Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

alfa27/stock.adobe.com

NAWAKKÉ UNDANGAN PERINGATAN

Yésus Bakal Nyingkirké Kejahatan

Yésus Bakal Nyingkirké Kejahatan

 Yésus tau ngrasa susah merga dijahati. Dhèwèké tau digebugi, difitnah, diadili nganggo cara sing ora adil, dihukum, lan dipatèni. Meskipun ora salah, Yésus réla ”masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh”. (Matius 20:28; Yohanes 15:13) Sedhéla manèh, Yésus sing wis dadi Raja Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah bumi nganggo cara sing adil lan nyingkirké kabèh kejahatan.—Yésaya 42:3.

 Piyé keadaané wektu Yésus mréntah bumi? Ing Alkitab ana keterangan:

  •   ”Wong sing jahat ora bakal ana manèh. Nèk mbok gatèkké panggonané, dhèwèké wis ora ana manèh ing kono. Tapi wong sing wataké alus bakal terus manggon ing bumi. Wong-wong kuwi bakal seneng merga ngrasa ayem banget.”—Mazmur 37:10, 11.

 Apa buktiné nèk awaké dhéwé menghargai Yésus lan pengorbanané? Ing Lukas 22:19, Yésus ngongkon murid-muridé kanggo ngéling-éling kematiané. Makané saben taun, Seksi-Seksi Yéhuwah ngumpul kanggo memperingati kematiané. Njenengan diundang kanggo teka ing Peringatan Kematiané Yésus dina Minggu, tanggal 24 Maret 2024.

Golèk Acara Peringatan