Langsung mlebu

Apa sing Dialami Seksi-Seksi Yéhuwah pas Peristiwa Holocaust?

Apa sing Dialami Seksi-Seksi Yéhuwah pas Peristiwa Holocaust?

 Ing Jerman lan negara-negara sing dikuwasani Nazi, ana kira-kira 35.000 Seksi Yéhuwah. Pas peristiwa Holocaust (peristiwa Nazi matèni akèh wong), ana kira-kira 1.500 Seksi Yéhuwah sing dipatèni. Ora kabèh penyebab kematiané jelas, mula nganti saiki isih ditliti bèn ngerti pasti jumlah korbané lan penyebabé.

 Matiné merga apa?

  • Guillotine sing dienggo Nazi

      Dihukum mati: Ing Jerman lan negara-negara sing dikuwasani Nazi, ana kira-kira 400 Seksi Yéhuwah sing dihukum mati. Akèh-akèhé diadili, dikèki hukuman mati, lan akhiré dipenggal. Tapi ya ana sing ditémbak utawa digantung padahal ora diadili.

  •   Keadaané para tahanan parah banget: Luwih saka 1.000 Seksi Yéhuwah mati ing kamp konsèntrasi lan ing penjara. Meréka dikon kerja paksa nganti mati, disiksa, kelaparan, kadhemen, lara, lan ora diobati. Saking parahé, bahkan sakwisé dibébaské akèh sing mati.

  •   Penyebab liyané: Beberapa Seksi Yéhuwah mati merga dilebokké ing ruangan sing isiné gas beracun. Sing liyané mati merga dadi bahan uji coba mèdis utawa disuntik mati.

 Ngapa kok disiksa?

 Seksi-Seksi Yéhuwah disiksa merga ngetrapké ajaran ing Alkitab. Wektu Nazi ngekèki préntah sing ora sesuai karo pathokan ing Alkitab, Seksi Yéhuwah ora gelem manut. Meréka luwih manut ”Gusti Allah dudu manungsa”. (Kisah 5:​29) Ana loro alesan meréka disiksa:

  1.   Ora mèlu-mèlu urusan politik. Kaya Seksi Yéhuwah jaman saiki, Seksi Yéhuwah jamané Nazi mbiyèn ya ora mèlu-mèlu urusan politik. (Yohanes 18:36) Makané meréka ora gelem:

  2.   Tetep setya karo Gusti Allah. Meskipun dilarang, tapi Seksi-Seksi Yéhuwah terus:

    •   Ndonga lan ngibadah bareng.​—Ibrani 10:24, 25.

    •   Nginjil lan mbagèkké wacan sing dhasaré Alkitab.​—Matius 28:19, 20.

    •   Apikan karo kabèh wong, termasuk karo wong Yahudi.​—Markus 12:31.

    •   Setya karo Gusti Allah lan ora gelem tanda tangan surat pernyataan nèk ora dadi Seksi Yéhuwah manèh.​—Markus 12:30.

 Profesor Robert Gerwarth ngomong nèk ”selama Nazi mréntah, mung Seksi-Seksi Yéhuwah sing dianiaya merga kepercayaané”. a Tahanan liyané sing ya dipenjara bareng karo Seksi Yéhuwah ngomong nèk Seksi Yéhuwah imané kuwat. Misalé, wong lanang saka Austria sing mbiyèn tau dipenjara ngomong, ”Seksi Yéhuwah ora gelem mèlu perang, meréka luwih milih dipatèni daripada matèni wong liya.”

 Matiné ing endi?

  •   Kamp konsèntrasi: Akèh-akèhé Seksi Yéhuwah mati ing kamp konsèntrasi. Meréka dilebokké ing kamp konsèntrasi misalé ing Auschwitz, Buchenwald, Dachau, Flossenbürg, Mauthausen, Neuengamme, Niederhagen, Ravensbrück, lan Sachsenhausen. Ing Sachsenhausen ana kira-kira 200 Seksi Yéhuwah sing mati.

  •   Penjara: Beberapa Seksi Yéhuwah disiksa nganti mati ing penjara. Sing liyané mati merga disiksa pas diinterogasi.

  •   Panggonan hukuman mati: Akèh Seksi Yéhuwah dihukum mati ing penjara Berlin-Plötzensee, Brandenburg, lan Halle/Saale. Terus ana sing dihukum mati ing 70 panggonan liyané.

 Beberapa Seksi Yéhuwah sing dihukum mati

  •  Jeneng: Helene Gotthold

     Panggonan hukuman mati: Plötzensee (Berlin)

     Helene sing nduwé anak loro wis beberapa kali ditahan. Taun 1937 pas diinterogasi, dhèwèké disiksa nganti keguguran. Tanggal 8 Desember 1944, dhèwèké dipenggal nganggo guillotine ing penjara Plötzensee, Berlin.

  •  Jeneng: Gerhard Liebold

     Panggonan hukuman mati: Brandenburg

     Tanggal 6 Mei 1943, Gerhard sing umuré 20 taun dipenggal. Rong taun sakdurungé, bapaké ya dipenggal ing penjara sing padha. Sakdurungé dipatèni, Gerhard nulis surat kanggo keluarga lan tunangané, ”Nèk ora éntuk kekuwatan saka Yéhuwah, aku ora bakal sanggup ngadhepi iki.”

  •  Jeneng: Rudolf Auschner

     Panggonan hukuman mati: Halle/Saale

     Rudolf dipenggal tanggal 22 September 1944 pas umuré 17 taun. Ing surat terakhiré kanggo ibuké, dhèwèké nulis, ”Akèh sedulur sing nduwé iman lan tetep setya. Aku ya péngin kaya ngono.”

a Hitler’s Hangman: The Life of Heydrich, halaman 105.