Langsung mlebu

TIRUNEN IMANÉ | MARIA MAGDALÉNA

”Aku Wis Ndelok Gusti!”

”Aku Wis Ndelok Gusti!”

Maria Magdaléna ndelok langit karo ngusapi eluhé. Ing cedhaké, Gustiné lagi dipaku ing cagak. Wektu kuwi sakjané isih awan, ”nanging kabèh dhaérah kuwi dadi peteng”. (Lukas 23:44, 45) Terus, Maria nyedhaki wong-wong wédok sing ana ing kono. Dhaérah kuwi dadi peteng dudu merga gerhana matahari merga suwéné telung jam. Maria lan wong-wong sing ngadeg ing cedhak kono mungkin isa krungu swarané kéwan sing biasané metu pas mbengi. Wong-wong kuwi ”dadi kewedèn lan kandha, ’Wong iki mesthi Putrané Gusti Allah’”. (Matius 27:54) Para pengikuté Yésus lan wong-wong liyané mungkin mikir iki tandha nèk Yéhuwah sedhih merga Putrané wis disiksa.

Sakjané, Maria Magdaléna wis ora kuwat ana ing kono. Ning, merga ndelok Yésus lagi kelaran lan ibuné Yésus ya butuh dikuwatké, Maria Magdaléna ora lunga saka kono.​—Yohanes 19:25, 26.

Apa sing wis Yésus tindakké kanggo Maria nggawé dhèwèké péngin ngupaya sak isa-isané kanggo ndhukung Yésus. Mauné, Maria dirèmèhké karo wong-wong. Ning, Yésus nggawé dhèwèké dadi wong wédok sing nduwé harga diri lan nduwé iman sing kuwat. Apa waé buktiné? Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka Maria?

”Nggunakké Bandhané kanggo Ngladèni”

Ing Alkitab, critané Maria dimulai wektu Yésus mbébaské dhèwèké saka masalah. Wektu kuwi, pengaruhé roh jahat gedhé banget. Akèh wong wis diserang lan kesurupan roh jahat. Awaké dhéwé ora ngerti roh-roh jahat mènèhi pengaruh apa marang Maria. Ning, sing jelas Maria kesurupan roh jahat pitu. Maria isa bébas saka pengaruhé roh-roh jahat merga bantuané Yésus.​—Lukas 8:2.

Maria lega banget merga wis ora kena pengaruhé roh jahat. Kanggo nduduhké rasa maturnuwun, Maria dadi muridé Yésus sing setya. Sakliyané kuwi, Maria ya tanggap wektu ndelok Yésus lan para rasulé mbutuhké panganan, pakaian, lan panggonan kanggo nginep. Yésus lan para rasulé dudu wong sugih lan wektu kuwi pas ora kerja. Dadi, bèn isa terus nginjil lan mulang, Yésus lan para rasulé perlu dibantu.

Maria lan wong-wong wédok liyané ”nggunakké bandhané kanggo ngladèni Yésus lan rasul-rasulé”. (Lukas 8:1, 3) Beberapa wong wédok kuwi mungkin sugih. Senajan ora dicritakké ing Alkitab, ning mungkin wong-wong wédok kuwi nyepakké panganan, ngumbahké klambiné, lan nggolèkké penginepan kanggo Yésus lan para rasulé. Sing jelas, wong-wong wédok iki seneng ndhukung Yésus lan rombongané sing jumlahé kira-kira 20. Merga bantuané wong-wong wédok iki, Yésus lan para rasulé isa terus nginjil. Maria ngerti nèk apa sing dhèwèké tindakké ora sebandhing karo apa sing Yésus tindakké kanggo dhèwèké. Ning, Maria seneng merga isa mènèhké sing paling apik kanggo Yésus.

Saiki, wong-wong sing nindakké gawéan kaya ngono dirèmèhké. Ning, Gusti Allah ora kaya ngono. Gusti Allah mesthi seneng wektu ndelok Maria gelem nindakké apa waé kanggo ndhukung Yésus lan para rasulé. Kaya Maria, akèh wong Kristen saiki ya seneng mènèhi bantuan sing sederhana utawa omongan sing nguwatké. Apa sing ditindakké wong-wong kuwi mesthi berharga kanggo Yéhuwah.​—Wulang Bebasan 19:17; Ibrani 13:16.

”Ngadeg ing Cedhak Cagak Paukumané Yésus”

Maria Magdaléna kuwi salah siji wong wédok sing mèlu Yésus lunga ing Yérusalèm kanggo ngrayakké Paskah ing taun 33 M. (Matius 27:55, 56) Maria sedhih wektu krungu Yésus ditangkep lan diadili sewengi muput. Maria ya ngerti nèk Gubernur Pontius Pilatus mènèhi Yésus hukuman mati. Pilatus mènèhi hukuman kuwi merga dipengaruhi para pemimpin agama lan wong-wong Yahudi. Maria mungkin ndelok dhéwé wektu Yésus kangèlan mlaku, badané luka-luka, lan isih kudu nggawa cagak paukuman.​—Yohanes 19:6, 12, 15-17.

Wektu Yésus dipaku ing cagak, dhaérah ing kono dadi peteng padahal isih awan. Maria Magdaléna lan wong-wong wédok liyané ”ngadeg ing cedhak cagak paukumané Yésus”. (Yohanes 19:25) Maria ndelok lan krungu wektu Yésus njaluk tulung Rasul Yohanes kanggo ngopèni ibuné. Maria ngerti wektu Yésus kelaran. Dhèwèké ya krungu omongan terakhiré Yésus sing kandha, ”Wis rampung.” Kuwi kabèh nggawé Maria sedhih banget. Bar kuwi, ana wong sugih saka Arimatéa sing jenengé Yusuf teka lan nggawa mayaté Yésus ing kuburan sing anyar. Maria ya mèlu ing kuburan kuwi.​—Yohanes 19:30; Matius 27:45, 46, 57-61.

Awaké dhéwé isa niru contoné Maria wektu mbantu sedulur seiman sing ngalami kesusahan. Awaké dhéwé mungkin ora isa nyingkirké masalahé utawa rasa sedhihé. Ning, awaké dhéwé isa tetep perduli lan ngancani dhèwèké. Nèk nindakké kuwi kabèh, kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé wis dadi kanca sing apik.​—Wulang Bebasan 17:17.

Ibuné Yésus mesthi ngrasa dikuwatké merga dikancani Maria Magdaléna

”Mengko Bakal Tak Jupuk”

Sakwisé mayaté Yésus didèlèhké ing kuburan, Maria lan wong-wong wédok liyané mblonyohi manèh badané Yésus nganggo rempah-rempah. (Markus 16:1, 2; Lukas 23:54-56) Bar dina Sabat, ésuk-ésuk banget, Maria lan wong-wong wédok liyané lunga ing kuburané Yésus. Sakjané, Maria lan wong-wong wédok kuwi bingung piyé carané mindhahké watu gedhé sing nutupi kuburané Yésus. (Matius 28:1; Markus 16:1-3) Ning, wong-wong kuwi tetep mrono. Merga nduwé iman sing kuwat, wong-wong kuwi nindakké sak isa-isané lan yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu.

Kétoké Maria teka luwih dhisik ing kuburané Yésus. Maria kagèt wektu kuburané wis kebukak lan kosong. Bar kuwi, Maria langsung mlayu ngandhani Pétrus lan Yohanes soal peristiwa kuwi. Maria kandha, ”Ana sing njupuk Gustiku, lan aku ora ngerti Gustiku didèlèhké ing ngendi.” Bar kuwi, Pétrus lan Yohanes langsung lunga ing kuburan, lan ndelok nèk kuburané wis kosong. Terus, wong-wong kuwi bali ing omahé dhéwé-dhéwé. *Yohanes 20:1-10.

Maria lunga manèh ing kuburan. Dhèwèké nangis merga mayaté Yésus ilang. Karo nangis, dhèwèké nginguk ing njero kuburan. Maria bener-bener kagèt wektu ana malaékat loro ing kono. Terus, malaékat loro kuwi takon, ”Ngapa kowé nangis?” Maria njawab, ”Ana sing njupuk Gustiku, lan aku ora ngerti Gustiku didèlèhké ing ngendi.”​—Yohanes 20:11-13.

Bar kuwi, Maria nolèh merga ing mburiné ana wong lanang. Maria ora kenal wong lanang kuwi sapa lan malah ngira nèk wong kuwi tukang kebon ing kono. Wong lanang kuwi takon karo Maria, ”Ngapa kowé nangis? Kowé nggolèki sapa?” Maria njawab, ”Pak, nèk panjenengan sing njupuk mayité, tulung kandhanana aku ing ngendi panjenengan ndèlèhké mayité, lan mengko bakal tak jupuk.” (Yohanes 20:14, 15) Badané Yésus mesthi luwih gedhé timbang Maria. Dadi, kétoké ora mungkin Maria isa nggawa mayaté Yésus dhèwèkan. Ning, Maria ora mikir kaya ngono. Dhèwèké fokus karo apa sing isa dhèwèké tindakké.

”Mengko bakal tak jupuk”

Wektu ngrasa cilik ati lan ngadhepi masalah sing abot banget, awaké dhéwé isa niru contoné Maria Magdaléna. Nèk mung mikir apa sing ora isa ditindakké, kuwi isa nggawé awaké dhéwé ngrasa ora guna. Ning, nèk awaké dhéwé nindakké sak isa-isané lan yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu, awaké dhéwé isa ngadhepi kabèh masalah. Sing paling penting awaké dhéwé bakal nyenengké Yéhuwah. (2 Korintus 12:10; Filipi 4:13) Maria wis nindakké kuwi lan diberkahi Yéhuwah.

”Aku Wis Ndelok Gusti!”

Wong sing ngomong karo Maria kuwi dudu tukang kebon. Dhèwèké tau dadi tukang kayu, guruné, terus dadi Gustiné Maria. Ning, Maria ora ngerti nèk kuwi Yésus, dhèwèké malah arep lunga. Maria ora sadhar nèk Yésus wis diuripké dadi makhluk roh. Yésus nemoni Maria nggunakké wujud manungsa. Ning, ora nggunakké badané sing wis dikorbanké. Sakwisé Yésus diuripké, murid-muridé ora ngenali dhèwèké.​—Lukas 24:13-16; Yohanes 21:4.

Apa sing ditindakké Yésus bèn Maria isa ngenali dhèwèké? Wektu kuwi Yésus kandha, ”Maria!” Saka carané ngomong, Maria dadi ngerti nèk wong kuwi Yésus. Terus, Maria nolèh lan kandha karo Yésus nganggo basa Ibrani, ”Rabuni!” Jebulé, wong kuwi Yésus, Guru sing paling dhèwèké sayangi. Maria seneng banget. Saking senengé, Maria nganti nyekeli Yésus lan ora dieculké.​—Yohanes 20:16.

Yésus ngerti apa sing dipikirké Maria. Nganggo cara sing ramah, dhèwèké ngeculké tangané Maria lan kandha, ”Aja nggondhèli aku terus, merga aku durung lunga marang Bapak.” Wektu kuwi, Yésus durung arep munggah swarga merga dhèwèké isih nduwé tugas ing bumi. Yésus njaluk bantuané Maria. Maria mesthi ngrungokké tenanan wektu Yésus kandha, ”Lungaa marang sedulur-sedulurku lan kandhanana wong-wong kuwi nèk aku bakal lunga marang Bapakku lan Bapakmu, marang Gusti Allahku lan Gusti Allahmu.”​—Yohanes 20:17.

Kuwi tugas sing istiméwa. Maria termasuk salah siji murid sing pertama ndelok Yésus diuripké. Terus, Maria ya diwènèhi tugas kanggo nyampèkké kabar iki marang wong-wong liyané. Bayangna, Maria mesthi semangat banget wektu arep ketemu para murid liyané. Pas ketemu para murid liyané, dhèwèké kandha, ”Aku wis ndelok Gusti.” Terus, Maria nyritakké kabèh sing diomongké Yésus. (Yohanes 20:18) Ceritané Maria kuwi dadi katrangan pelengkap saka ceritané wong-wong wédok liya sing dirungokké para murid.​—Lukas 24:1-3, 10.

”Aku wis ndelok Gusti!”

”Para Rasul lan Murid-Murid Liyané Ora Percaya Critané Para Wong Wadon Kuwi”

Piyé tanggepané para rasul? Awalé, ”para rasul lan murid-murid liyané ora percaya critané para wong wadon kuwi, lan nganggep nèk kuwi mung digawé-gawé”. (Lukas 24:11) Para murid isa mikir kaya ngono merga kepengaruh karo tradhisi wektu kuwi. Biasané wong-wong ora percaya karo omongané wong-wong wédok. Malah, wong-wong wédok ya ora éntuk dadi saksi ing pengadilan. Ning, Yéhuwah lan Yésus ora nduwé cara mikir kaya ngono. Yéhuwah lan Yésus bener-bener ngajèni Maria sing imané kuwat.

Maria ora apa-apa ora dipercaya wong-wong kuwi. Kanggoné Maria, sing penting Yésus percaya karo dhèwèké. Saiki, kabèh pengikuté Yésus ya dipercaya kanggo martakké ”kabar apik bab Kratoné Allah”. (Lukas 8:1) Yésus ora mènèhi jaminan nèk murid-muridé bakal diajèni lan dipercaya. Malah, Yésus kandha nèk para muridé bakal dianiaya. (Yohanes 15:20, 21) Senajan para murid ora percaya karo Maria, ning Maria tetep semangat martakké nèk Yésus wis diuripké. Dadi, wong-wong Kristen saiki isa niru contoné Maria Magdaléna.

Ora suwé sakwisé kuwi, Yésus nemoni para rasul lan para murid sing liyané. Malah, Yésus ya tau nemoni luwih saka 500 muridé sing lagi kumpul. (1 Korintus 15:3-8) Imané Maria dadi tambah kuwat wektu ndelok lan krungu nèk Yésus nemoni murid-muridé. Mungkin Maria salah siji wong wédok sing diurapi roh suci ing dina Péntakosta.​—Kisah 1:14, 15; 2:1-4.

Saka apa sing wis dirembug, awaké dhéwé isa yakin nèk Maria terus setya nganti mati. Muga-muga awaké dhéwé nduwé tékad sing padha. Kaya Maria, awaké dhéwé ya kudu nduduhké rasa syukur kanggo kabèh sing wis Yésus tindakké. Awaké dhéwé ya kudu mbantu para sedulur sing mbutuhké lan nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah.

^ par. 12 Maria mesthi wis lunga wektu malaékat ngandhani wong-wong wédok nèk Yésus wis diuripké. Nèk wektu kuwi Maria isih ana ing kono, mesthi dhèwèké bakal nyritakké kuwi marang Pétrus lan Yohanes.​—Matius 28:2-4; Markus 16:1-8.