Langsung mlebu

Sapa sing Bakal Munggah ing Swarga?

Sapa sing Bakal Munggah ing Swarga?

Jawaban ing Alkitab

 Ana wong-wong sing wis dipilih Gusti Allah lan bakal diuripké manèh ing swarga. (1 Pétrus 1:​3, 4) Tapi meskipun wis dipilih, wong-wong kuwi tetep kudu setya lan manut karo Gusti Allah.​—Éfésus 5:5; Filipi 3:​12-​14.

Ing swarga tugasé apa?

 Wong-wong kuwi bakal dadi raja lan imam bareng karo Yésus selama 1.000 taun. (Wahyu 5:​9, 10; 20:6) Wong-wong kuwi dadi bagian saka ”langit anyar”, utawa pamréntahan ing swarga, lan bakal mréntah ”bumi anyar”, utawa wong-wong ing bumi. Wong-wong kuwi bakal nggawé manungsa dadi sampurna manèh, kaya sing dikarepké Gusti Allah mbiyèn.​—Yésaya 65:17; 2 Pétrus 3:​13.

Sing munggah swarga jumlahé pira?

 Menurut Alkitab jumlahé ana 144.000. (Wahyu 7:4) Ing Wahyu 14:​1-3, Rasul Yohanes ndelok ’Anak Domba ngadeg ing Gunung Zion bareng karo wong 144.000’. Sing dimaksud ”Anak Domba”, yaiku Yésus. (Yohanes 1:​29; 1 Pétrus 1:​19) Terus, sing dimaksud ”Gunung Zion”, yaiku Yésus lan wong 144.000 sing mréntah ing swarga.​—Mazmur 2:6; Ibrani 12:22.

 ”Wong-wong sing diundang lan dipilih” kanggo mréntah karo Yésus kuwi disebut ”kelompok cilik”. (Wahyu 17:14; Lukas 12:32) Kuwi berarti jumlahé wong-wong kuwi luwih sithik dibandhing domba-dombané Yésus.​—Yohanes 10:16.

Pendapat soal wong-wong sing munggah ing swarga

 Sing salah: Kabèh wong sing apik munggah ing swarga.

 Sing bener: Wong-wong sing apik sebagian besar bakal urip saklawasé ing bumi.​—Mazmur 37:11, 29, 34.

  •   Yésus ngomong, ”Ora ana wong sing tau munggah swarga.” (Yohanes 3:​13) Kuwi berarti wong-wong sing mati sakdurungé Yésus, misalé Abraham, Musa, Ayub, lan Daud ora munggah ing swarga. (Kisah 2:​29, 34) Wong-wong kuwi bakal diuripké manèh ing bumi.​—Ayub 14:13-​15.

  •   Wong-wong sing diuripké manèh ing swarga disebut ”sing pertama diuripké manèh”. (Wahyu 20:6) Kuwi berarti bakal ana wong-wong sing diuripké manèh ing bumi bar kuwi.

  •   Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, ’kematian ora bakal ana manèh’. (Wahyu 21:​3, 4) Kuwi kelakoné mesthi ing bumi, merga ing swarga ora tau ana kematian.

 Sing salah: Wong-wong isa milih dhéwé arep urip ing swarga apa ing bumi.

 Sing bener: Gusti Allah wis milih wong-wong sing ”éntuk hadiah” urip ing swarga. (Filipi 3:​14) Dadi, wong-wong ora isa milih dhéwé arep urip ing swarga apa ora.​—Matius 20:20-​23.

 Sing salah: Wong-wong sing bakal urip saklawasé ing bumi kuwi luwih rendah timbang wong-wong sing bakal munggah ing swarga.

 Sing bener: Gusti Allah nyebut wong-wong sing bakal urip saklawasé ing bumi kuwi ”umat-Ku”, ”wong-wong sing Tak pilih”, lan ’wong-wong sing diberkahi’. (Yésaya 65:21-​23) Wong-wong kuwi bakal urip saklawasé ing bumi firdaus, kaya sing dikarepké Gusti Allah.​—Purwaning Dumadi 1:​28; Mazmur 115:16; Yésaya 45:18.

 Sing salah: Jumlah 144.000 kuwi mung lambang, dudu tenanan.

 Sing bener: Mémang ing buku Wahyu ana angka-angka sing mung lambang, tapi ya ana sing tenanan. Misalé, ing buku Wahyu disebutké soal ”jeneng-jenengé 12 rasulé Anak Domba”. (Wahyu 21:14) Kuwi berarti jumlah 144.000 kuwi ya dudu lambang.

 Ing Wahyu 7:4 disebutké nèk ”wong-wong sing nampa meterai kuwi [utawa, wong-wong sing bakal munggah ing swarga] jumlahé 144.000”. Terus, ing ayat 9 disebutké nèk ana ”kumpulan gedhé wong akèh sing jumlahé ora isa diétung”. Wong-wong kuwi ya bakal dislametké Gusti Allah. (Wahyu 7:​9, 10) Nèk jumlah 144.000 kuwi mung lambang, ora mungkin kuwi dibandhingké karo kelompok liya sing jumlahé ora isa diétung. a

 Wong 144.000 kuwi ”dituku saka antarané manungsa dadi kaya hasil panèn pertama”. (Wahyu 14:4) Nèk disebut ”hasil panèn pertama”, kuwi berarti jumlahé wong-wong kuwi mung sithik. Kuwi béda karo wong-wong sing bakal urip ing bumi sing jumlahé ora isa diétung.​—Wahyu 5:​10.

a Profesor Robert L. Thomas ngomong nèk ”jumlah 144.000 sing disebutké ing Wahyu 7:4 kuwi dudu lambang. Kuwi béda karo kelompok liya sing jumlahé ora isa diétung sing disebutké ing Wahyu 7:9. Nèk jumlah 144.000 kuwi mung lambang, berarti angka-angka liyané ing buku Wahyu ya mung lambang”.​—Revelation 1-7: An Exegetical Commentary, halaman 474.