Langsung mlebu

Yohanes Pembaptis Kuwi Sapa?

Yohanes Pembaptis Kuwi Sapa?

Jawaban ing Alkitab

 Yohanes Pembaptis kuwi nabiné Gusti Allah. (Lukas 1:76) Dhèwèké lair ora suwé sakdurungé Yésus. Gusti Allah ngongkon Yohanes bèn ”nyiapké dalan” kanggo Mésias, utawa Kristus. Mulané Yohanes martakké kabar saka Yéhuwah bèn wong-wong Yahudi mertobat.​—Markus 1:1-4; Lukas 1:13, 16, 17.

 Wong-wong sing ngrungokké Yohanes isa ngerti nèk Yésus sing asalé saka Nazarèt kuwi Mésias sing dijanjèkké. (Matius 11:10) Yohanes ngandhani wong-wong bèn mertobat. Bar kuwi, wong-wong kuwi ya kudu dibaptis bèn dadi bukti nèk wis padha mertobat. (Lukas 3:3-6) Merga kerep mbaptis akèh wong, dhèwèké disebut Yohanes Pembaptis. Malah, Yohanes ya mbaptis Yésus. aMarkus 1:9.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Ngapa kok Yohanes Pembaptis kuwi wong sing istiméwa?

 Tugasé wis diramalké: Kaya sing diramalké Yéhuwah, Yohanes dadi utusan kanggo martakké kabar saka Dhèwèké. (Maléakhi 3:1; Matius 3:1-3) Yohanes ngandhani wong Yahudi soal wakilé Yéhuwah, yaiku Yésus Kristus, bèn ”wong-wong kuwi isa dadi umat sing siap ngabdi marang Yéhuwah”.​—Lukas 1:17.

 Berkah sing ditampa: Yésus ngomong nèk ”ing antarané kabèh wong sing tau urip, ora ana sing luwih unggul timbang Yohanes Pembaptis. Tapi, sing kedudukané paling rendhah ing Kerajaan swarga tetep luwih unggul timbang Yohanes Pembaptis”. (Matius 11:11) Yohanes disebut sing paling unggul merga dhèwèké ora mung nabi, tapi ya dadi ”utusan”. Ning menurut Yésus, Yohanes ora bakal dadi raja ing swarga. b Yohanes wis mati sakdurungé Yésus. (Ibrani 10:19, 20) Tapi, Yohanes bakal dadi rakyat Kerajaané Gusti Allah lan isa urip saklawasé ing bumi.​—Mazmur 37:29; Lukas 23:43.

 Yohanes Pembaptis kuwi anaké sapa?

 Yohanes kuwi anaké Zakharia lan Èlisabèt. Zakharia kuwi imam Yahudi. Yohanes lair merga mukjijat, soalé ibuné kuwi wis mandhul, utawa ora isa nduwé anak. Terus, Èlisabèt lan Zakharia sakjané ya ”wis tuwa”.​—Lukas 1:5-7, 13.

 Sapa sing matèni Yohanes Pembaptis?

 Merga dikongkon karo Hérodias, bojoné, Raja Hérodès Antipas ngongkon bèn sirahé Yohanes dipenggal. Hérodias sengit karo Yohanes soalé Yohanes tau ngomong nèk pernikahané Hérodès karo Hérodias kuwi ora sah menurut hukum.​—Matius 14:1-12; Markus 6:16-19.

 Apa Yohanes Pembaptis karo Yésus kuwi saingan?

 Ora, merga kuwi ora cocog karo sing disebutké ing Alkitab. (Yohanes 3:25-30) Yohanes ngerti nèk tugasé kuwi ”nyiapké dalan” kanggo Mésias. Yohanes ora péngin dadi saingané Yésus. Dhèwèké ngomong, ”Tujuanku mbaptis nganggo banyu kuwi bèn wong Israèl isa kenal [Yésus].” Dhèwèké ya ngomong, ”[Yésus] kuwi pancèn Anaké Gusti Allah.” (Yohanes 1:26-34) Yohanes malah seneng nèk wong-wong padha ngrungokké Yésus.

a Yésus ”ora nindakké dosa”. (1 Pétrus 2:21, 22) Dadi dhèwèké dibaptis ora merga mertobat, tapi merga dhèwèké gelem nglakoni sing dikarepké Gusti Allah, termasuk mati kanggo manungsa.​—Ibrani 10:7-10.