Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Éntuk Manfaat Merga Ngerti Gusti Allah Perduli

Éntuk Manfaat Merga Ngerti Gusti Allah Perduli

Badané manungsa wis dirancang Gusti Allah bèn isa nambani awaké dhéwé. Wektu awaké manungsa luka, ana ”prosès rumit sing dirancang kanggo nambani luka sing gedhé utawa sing cilik”. (Johns Hopkins Medicine) Badané manungsa isa langsung ngendhegké pendarahan, nambani luka, lan nguwatké jaringan-jaringan.

COBA DIPIKIR: Gusti Allah wis ngrancang tubuhé manungsa isa nambani luka fisik. Mula, kita isa percaya karo janjiné ing kitab Jabur, ”Gusti Allah nambani wong sing remuk atiné, padha dibalut lukané.” (Jabur 147:3, NW) Ning, nèk ana pengalaman sing nggawé panjenengan trauma, piyé panjenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal nambani lukané panjenengan?

APA KANDHANÉ ALKITAB?

Gusti Allah janji, ”Sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakaké, malah bakal mitulungi sira.” (Yésaya 41:10) Nèk kita ngerti Yéhuwah perduli, kuwi isa nggawé kita dadi ayem lan éntuk kekuwatan kanggo ngadhepi akèh masalah. Rasul Paulus kandha, ”Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ora isa dipahami manungsa.” Dhèwèké uga kandha, ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé merga Gusti Allah sing maringi aku kuwasa.”​—Filipi 4:4-7, 9, 13.

Alkitab isa mbantu kita nguwatké iman marang janji-janjiné Yéhuwah kanggo manungsa. Contoné, Wahyu 21:4, 5 ngandhani kita apa sing bakal Gusti Allah tindakké lan apa sebabé kita isa percaya kuwi:

  • Gusti Allah ”bakal ngusapi sakèhé luh” saka mripaté wong-wong. Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh kasusahan lan kekuwatirané manungsa, senajan kuwi kétoké ora penting kanggo wong liya.

  • Yéhuwah, ”Pribadi sing lungguh ing tahta” swarga, bakal nggunakké kuwasané lan wewenangé kanggo nyingkirké kabèh kasusahan lan mbantu kita.

  • Yéhuwah njamin nèk janji-janjiné ”bener lan isa dipercaya”, merga Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing sejati, sing kabèh janjiné mesthi kelakon.

”’Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi. Lan pati ora bakal ana manèh. Kasusahan, tangisan, lan rasa lara uga ora bakal ana manèh. Perkara-perkara sing mbiyèn kelakon wis ora ana manèh.’ Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi ngendika, ’Deloken! Aku nggawé kabèh dadi anyar.’ Panjenengané uga ngendika, ’Tulisen bab iki, merga tembung-tembung iki bener lan isa dipercaya.’”​—Wahyu 21:4, 5.

Kita isa sinau bab sipat-sipaté Gusti Allah liwat ciptaan lan Alkitab. Saka ciptaané, kita isa ngerti nèk kita isa dadi kancané Gusti Allah. Ning, ing Alkitab ana undangan langsung kanggo kita, ”Nyedhaka marang Gusti Allah, lan Panjenengané bakal nyedhak marang kowé.” (Yakobus 4:8) Sakliyané kuwi, buku Kisah 17:27 kandha, ”Gusti Allah ora adoh saka kita.”

Nèk saya kenal karo Gusti Allah, panjenengan bakal dadi saya yakin nèk Gusti Allah nggatèkké panjenengan. (1 Pétrus 5:7) Dadi, apa manfaaté kanggo kita?

Gatèkna pengalamané Toru saka Jepang. Ibuné Toru kuwi wong Kristen, ning Toru mèlu nggabung ing kelompok yakuza, Mafia Jepang. Toru crita, ”Aku percaya nèk Gusti Allah gething karo aku. Wong-wong sing cedhak karo aku, kususé sing tak tresnani, mati merga Gusti Allah ngukum aku.” Toru ngakoni nèk dhèwèké dadi wong sing ”ora nduwé perasaan lan welas asih” merga pengaruh saka lingkungané. Dhèwèké nduwé kepénginan sing kuwat, ”Aku péngin matèni wong sing terkenal, terus bar kuwi aku dhéwé péngin mati muda bèn dadi terkenal.”

Ning, sakwisé Toru lan bojoné, yaiku Hannah, sinau Alkitab, Toru nggawé owah-owahan sing gedhé ing uripé. Hannah kandha, ”Aku ndelok dhéwé nèk bojoku isa malih.” Saiki Toru dadi yakin nèk ana Gusti Allah sing bener-bener perduli. Toru kandha, ”Gusti Allah ora péngin ana wong sing mati, lan gelem ngapurani wong-wong sing tenanan mertobat. Gusti Allah gelem ngrungokké kabèh sing kita critakké, klebu bab-bab sing ora kita critakké marang wong liya lan sing ora dipahami karo wong liya. Sedhéla manèh Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh masalah, kasangsaran, lan kasusahan. Saiki waé Gusti Allah wis mbantu kita nganggo cara sing ora dinyana-nyana. Gusti Allah perduli karo kita lan gelem mbantu wektu kita lagi susah.”​—Jabur 136:23.

Pengalamané Toru mbantu kita ngerti nèk Gusti Allah isa lan bakal nyingkirké kabèh kasusahan ora suwé manèh. Kuwi isa dadi pangarep-arep sing nyenengké. Tapi, saiki waé kita uga isa ngrasakké urip bungah. Senajan donya iki kebak kasusahan, panjenengan isa éntuk manfaat merga ngerti nèk Gusti Allah perduli marang panjenengan.