Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitu Saran Bèn Panganan Isa Tetep Séhat

Pitu Saran Bèn Panganan Isa Tetep Séhat

 Ngapa kudu mangan panganan sing séhat?

 Nèk mangan panganan sing séhat, awaké dhéwé isa dadi séhat. Tapi, nèk mangan panganan sing ora séhat, awaké dhéwé isa dadi lara. Kuwi kaya mobil sing diisi bènsin sing ora apik. Mungkin ora langsung rusak, tapi mesthi bakal rusak.​—Galatia 6:7.

 Ana laporan saka Organisasi Keséhatan Dunia (WHO) sing nyebutké nèk ”ing akèh negara ana akèh wong sing kurang gizi utawa malah kelemon”. Panganan lan minuman sing ora séhat isa nyebabké akèh penyakit, kaya jantung, stroke, diabètes, lan kanker. Menurut penelitian taun 2017, kira-kira ana 11 juta wong mati merga kurang gizi. Terus menurut laporan WHO, saben dina kira-kira ana luwih saka 1.000 wong sing mati merga mangan panganan sing ora séhat, lan ana atusan juta sing lara.

 Menurut Alkitab, Gusti Allah kuwi ”sing mènèhi urip”. (Mazmur 36:9) Makané, awaké dhéwé kudu njaga keséhatané awaké dhéwé lan keluarga. Piyé carané?

 Papat saran bèn panganan isa tetep séhat

 1. Kudu resikan.

 Kenapa? Nèk mangan panganan sing ana kumané, a awaké dhéwé isa lara.

 Saran saka para ahli keséhatan:

  •   Sakdurungé masak, cuci tangan sik nganggo sabun kira-kira 20 detik. b Aja lali punggung tangan, sela-sela jari, lan kukuné digosok, terus dibilas nganggo banyu, bar kuwi dikeringké.

  •   Kabèh peralatan masak kudu dicuci nganggo sabun. Nèk arep ngirisi panganan sing wis dimasak karo durung dimasak, talenané kudu béda.

  •   Sayuran lan buah-buahan kudu dicuci sik, apa manèh nèk kuwi asalé saka kebon sing disirami nganggo banyu sing tercemar.

 2. Bahan mentah kudu dipisahké saka sing mateng.

 Kenapa? Bahan mentah, kaya daging, biasané akèh kumané. Dadi nèk ora dipisah, panganan liyané isa kena kuman.

 Saran saka para ahli keséhatan:

  •   Bar blanja, bahan mentah, kaya daging, kudu dipisahké saka bahan liyané.

  •   Bar motong bahan mentah, kudu cuci tangan. Terus, pisau lan talenané ya kudu dicuci sakdurungé motong bahan liyané.

 3. Masaké kudu bener-bener mateng.

 Kenapa? Kuman isa mati nèk panganané njenengan bener-bener mateng.

 Saran saka para ahli keséhatan:

  •   Panganan kudu dimasak nganti bener-bener mateng. Panganan, termasuk daging, kudu dimasak ing suhu 70°C paling ora 30 detik.

  •   Nèk masak sing kuah-kuah kudu dimasak nganti mendidih.

  •   Nèk arep mangan, panganané kudu dinget sik.

 4. Panganané disimpen ing suhu sing cocog.

 Kenapa? Baktèri ing panganan isa tambah akèh nèk panganané disimpen ing suhu 5-60°C selama 20 menit. Nèk daging mentah ora disimpen ing kulkas, kuwi isa marahi penyakit merga ana baktèri sing ora isa ilang meskipun dagingé wis dimasak.

 Saran saka para ahli keséhatan:

  •   Panganan kudu disimpen ing suhu sing panas utawa dingin, bèn kumané ora tambah akèh.

  •   Nèk ora dilebokké kulkas, panganan mung isa tahan rong jam. Apa manèh nèk suhuné luwih saka 32°C, mung isa tahan sak jam.

  •   Aja nganti mangan masakan sing wis adhem.

 Telu saran bèn nduwé kebiasaan mangan sing séhat

 1. Mangan buah lan sayur saben dina.

 Buah lan sayur-sayuran kuwi isa nggawé awaké dhéwé séhat merga ana vitaminé, mineral, lan zat-zat liyané. Menurut WHO, awaké dhéwé butuh kira-kira 400 gram buah lan sayur saben dina. Kuwi ora termasuk umbi-umbian, kaya kentang lan singkong.

 2. Aja kakèhan mangan sing akèh lemak lan minyaké.

 Menurut WHO, aja kakèhan mangan goréngan lan makanan olahan merga kuwi biasané akèh lemaké. Ana minyak sing gampang membeku padahal ora dilebokké kulkas, dadi aja nganggo minyak sing kaya ngono soalé akèh lemaké.

 3. Aja kakèhan mangan sing akèh uyah karo gulané.

 Menurut WHO, saben dina wong déwasa aja nganti mangan luwih saka sak séndok tèh uyah lan rolas séndok tèh gula. c Panganan lan minuman olahan kuwi akèh banget gulané. Misalé, ing minuman kemasan sing ukurané 355 mililiter, kandungan gulané isa nganti 50 mililiter (10 séndok tèh). Mémang minuman kemasan kuwi akèh kaloriné, tapi kuwi ora ana giziné.

 Menurut Alkitab, ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya, ning wong sing ora nduwé pengalaman terus ana ing kono lan akhiré kena cilaka.” (Wulang Bebasan 22:3) Nèk awaké dhéwé berusaha mangan panganan sing séhat, kuwi bukti nèk awaké dhéwé menghargai kehidupan.

 Pendapaté wong​-​wong

 Sing salah: Nèk bentukané isih apik, ora mambu, lan rasané énak, berarti panganan kuwi isih isa dipangan.

 Sing bener: Sak liter banyu lagi kétok buthek nèk ing njeroné ana 10 milyar baktèri. Tapi, sakjané 15 nganti 20 baktèri waé isa nggawé awaké dhéwé lara. Dadi bèn panganané isa tetep séhat, awaké dhéwé kudu resikan. Pas masak, panganané kudu bener-bener mateng, terus nyimpené aja sembarangan.

 Sing salah: Nèk panganané wis dilaleri kuwi ora apa-apa.

 Sing bener: Laler kuwi mangan lan ngendhog ing panggonan sing reged, misalé telèk. Makané ing sikilé ana jutaan kuman sing isa nggawé lara. Bèn ora dirubung laler, panganan kudu ditutupi.

 Sing salah: ”Kèt mbiyèn aku wis mangan panganan sing ora séhat, dadi ora ana gunané aku mulai mangan panganan sing séhat saiki.”

 Sing bener: Menurut penelitian, nèk mangan panganan sing séhat, umuré isa luwih dawa. Nèk terus mangan panganan sing séhat, awaké dhéwé isa ngrasakké luwih akèh manfaat.

a Kuman kuwi cilik banget. Kuman kuwi termasuk baktèri, virus, lan parasit. Mémang ana baktèri sing bermanfaat, tapi ya ana sing isa nggawé awaké dhéwé lara utawa malah mati.

b Nèk cuci tangan nganggo sabun, isa luwih akèh matèni kuman.

c Iki termasuk gula pasir, madu, sirup, lan jus buah. Tapi kuwi ora termasuk gula sing ana ing buah-buahan, sayuran, lan susu.