Langsung mlebu

Apa Iblis Kuwi Bener-Bener Ana?

Apa Iblis Kuwi Bener-Bener Ana?

Jawaban ing Alkitab

 Iblis kuwi ”penguasa donya iki”. Dhèwèké malaékat sing dadi jahat lan mbrontak nglawan Gusti Allah. (Yohanes 14:30; Éfésus 6:11, 12) Ing Alkitab, ana beberapa sebutan kanggo Iblis. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé ngerti Iblis kuwi kaya apa:

Dudu sifat jahat

 Ana sing nganggep nèk Sétan si Iblis kuwi mung sifat jahaté manungsa. Tapi, ing Alkitab dicritakké nèk Gusti Allah omong-omongan karo Sétan padahal Gusti Allah kuwi sempurna lan ora nduwé sifat jahat. Dadi ora mungkin nèk Gusti Allah omong-omongan karo sifat jahaté. (Pangandharing Torèt 32:4; Ayub 2:1-6) Terus, Sétan ya nggodha Yésus padahal Yésus ora nduwé dosa. (Matius 4:8-10; 1 Yohanes 3:5) Dadi, menurut Alkitab Iblis kuwi bener-bener ana.

 Awaké dhéwé ora perlu kagèt nèk wong-wong nganggep Iblis kuwi ora ana. Soalé ing Alkitab disebutké nèk Sétan ngapusi wong-wong bèn sing dikarepké isa kelakon. (2 Tésalonika 2:9, 10) Salah sijiné, Sétan nggawé wong-wong percaya nèk dhèwèké kuwi ora ana.​—2 Korintus 4:4.

Pendapat liyané soal Iblis

  Sing salah: Iblis ya disebut Lusifer.

 Sing bener: Ing beberapa Alkitab, kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”Lusifer” artiné ”bersinar”. (Yésaya 14:12) Kuwi digunakké kanggo nyebut raja-raja Babilon sing sombong sing digawé isin karo Gusti Allah. (Yésaya 14:4, 13-20) Sakwisé Babilon dikalahké, sebutan sing ”bersinar” digunakké kanggo ngécé raja-raja Babilon.

  Sing salah: Sétan digunakké Gusti Allah kanggo ”nguji manungsa”.

 Sing bener: Iblis kuwi mungsuhé Gusti Allah. Dadi, Gusti Allah ora mungkin nggunakké Iblis. Malah, Sétan si Iblis nentang lan mitnah wong-wong sing nglayani Gusti Allah.​—1 Pétrus 5:8; Wahyu 12:10.