Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Manfaat Tebusané Yésus

Manfaat Tebusané Yésus

 Saben taun, Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya manut préntahé Yésus kanggo memperingati kematiané. (Lukas 22:19) Seksi-Seksi Yéhuwah ya ngundang wong-wong kanggo mèlu memperingati kuwi. Nèk mèlu acara kuwi, awaké dhéwé dadi luwih menghargai pengorbanané Yésus. Awaké dhéwé ya ngerti apa manfaaté tebusané Yésus kanggo awaké dhéwé saiki lan ing masa depan.​—Yohanes 3:16.

 Bèn isa éntuk manfaat saka pengorbanané Yésus, carané ana loro:

  1.  1. Kenal karo Gusti Allah lan Yésus. Yésus tau ndonga, ”Bèn isa urip saklawasé, wong-wong kuwi kudu kenal karo Njenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati, lan kudu kenal karo Yésus Kristus sing Njenengan utus.”​—Yohanes 17:3.

  2.  2. Mraktèkké sing wis dipelajari. Yésus ngongkon awaké dhéwé mraktèkké ajarané. Misalé pas ceramah ing gunung, dhèwèké muji wong-wong sing ”ngrungokké lan nindakké omongané [Yésus]”. (Lukas 6:46-48) Terus Yésus ya tau ngomong, ”Kowé wis ngerti soal iki, ning kowé bakal bahagia nèk kuwi mbok tindakké.”​—Yohanes 13:17.

 Apa njenengan péngin luwih kenal karo Gusti Allah lan Yésus? Apa njenengan péngin ngerti carané mraktèkké sing wis dipelajari? Iki cara-carané:

Sinau Alkitab

 Akèh wong sing sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah dadi ngerti isiné Alkitab lan ngerti carané mraktèkké.

  •   Sinauné kaya apa? Deloken bagéan Sinau Alkitab.

  •   Deloken vidéo Pengantar kanggo Sinau Alkitab.

Pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah

 Seksi-Seksi Yéhuwah ngibadah ing Balai Ibadah saben minggu ping loro. Pas ngibadah, sing dibahas isiné Alkitab lan carané mraktèkké.

 Acarané kanggo umum, sapa waé éntuk teka. Njenengan isa teka langsung ing Balai Ibadah utawa liwat Zoom.

  •   Deloken vidéo Ana Acara Apa Waé ing Balai Ibadah?

Artikel lan vidéo

 Ing situs jw.org ana akèh artikel lan vidéo sing isiné soal ajarané Yésus lan manfaat tebusané Yésus.

 Misalé artikel ”Piyé Carané Yésus Nylametké Awaké Dhéwé?”, artikel ”Apa Sebabé Yésus Sengsara lan Séda?”, lan vidéo Ngapa Yésus Kudu Mati?