Langsung mlebu

Nèk Ndonga, Apa Kudu Nganggo Doa Bapa Kami?

Nèk Ndonga, Apa Kudu Nganggo Doa Bapa Kami?

Jawaban ing Alkitab

 Murid-muridé Yésus tau ngomong karo Yésus, ”Tulung aku ya diajari carané ndonga.” (Lukas 11:1) Terus Yésus ngekèki conto donga sing disebut Doa Bapa Kami. Saka conto donga kuwi awaké dhéwé isa ngerti piyé carané ndonga, lan wektu ndonga kuduné ngomongké apa waé. a Tapi, Doa Bapa Kami kuwi mung conto.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Apa isiné Doa Bapa Kami?

 Doa Bapa Kami ditulis ing Matius 6:9-13. Kata-katané ora persis padha tergantung karo terjemahané. Contoné iki:

 Terjemahan Donya Anyar: ”Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu disucèkké. Muga-muga Kerajaan-Mu teka, lan sing Njenengan karepké muga-muga kelakon ing bumi kaya ing swarga. Wènèhana aku panganan sing tak butuhké dina iki, lan tulung dosa-dosaku diapura kaya aku wis ngapura wong sing dosa marang aku. Tulungi aku bèn ora nyerah wektu digodha, lan slametna aku saka Iblis.”

 Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi-LAI: ”Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, asma Paduka mugi kasucèkaken. Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga. Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdéné kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa déné kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon.” b

 Apa artiné Doa Bapa Kami?

 Ajarané Yésus mesthi cocog karo kabèh isiné Alkitab. Dadi, nèk mèh ngerti artiné Doa Bapa Kami, kudu ndelok ing ayat-ayat liyané.

”Bapakku sing ana ing swarga”

 Gusti Allah sing nyiptakké awaké dhéwé. Makané, Dhèwèké disebut ”Bapak”.​—Yésaya 64:8.

”Muga-muga jeneng-Mu disucèkké”

 Jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah. Awaké dhéwé kudu ngluhurké lan nganggep suci jeneng kuwi. Carané, ngandhani wong-wong soal sipat-sipaté lan soal karepé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18; Yésaya 6:3.

”Muga-muga Kerajaan-Mu teka”

 Kerajaané Gusti Allah kuwi pamréntahan sing ana ing swarga, sing Rajané Yésus. Yésus ngongkon awaké dhéwé ndongakké bèn Kerajaan kuwi mréntah bumi.​—Danièl 2:44; Wahyu 11:15.

”Sing Njenengan karepké muga-muga kelakon ing bumi kaya ing swarga”

 Gusti Allah péngin bumi iki keadaané kaya ing swarga. Ora ana wong jahat, ora ana sing mati, terus keadaané ayem lan tentrem.​—Mazmur 37:11, 29.

”Wènèhana aku panganan sing tak butuhké dina iki”

 Gusti Allah isa nyukupi kebutuhané awaké dhéwé saben dina.​—Kisah 17:24, 25.

”Tulung dosa-dosaku diapura kaya aku wis ngapura wong sing dosa marang aku”

 Kabèh manungsa wis dosa. Nèk péngin diampuni Gusti Allah, awaké dhéwé ya kudu gelem ngampuni wong liya.​—Matius 6:14, 15.

”Tulungi aku bèn ora nyerah wektu digodha, lan slametna aku saka Iblis”

 Sétan si Iblis nggodha awaké dhéwé bèn nglakoni sing salah. (1 Yohanes 5:19; Matius 4:1-4) Awaké dhéwé kudu njaluk tulung karo Yéhuwah bèn mbantu awaké dhéwé tetep setya karo Dhèwèké.

 Nèk ndonga, apa kudu nganggo Doa Bapa Kami?

 Doa Bapa Kami kuwi mung conto. Yésus ora ngongkon awaké dhéwé ngapalké donga kuwi lan mbolan-balèni kata-katané. Yésus ngomong, ”Wektu ndonga, aja ngucapké kata-kata sing padha lan dibolan-balèni.” (Matius 6:7) Terus pas dhèwèké mbahas Doa Bapa Kami kuwi manèh, kata-katané ora persis padha.​—Lukas 11:2-4.

 Dadi, nèk awaké dhéwé ndonga kudu tulus saka ati, isa nyritakké kabèh sing dirasakké.​—Mazmur 62:8.

 Nèk ndonga, dongané kudu piyé?

 Ing Alkitab ana ayat-ayat liya sing njelaské donga sing kaya apa sing dirungokké Gusti Allah.

  •   Ndonga mung karo Gusti Allah

     Ayat: ”Ing kabèh keadaan, kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah lan terus ngucap syukur.”​—Filipi 4:6.

     Artiné: Ing Doa Bapa Kami awalé disebutké, ”Bapakku sing ana ing swarga.” Kuwi berarti awaké dhéwé mung éntuk ndonga karo Gusti Allah Yéhuwah, ora karo Yésus, Maria, utawa para santo.

  •   Sing didongakké kudu sesuai karo karepé Gusti Allah

     Ayat: ”Nèk awaké dhéwé njaluk apa waé sing sesuai karo karepé Gusti Allah, Gusti Allah ngrungokké awaké dhéwé.”​—1 Yohanes 5:14.

     Artiné: Wektu ndonga awaké dhéwé isa njaluk apa waé, tapi kudu sesuai karo karepé Gusti Allah. Ing Doa Bapa Kami Yésus ngomong, ”Sing Njenengan karepké muga-muga kelakon.” Nèk péngin ngerti apa sing dikarepké Gusti Allah, awaké dhéwé isa sinau Alkitab.

  •   Ndonga njaluk sing dibutuhké

     Ayat: ”Pasrahna kuwatirmu marang Yéhuwah, lan Dhèwèké bakal ndhukung kowé.”​—Mazmur 55:22.

     Artiné: Gusti Allah nggatèkké awaké dhéwé. Kaya conto ing Doa Bapa Kami, awaké dhéwé isa ndonga njaluk kebutuhan saben dina, njaluk tuntunan bèn isa nggawé keputusan sing bener, njaluk dibantu wektu ana masalah, lan njaluk ampun. c

a Contoné, Yésus karo para muridé tau ndonga tapi kata-katané ora persis kaya kata-kata ing Doa Bapa Kami.​—Lukas 23:34; Filipi 1:9.

b Ing bagéan akhir Doa Bapa Kami sing ditulis ing Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi-LAI, ana kata-kata, ”Awitdéné Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisésa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.” Kata-kata kuwi pujian kanggo Gusti Allah. Tapi sakjané, menurut buku The Jerome Biblical Commentary, ”Kata-kata kuwi ora ana ing naskah Alkitab kuna sing isa dipercaya”.

c Merga tau nggawé dosa, ana wong-wong sing wedi mèh ndonga njaluk ampun karo Gusti Allah. Tapi Yéhuwah sakjané ngomong, ”Ayo masalahé awaké dhéwé dirampungké.” (Yésaya 1:18) Kuwi berarti Yéhuwah bakal ngrungokké wong-wong sing bener-bener mertobat.