Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Maremagnum/Corbis Documentary via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Apa Armagédon Bakal Kelakon ing Israèl?

Apa Armagédon Bakal Kelakon ing Israèl?

 Menurut Alkitab, Armagédon dudu perang sing kelakon ing dhaérah tertentu, tapi kuwi perang sing bakal kelakon sak donya. Pas perang kuwi pamréntahané manungsa bakal nglawan Gusti Allah.

  •   ”Omongan telu kuwi asalé saka roh-roh jahat lan . . . omongan kuwi dirungokké karo raja-raja ing bumi, lan kuwi nyebabké raja-raja kuwi ngumpul ing perang sing bakal kelakon ing dinané Gusti Allah sing Mahakuwasa. Terus, raja-raja kuwi diklumpukké ing panggonan sing ing basa Ibrani disebut Armagédon.”—Wahyu 16:14, 16.

 Kata ”Armagédon” asalé saka basa Ibrani Har Meghiddohn, sing artiné ”Gunung Mégido”. Mégido kuwi jeneng salah siji kutha ing Israèl. Merga kuwi, ana beberapa wong sing percaya nèk Armagédon bakal kelakon ing Israèl. Tapi sakjané, dhaérah Mégido utawa dhaérah-dhaérah liyané ing Timur Tengah ora cukup dienggo nglumpukké ”raja-raja ing bumi” lan pasukané.

 Isiné buku Wahyu akèh-akèhé mung ”lambang” utawa gambaran. (Wahyu 1:1) Dadi, sing dimaksud Armagédon kuwi dudu panggonan tertentu ing bumi. Tapi, kuwi maksudé perang antarané pamréntahané manungsa nglawan pamréntahané Gusti Allah.—Wahyu 19:11-16, 19-21.