Langsung mlebu

Armagédon Kuwi Apa?

Armagédon Kuwi Apa?

Jawaban ing Alkitab

 Armagédon kuwi perang antara pamréntahané manungsa karo Gusti Allah. Pamréntahané manungsa lan para pendhukungé ora gelem manut karo Gusti Allah. (Mazmur 2:2) Mula, pamréntahané manungsa bakal disingkirké pas Armagédon.​—Danièl 2:​44.

 Kata ”Armagédon” mung muncul ping pisan ing Alkitab, yaiku ing Wahyu 16:16. Ing buku Wahyu disebutké soal ”panggonan sing ing basa Ibrani disebut Armagédon”. Ing kana ”raja-raja ing bumi” bakal ”ngumpul ing perang sing bakal kelakon ing dinané Gusti Allah sing Mahakuwasa”.​—Wahyu 16:14.

 Sing bakal perang pas Armagédon sapa? Yésus bakal mimpin pasukan ing swarga kanggo nyingkirké mungsuh-mungsuhé Gusti Allah. (Wahyu 19:11-​16, 19-​21) Sing dimaksud mungsuh-mungsuhé Gusti Allah yaiku, kabèh sing ora gelem manut lan ngrèmèhké Gusti Allah.​—Yèhèzkièl 39:7.

 Apa perang Armagédon kuwi ing Timur Tengah? Ora. Perang Armagédon kuwi dudu ing wilayah tertentu, tapi ing kabèh wilayah ing bumi.​—Yérémia 25:32-​34; Yèhèzkièl 39:17-​20.

 Armagédon kadhang ya disebut ”Har–​Magedon” (Basa Ibraniné Har Meghiddohnʹ), sing artiné ”Gunung Mégido”. Mégido kuwi kutha ing Israèl. Mbiyèn ana akèh sing perang ing kana, beberapa ya dicathet ing Alkitab. (Para Hakim 5:​19, 20; 2 Raja 9:​27; 23:29) Tapi, ing dhaérah Mégido kuwi ora ana gunung sing gedhé. Terus, dataran rendah Yizréèl sing ana ing cedhak kana ya ora cukup nèk dienggo perangé Gusti Allah sukmbèn. Kuwi berarti sing dimaksud Armagédon kuwi dudu bener-bener dhaérah Mégido. Armagédon kuwi maksudé perang antara bangsa-bangsa nglawan Gusti Allah.

 Pas Armagédon mengko keadaané piyé? Sukmbèn, Gusti Allah isa waé nggunakké udan ès, gempa bumi, udan deres, geni lan belérang, kilat, lan penyakit kanggo nyingkirké mungsuh-mungsuhé. (Ayub 38:22, 23; Yèhèzkièl 38:19, 22; Habakuk 3:​10, 11; Zakharia 14:12) Mengko keadaané bakal kacau banget, nganti mungsuh-mungsuhé Gusti Allah ana sing patèn-patènan. Akhiré wong-wong kuwi ngerti nèk sing dilawan kuwi Gusti Allah.​—Yèhèzkièl 38:21, 23; Zakharia 14:13.

 Pas Armagédon apa bumi bakal dihancurké? Bumi ora bakal dihancurké pas Armagédon mengko, soalé bumi bakal dienggoni manungsa saklawasé. (Mazmur 37:29; 96:10; Pengkhotbah 1:4) Pas Armagédon, ora kabèh wong dipatèni, merga ana ”kumpulan gedhé” sing bakal dislametké Gusti Allah.​—Wahyu 7:​9, 14; Mazmur 37:34.

 Ing Alkitab, kata ”donya” ya isa berarti wong-wong jahat sing nglawan Gusti Allah. (1 Yohanes 2:​15-​17) Dadi pas Armagédon donya bakal disingkirké.​—Matius 24:3.

 Armagédon kuwi kapan? Armagédon bakal kelakon ing akhir ”sengsara gedhé”. Tapi Yésus ngomong, ”Soal dina lan jamé, ora ana sing ngerti. Malaékat-malaékat ing swarga ora ngerti. Anak ya ora ngerti. Sing ngerti mung Bapak.” (Matius 24:21, 36) Menurut Alkitab, Armagédon bakal kelakon selama Yésus teka, sing dimulai taun 1914.​—Matius 24:37-​39.