Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Yohanes Pembaptis Kuwi Ana Tenan?

Apa Yohanes Pembaptis Kuwi Ana Tenan?

 Ing Injil, ana wong lanang sing disebut Yohanes Pembaptis. Dhèwèké martakké kabar apik soal Kratoné Gusti Allah ing dhaérah Yudéa. Apa wong iki bener-bener ana kaya kandhané Alkitab? Coba gatèkna:

  •   Alkitab kandha, ”Yohanes Pembaptis teka ing Padhang Belantara Yudéa kanggo martakké, ’Mertobata, merga Kraton swarga wis cedhak.’” (Matius 3:1, 2) Apa ana ahli sejarah sing setuju karo katrangan iki? Ana.

     Ahli sejarah abad pertama sing jenengé Flavius Yosefus nulis rincian soal wong lanang sing jenengé ”Yohanes, sing disebut Pembaptis”. Yosefus ya nulis nèk wong lanang kuwi ”ngejak wong Yahudi bèn mertobat”, ”ngabdi marang Gusti Allah”, lan ”dibaptis”.​—Jewish Antiquities, Jilid XVIII.

  •   Alkitab nyathet nèk Yohanes tau nyenèni Hérodès Antipas, sing dadi penguasa wilayah Galiléa lan Péréa. Hérodès ngakuné dadi wong Yahudi sing manut karo Hukum Taurat. Ning, dhèwèké nikah karo bojoné kakangé tiri, yaiku Hérodias. Kuwi sebabé Yohanes nyenèni Hérodès. (Markus 6:18) Rincian iki ya didhukung karo cathetan sejarah.

     Yosefus ngomong nèk Antipas ”seneng karo Hérodias” lan ”wani nglamar dhèwèké”. Hérodias nampa lamaran kuwi lan ninggalké bojoné bèn isa nikah karo Antipas.

  •   Alkitab kandha nèk ”wong-wong saka Yérusalèm, wilayah Yudéa, lan kabèh dhaérah ing sakiwa-tengené Kali Yordan teka marani Yohanes. Wong-wong kuwi dibaptis Yohanes ing Kali Yordan”.​—Matius 3:5, 6.

     Yosefus ya setuju karo katrangan iki. Dhèwèké nulis nèk ana ”akèh wong” sing nemoni Yohanes, lan ”apa sing diomongké Yohanes mlebu ing atiné wong-wong kuwi”.

 Jelas, Yosefus yakin nèk Yohanes Pembaptis kuwi ana tenan. Dadi, awaké dhéwé ya isa yakin soal kuwi.