Langsung mlebu

Kena Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Mèlu Perang?

Kena Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Mèlu Perang?

 Seksi-Seksi Yéhuwah ora mèlu perang merga alesan-alesan iki:

  1.   Menaati Allah. Alkitab mengatakan bahwa hamba-hamba Allah akan ”menempa pedang-pedang mereka menjadi mata bajak” dan ”tidak akan belajar perang lagi”.—Yesaya 2:4.

  2.   Manut karo Yésus. Yésus wis tau ngomong karo Rasul Pétrus, ”Pedhangmu warangkakna [lebokna], awit wong kang olah pedhang, bakal tiwas déning pedhang.” (Matéus 26:52) Kuwi nduduhaké yèn murid-muridé Yésus ora olèh mèlu perang.

     Murid-muridé Yésus ”boten saking jagad”, mula ora ngupaya mèlu urusan politik. (Yokanan 17:16) Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah ora nglarang kagiyatan militèr utawa ngalang-ngalangi wong sing arep dadi tentara.

  3.   Nresnani wong liya. Yésus kandha marang murid-muridé supaya padha ”tresna-tinresnan”. (Yokanan 13:34, 35) Mula, kabèh muridé sakdonya dadi sedulur lan ora ana sing gelem perang nglawan sedulur-seduluré.—1 Yokanan 3:10-12.

  4.   Niru wong-wong Kristen abad kapisan. Encyclopedia of Religion and War kandha yèn ”murid-muridé Yésus abad kapisan ora gelem mèlu perang lan dadi tentara” merga ngerti yèn tumindak ngono kuwi ”ora manut karo tuntunané Yésus bab nresnani wong liya lan nresnani mungsuhé”. Semono uga, ahli agama saka Jerman, Peter Meinhold kandha yèn kanggoné wong Kristen abad kapisan, ”dadi wong Kristen ning iya dadi tentara kuwi ora cocog”.

Manut karo pamréntah

 Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi rakyat sing manut lan ora mbebayani kanggo negarané. Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni pamréntah kaya sing dikandhakaké ayat ing ngisor iki:

  •   ”Sumuyuda [manuta] marang pangwasa kang mbawahaké.”—Rum 13:1.

  •   ”Caosna marang Kaisar apa sing dadi haké Kaisar, lan aturna marang Gusti Allah apa sing dadi kagungané Gusti Allah.”—Matéus 22:21, Basa Jawi Padintenan.

 Dadi, Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo hukum, mbayar pajeg, lan ndhukung upayané pamréntah bèn rakyaté ayem tentrem.