Langsung mlebu

Apa Mung ”Percaya karo Yésus” Kuwi Cukup Bèn Isa Dislametké?

Apa Mung ”Percaya karo Yésus” Kuwi Cukup Bèn Isa Dislametké?

Jawabané Alkitab

Wong Kristen percaya nèk Yésus mati kanggo nebus dosané manungsa. (1 Pétrus 3:18) Ning, bèn isa dislametké, manungsa ora cukup nèk mung percaya Yésus kuwi Juru Slamet. Buktiné, hantu-hantu sing percaya nèk Yésus kuwi ”Putrané Gusti Allah” waé malah disirnakké.​—Lukas 4:41; Yudas 6.

 Apa sing kudu tak tindakké bèn isa dislametké?

  • Percaya nèk Yésus wis ngorbanké uripé kanggo nebus dosané awaké dhéwé. (Kisah 16:30, 31; 1 Yohanes 2:2) Kuwi berarti awaké dhéwé percaya nèk Yésus kuwi tenanan ana lan nèk kabèh sing dikandhakké Alkitab soal Yésus kuwi bener.

  • Sinau Alkitab. (2 Timotius 3:15) Ing Alkitab, Rasul Paulus lan Silas tau ngomong karo penjaga penjara, ”Percayaa marang Gusti Yésus, supaya kowé . . . dislametké.” Bar kuwi, Paulus lan Silas mulangké ”pangandikané Yéhuwah” a marang penjaga penjara. (Kisah 16:31, 32) Kuwi nduduhké nèk penjaga penjara kuwi ora isa bener-bener percaya karo Yésus nèk mung nduwé pengetahuan dhasar soal pangandikané Gusti Allah. Dhèwèké mbutuhké luwih akèh pengetahuan sing bener saka Alkitab.​—1 Timotius 2:3, 4.

  • Mertobat. (Kisah 3:19) Njenengan ya kudu mertobat saka tumindak lan omongan sing salah sing tau njenengan tindakké. Kuwi bakal kétok nèk njenengan nindakké ”perkara-perkara sing nduduhké nèk . . . mertobat” lan ora nindakké manèh apa sing disengiti Gusti Allah.​—Kisah 26:20.

  • Dibaptis. (Matius 28:19) Yésus ngomong nèk sapa waé sing péngin dadi muridé kudu dibaptis. Penjaga penjara sing disebutké ing awal akhiré ya dibaptis. (Kisah 16:33) Terus, ya ana conto liyané. Sakwisé Rasul Pétrus mulangké apa sing bener soal Yésus, ”wong-wong sing nampa omongan kuwi kanthi bungah banjur padha dibaptis”.​—Kisah 2:40, 41.

  • Manut préntahé Yésus. (Ibrani 5:9) Wong-wong isa disebut pengikuté Yésus nèk ”nindakké kabèh” préntahé. (Matius 28:20) Wong-wong kuwi ”nindakké pangandikané Gusti Allah” lan ora ”mung ngrungokké thok”.​—Yakobus 1:22.

  • Terus tekun. (Markus 13:13) Murid-muridé Yésus ya ”perlu tekun” bèn isa dislametké. (Ibrani 10:36) Contoné, Rasul Paulus manut karo préntahé Yésus lan setya karo Gusti Allah. Kuwi terus ditindakké karo Rasul Paulus kèt dhèwèké dadi wong Kristen nganti dhèwèké mati.​—1 Korintus 9:27.

 Piyé nèk soal ”Doa Orang Berdosa”?

Ana agama-agama sing penganuté ndonga nggunakké donga kaya ”Doa Orang Berdosa” lan ”Doa Untuk Diselamatkan”. Wektu ndonga, wong-wong kuwi ngakoni dosané lan percaya nèk Yésus wis mati kanggo nebus dosané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi ya njaluk bèn Yésus teka ing ati utawa ing uripé wong-wong kuwi. Ning, sakjané Alkitab ora tau nyebutké, utawa malah ngongkon wong-wong ndonga nggunakké ”Doa Orang Berdosa”.

Ana wong-wong sing mikir nèk bakal dislametké sakwisé ndonga nggunakké ”Doa Orang Berdosa”. Ning, bèn isa dislametké, ora cukup nèk mung ndonga. Awaké dhéwé bakal terus nindakké salah merga awaké dhéwé ora sampurna. (1 Yohanes 1:8) Kuwi sebabé Yésus ngongkon murid-muridé terus ndonga njaluk pangapura. (Lukas 11:2, 4) Sakliyané kuwi, ya ana wong-wong Kristen sing setya sing kélangan harapan urip saklawasé merga ora manut karo Gusti Allah.​—Ibrani 6:4-6; 2 Pétrus 2:20, 21.

 Piyé asal-usulé ”Doa Orang Berdosa”?

Para ahli sejarah nduwé pendapat sing beda-beda soal asal usulé ”Doa Orang Berdosa”. Ana sing ngomong nèk donga kuwi mulai ana wektu jaman Réformasi Protèstan (sing dimulai taun 1517). Ana manèh sing nduwé pendapat nèk kuwi mulai ana wektu agama-agama anyar ana ing taun 1700-an lan 1800-an. Sing jelas, ngucapké donga sing dibolan-balèni kuwi ora cocog karo wulangané Alkitab.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing dicathet ing Alkitab.