-bener bahagia. Dhèwèké ya ngerti apa akibaté nèk manungsa ora manut. (Galatia 6:7) Makané Yéhuwah ’mulang manungsa soal apa waé sing ana manfaaté’ lan ’nuntun manungsa bèn ngerti apa sing kudu ditindakké’.​—Yésaya 48:17.

  •   Nèk nuruti ati, isa salah. Akèh wong mikir nèk manungsa isa nentokké dhéwé endi sing bener lan sing salah. Padahal menurut Alkitab, ”ati luwih licik timbang apa waé lan nékad”. (Yérémia 17:9) Dadi nèk manungsa mung nuruti ati lan ora manut karo Gusti Allah, mesthi ana akibaté.​—Wulang Bebasan 28:26; Pengkhotbah 10:2.

Apa para pemimpin agama éntuk ngubah ajarané bèn cocog karo karepé wong-wong?

 Ora. Ing Alkitab dijelaské soal Gusti Allah lan carané nyenengké Dhèwèké. (1 Korintus 6:9-11; Galatia 5:19-23) Dhèwèké péngin bèn kabèh wong ngerti soal kuwi. (1 Timotius 2:3, 4) Makané ajarané pemimpin agama kuduné cocog karo isiné Alkitab.​—Titus 1:7-9.

 Wong-wong sing ora gelem manut karo pathokan ing Alkitab seneng ngrungokké para pemimpin agama ”sing mung ngomongké apa sing péngin dirungokké wong-wong kuwi”. (2 Timotius 4:3) Tapi menurut Alkitab, ”Cilaka wong sing ngomong nèk apik kuwi jahat lan jahat kuwi apik.” (Yésaya 5:20) Para pemimpin agama sing kaya ngono kuwi bakal dihukum karo Gusti Allah.

Apa éntuk meksa wong liya manut pathokan ing Alkitab?

 Ora éntuk. Nèk péngin nyenengké Gusti Allah, kudu manut ajarané Yésus Kristus. Yésus ngajarké nèk murid-muridé kudu sayang, ngajèni kabèh wong, lan ora éntuk ”ngadili”.​—Matius 5:43, 44; 7:1.

 Mémang murid-muridé Yésus berupaya bèn manut karo pathokané Gusti Allah. Tapi nèk wong liya ora gelem manut, ya wis bèn waé. (Matius 10:14) Yésus ya ora péngin murid-muridé mèlu politik utawa nganggo cara liyané bèn isa meksa wong liya manut pathokané Gusti Allah.​—Yohanes 17:14, 16; 18:36.

Apa waé manfaaté?

 Nèk manut karo pathokané Gusti Allah, bakal ngrasakké manfaaté saiki lan saklawasé. (Mazmur 19:8, 11) Contoné:

a Menurut Alkitab, Gusti Allah kuwi jenengé Yéhuwah.​—Mazmur 83:18.