Langsung mlebu

Apa Kesusahan Bakal Ana Terus?

Apa Kesusahan Bakal Ana Terus?

Nurut njenengan . . .

  • iya

  • ora

  • ora ngerti

ALKITAB KANDHA

”Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara.”​—Wahyu 21:3, 4, Terjemahan Donya Anyar.

MANFAATÉ NGERTI SOAL KUWI

Janji iki isa nggawé njenengan

ngerti nèk kabèh kesusahan asalé dudu saka Gusti Allah (Yakobus 1:13),

ngrasa ayem merga ngerti nèk Gusti Allah ya ngrasakké kesusahané njenengan (Zakharia 2:8),

nduwé harapan nèk kabèh kesusahan bakal ora ana manèh (Mazmur 37:9-11).

SING DITULIS ING ALKITAB ISA DIPERCAYA

Alesané ana loro:

  • Gusti Allah ora seneng ndelok njenengan susah lan ngalami sing ora adil. Mbiyèn, wektu umaté Yéhuwah ditindhes lan dianiaya, Alkitab kandha nèk Yéhuwah ”ngrasa mesakké” karo wong-wong kuwi.​—Para Hakim 2:18.

    Gusti Allah sengit karo wong sing nglarani wong liya. Contoné, Alkitab kandha nèk Gusti Allah bener-bener sengit karo wong sing ”matèni wong sing ora salah”.​—Wulang Bebasan 6:16, 17.

  • Gusti Allah nggatèkké saben wong. Yéhuwah isa ngrasakké kesusahané saben wong.​—2 Babad 6:29, 30.

    Ora suwé manèh, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh kesusahan. Kuwi bakal kelakon pas kerajaané mréntah. Ning saiki, Yéhuwah ya isa menghibur wong-wong sing péngin cedhak karo Dhèwèké.​—Kisah 17:27; 2 Korintus 1:3, 4.

KANGGO DIPIKIRKÉ

Ngapa kok kesusahan isih ana nganti saiki?

Jawabané ana ing ROMA 5:12 lan 2 PÉTRUS 3:9.