Langsung mlebu

Sapa sing Nguwasani Donya Iki?

Sapa sing Nguwasani Donya Iki?

Apa . . .

  • Gusti Allah?

  • manungsa?

  • liyané?

ALKITAB KANDHA

”Donya iki dikuwasani Sétan.”—1 Yohanes 5:19, Terjemahan Donya Anyar.

”Anaké Gusti Allah teka kanggo nyingkirké kabèh tumindaké Iblis.”—1 Yohanes 3:8.

MANFAATÉ NGERTI SOAL KUWI

Liwat Alkitab, njenengan isa

ngerti ngapa kok ana akèh masalah ing donya (Wahyu 12:12),

nduwé harapan nèk donya iki bakal dadi luwih apik (1 Yohanes 2:17).

SING DITULIS ING ALKITAB ISA DIPERCAYA

Ana telung alesan nèk donya iki bakal dadi luwih apik:

  • Sétan ora bakal nguwasani donya iki manèh. Gusti Allah Yéhuwah mesthi bakal ’nyingkirké Iblis’ lan nggawé donya sing wis dirusak Sétan iki dadi luwih apik.​—Ibrani 2:14.

  • Gusti Allah wis milih Yésus kanggo mréntah donya. Ora kaya Sétan, Yésus mesthi bakal apikan lan perduli wektu mréntah. Gusti Allah janji nèk Yésus bakal ”mesakké karo wong cilik lan wong mlarat . . . Dhèwèké bakal nylametké wong-wong kuwi saka wong sing nindhes lan wong sing jahat”.​—Mazmur 72:13, 14.

  • Gusti Allah ora mungkin ngapusi. Alkitab kandha, ”Gusti Allah ora isa ngapusi.” (Ibrani 6:18) Nèk Yéhuwah wis janji mesthi bakal ditepati. (Yésaya 55:10, 11) ”Dhèwèké bakal ngusir penguasa donya iki.”​—Yohanes 12:31.

KANGGO DIPIKIRKÉ

Kaya apa donya iki sakwisé Sétan disingkirké?

Jawabané ana ing MAZMUR 37:10, 11 lan WAHYU 21:3, 4.