Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 03

Ngapa Kok Percaya Nèk Isiné Alkitab Bener?

Ngapa Kok Percaya Nèk Isiné Alkitab Bener?

Ing Alkitab ana akèh janji lan saran-saran sing bermanfaat. Mungkin njenengan péngin ngerti isiné Alkitab, tapi ya ragu-ragu isiné bener apa ora. Apa njenengan percaya nèk janji sing ditulis ing Alkitab mesthi kelakon lan saran-sarané ana manfaaté? Apa njenengan ya percaya karo janji nèk manungsa isa bahagia saiki lan saklawasé? Akèh sing percaya. Ayo ndelok buktiné bèn njenengan ya isa percaya.

1. Apa isiné Alkitab bener?

Kata-kata ing Alkitab kuwi ”bener”. (Pengkhotbah 12:10) Peristiwa sing ditulis ing Alkitab kuwi bener-bener kelakon lan wongé ya ana tenan. (Wacanen Lukas 1:3; 3:​1, 2.) Para peneliti sejarah lan peneliti barang-barang kuna wis nemokké bukti nèk peristiwa, wektu, wong, lan panggonan sing ditulis ing Alkitab mémang ana tenan.

2. Apa isiné Alkitab isih ana manfaaté?

Ing Alkitab ana akèh keterangan sing durung dingertèni wong-wong pas jamané Alkitab ditulis, misalé soal ilmu pengetahuan. Wektu kuwi, wong-wong ora setuju karo isiné Alkitab, tapi ternyata kuwi bener merga saiki wis ana akèh buktiné. Dadi, isiné Alkitab ”isa diendelké nganti saklawasé”.​—Mazmur 111:8.

3. Apa ramalan ing Alkitab isa dipercaya?

Ing Alkitab ana akèh ramalan soal peristiwa ”sing durung kelakon”. (Yésaya 46:10) Ramalané bener-bener dadi kenyataan padahal kuwi ditulis suwé sakdurungé. Keadaan jaman saiki ya wis diramalké ing Alkitab. Ing pelajaran iki, ana conto ramalan ing Alkitab sing wis kelakon tenan.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan nèk isiné Alkitab cocog karo ilmu pengetahuan lan ana keterangan nèk ramalan ing Alkitab kelakon tenan.

4. Alkitab cocog karo ilmu pengetahuan

Mbiyèn wong percaya nèk bumi kuwi ana sing nyangga. Setèlen VIDÉONÉ.

Wacanen keterangan sing ditulis ing buku Ayub kira-kira 3.500 taun mbiyèn. Wacanen Ayub 26:​7, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Apa buktiné nèk keterangan soal bumi digantung ”tanpa canthèlan” cocog karo ilmu pengetahuan?

Nganti taun 1800-an durung ana sing ngerti soal siklus air, tapi ing Alkitab kuwi wis disebutké suwé sakdurungé. Wacanen Ayub 36:​27, 28, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa pendapaté njenengan pas maca keterangané Alkitab soal siklus air?

  • Bar maca ayat kuwi, apa njenengan dadi tambah percaya karo isiné Alkitab?

5. Ramalan sing wis kelakon

Wacanen Yésaya 44:27–​45:​2, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ana ramalan apa 200 taun sakdurungé Babilon dihancurké?

Ana bukti nèk Raja Korès saka Pèrsia karo pasukané ngalahké Babilon taun 539 SM. a Kali ing Babilon diasatké, terus Korès karo pasukané mlebu kutha merga gerbangé ora ditutup. Babilon isa langsung dikalahké merga wong-wongé ora nglawan. Wis luwih saka 2.500 taun iki Babilon mung tinggal runtuhané. Deloken ramalan soal kuwi.

Wacanen Yésaya 13:​19, 20, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé ramalan soal Babilon akhiré kelakon tenan?

Runtuhané Babilon ing dhaérah sing saiki disebut Irak

6. Ramalan sing saiki kelakon

Menurut Alkitab, saiki awaké dhéwé ana ing ”akhir jaman”. (2 Timotius 3:1) Deloken ramalan soal kuwi.

Wacanen Matius 24:​6, 7, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut ayat kuwi, piyé keadaan akhir jaman?

Wacanen 2 Timotius 3:​1-5, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Menurut ayat kuwi, piyé sifaté wong-wong ing akhir jaman?

  • Menurut njenengan, sifaté wong-wong saiki kaya sifat sing endi?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Alkitab kuwi mung karangané manungsa.”

  • Menurut njenengan, apa buktiné nèk isiné Alkitab bener?

KESIMPULAN

Isiné Alkitab kuwi bener merga cocog karo sejarah lan ilmu pengetahuan. Akèh ramalané ya wis kelakon.

Jawaben

  • Apa isiné Alkitab bener?

  • Apa waé buktiné nèk isiné Alkitab cocog karo ilmu pengetahuan?

  • Menurut njenengan, apa ing Alkitab ana ramalan soal masa depan? Lha ngapa?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Apa keterangan ing Alkitab soal ilmu pengetahuan kuwi bener?

”Apa Isiné Alkitab Cocog karo Ilmu Pengetahuan?” (Artikel ing jw.org)

Apa waé sing bakal kelakon pas ”akhir jaman”?

”6 Ramalan ing Alkitab sing Saiki Kelakon” (Warta Penting 1 Mei 2011)

Critakna ramalan sing kelakon soal Kerajaan Yunani.

Tambah Kuwat Merga Ramalan Alkitab (5:​22)

Wacanen pengalamané wong sing akhiré gelem sinau Alkitab merga ngerti nèk ramalan ing Alkitab kelakon tenan.

”Kanggoku, Gusti Allah Kuwi Ora Ana” (Warta Penting No. 5 2017)

a SM kuwi singkatan saka ”Sakdurungé Masèhi”, lan M kuwi singkatan saka ”Masèhi”.