Langsung mlebu

Piyé Carané Nggawé Keputusan sing Bener?

Piyé Carané Nggawé Keputusan sing Bener?

Jawaban ing Alkitab

 Nèk maca Alkitab, awaké dhéwé isa ”nduwé pemahaman lan kawicaksanan”. (Wulang Bebasan 4:5) Hasilé, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener. Kadhang-kadhang préntahé Gusti Allah jelas kudu piyé, dadi awaké dhéwé tinggal manut waé. Tapi nèk ora ana préntah sing jelas, ing Alkitab tetep ana tuntunan bèn awaké dhéwé ngerti carané nggawé keputusan sing bener.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Carané nggawé keputusan sing bener

  •   Aja kesusu. Menurut Alkitab, ”Wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.” (Wulang Bebasan 14:15) Dadi nèk mèh nggawé keputusan, kudu dipikir sing tenanan sik bèn ora gela.​—1 Tésalonika 5:21.

  •   Aja nggawé keputusan mung nganggo perasaan, soalé atiné awaké dhéwé ora isa dipercaya. (Wulang Bebasan 28:26; Yérémia 17:9) Misalé, nèk lagi nesu, strès, utawa kekeselen, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing ora bener.​—Wulang Bebasan 24:10; 29:22.

  •   Ndonga. (Yakobus 1:5) Gusti Allah kuwi kaya bapak sing ora péngin anak-anaké susah. Menurut Alkitab, ”Yéhuwah sing mènèhi kawicaksanan. Pengetahuan lan pertimbangan asalé saka Dhèwèké.” a (Wulang Bebasan 2:6) Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé kawicaksanan liwat Alkitab.​—2 Timotius 3:16, 17.

  •   Nggolèk keterangan luwih akèh. Menurut Alkitab, ”Wong sing wicaksana gelem ngrungokké lan gelem sinau luwih akèh.” (Wulang Bebasan 1:5) Awaké dhéwé isa éntuk keterangan sing isa dipercaya ing endi?

     Sing pertama, ing Alkitab. Gusti Allah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Makané, awaké dhéwé isa nggolèk tuntunané ing Alkitab. (Mazmur 25:12) Kadhang-kadhang ing Alkitab préntahé Gusti Allah jelas kudu piyé. (Yésaya 48:17, 18) Tapi kadhang ora ana préntah sing jelas. Ning, ing Alkitab ana pathokané Gusti Allah. Dadi, awaké dhéwé isa nggawé keputusan dhéwé sesuai karo pathokan kuwi. Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh saka Alkitab, wacanen artikel utawa publikasi sing ana ing situs wèb iki. b

     Kadhang-kadhang, awaké dhéwé ya kudu nggolèk keterangan saka sumber liya sing isa dipercaya. Misalé wektu arep tuku barang sing larang, awaké dhéwé kudu nggolèk informasi soal barang kuwi, soal pabriké, ana garansiné apa ora, lan liya-liyané. Terus ya kudu dipastèkké nèk barang kuwi cocog karo kebutuhané awaké dhéwé.

     Ing Alkitab disebutké, ”Rencana gagal nèk ora dirembug dhisik.” (Wulang Bebasan 15:22) Dadi wektu arep nggawé keputusan, awaké dhéwé isa takon karo wong sing isa dipercaya. Misalé, nèk lagi lara ya kudu takon dokter. (Matius 9:12) Awaké dhéwé ya isa takon karo wong sing tau ngalami masalah sing padha. Tapi tetep awaké dhéwé sing kudu nggawé keputusan kuwi, dudu wong liya.​—Galatia 6:4, 5.

  •   Mikirké akibaté. Sakwisé nggolèk keterangan, awaké dhéwé isa nggawé daftar untung lan ruginé. (Pangandharing Torèt 32:29) Misalé mikirké apa akibaté kanggo awaké dhéwé, keluarga, lan wong liya. (Wulang Bebasan 22:3; Roma 14:19) Nèk manut pathokan ing Alkitab lan mikirké akibaté, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener.

  •   Nggawé keputusané. Kadhang-kadhang awaké dhéwé ora ndang nggawé keputusan merga isih ragu-ragu. Tapi, mengko akibaté padha kaya nèk awaké dhéwé nggawé keputusan sing ora bener. Isa waé keadaané dadi luwih parah lan awaké dhéwé dadi gela. Ing Alkitab ana perumpamaan, ”Wong sing ngamati angin ora bakal nyebar benih, lan wong sing ngamati awan ora bakal manèn.”​—Pengkhotbah 11:4.

 Nèk mèh nggawé keputusan, biasané ana sing kudu dikorbanké. Terus, isa waé keputusan kuwi ora kelakon persis kaya sing diharapké. (Pengkhotbah 9:11) Makané, awaké dhéwé kudu mikirké sik apa sing paling apik.

 Nèk wis nggawé keputusan, apa éntuk diubah?

 Awaké dhéwé isa waé ngubah keputusan. Mungkin merga keadaané berubah utawa merga keputusan kuwi ora kelakon sesuai sing diharapké. Dadi, awaké dhéwé kudu mikirké kuwi manèh lan nggawé keputusan liyané.

 Ning, ana keputusan sing ora éntuk diubah. (Mazmur 15:4) Misalé, suami istri kudu nepati janjiné pas nikah. c (Maléakhi 2:16; Matius 19:6) Nèk ana masalah, wong loro kuwi kudu berusaha ngrampungi masalahé lan ora éntuk pegatan.

 Piyé nèk kebacut nggawé keputusan sing ora bener?

 Mémang isa waé awaké dhéwé nggawé keputusan sing ora bener. (Yakobus 3:2) Terus awaké dhéwé dadi gela lan ngrasa bersalah. (Mazmur 69:5) Nèk bar kuwi awaké dhéwé dadi kapok, ya apik. (Wulang Bebasan 14:9) Ning, nèk awaké dhéwé terus-terusan ngrasa bersalah, menurut Alkitab kuwi ora apik. (2 Korintus 2:7) d Ing Alkitab disebutké nèk ”Yéhuwah kuwi apikan [lan] gampang mesakké”. (Mazmur 103:8-13) Intiné, nèk wis ngerti keputusan kuwi salah, ya aja diteruské. Terus, sukmbèn aja dibalèni manèh.

a Menurut Alkitab, jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah.​—Mazmur 83:18.

b Ketiken topik sing digolèki ing kothak pencarian ing jw.org. Njenengan ya isa nggolèk ing ”Indèks Kata-Kata ing Alkitab” ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.

c Menurut Gusti Allah, wong sing wis nikah kudu bareng terus nganti seumur hidup. Wong sing wis nikah éntuk pegatan lan nikah manèh mung nèk bojoné laku jina. (Matius 19:9) Nèk ana masalah keluarga, njenengan isa nggolèki tuntunan ing Alkitab.