Langsung mlebu

Apa Gusti Allah Ana ing Endi-Endi?

Apa Gusti Allah Ana ing Endi-Endi?

Jawaban ing Alkitab

 Gusti Allah isa ndelok kabèh sing kelakon, lan ing endi waé Dhèwèké isa nindakké sing dikarepké. (Wulang Bebasan 15:3; Ibrani 4:13) Ning, Alkitab ora mulangké nèk Gusti Allah ana ing endi-endi. Menurut Alkitab, Gusti Allah kuwi makhluk roh sing nduwé panggonan.

  •   Wujudé Gusti Allah: Gusti Allah kuwi makhluk roh. (Yohanes 4:​24) Ora ana wong sing isa ndelok Gusti Allah. (Yohanes 1:​18) Ing Alkitab ana beberapa wahyu sing nyritakké soal Gusti Allah. Ing wahyu kuwi dicritakké nèk Gusti Allah manggon ing panggonan sing padha. Dhèwèké ora tau pindhah-pindhah.​—Yésaya 6:​1, 2; Wahyu 4:​2, 3, 8.

  •   Panggonané Gusti Allah: Alkitab kandha nèk Gusti Allah ’manggon ing swarga.’ (1 Raja 8:​30) Kuwi berarti, Gusti Allah ora manggon ing bumi utawa alam semesta, tapi ing swarga. Alkitab nyebutké nèk ”para malaékat padha ngadhep Yéhuwah,” a Berarti Gusti Allah nduwé panggonan.​—Ayub 1:6.

Nèk Gusti Allah ora ing endi-endi, apa Dhèwèké isa mbantu aku?

 Isa. Gusti Allah bener-bener sayang karo saben wong. Meskipun ana ing swarga, Gusti Allah nggatèkké lan mbantu sapa waé sing bener-bener péngin dadi sahabaté. (1 Raja 8:​39; 2 Babad 16:9) Piyé carané Yéhuwah mbantu umaté sing setya?

  •   Pas awaké dhéwé ndonga: Pas awaké dhéwé lagi ndonga, Yéhuwah langsung ngrungokké.​—2 Babad 18:31.

  •   Pas awaké dhéwé susah: ”Yéhuwah cedhak karo wong sing susah banget, lan Dhèwèké nylametké wong sing sengsara.”​—Mazmur 34:18.

  •   Pas bingung kudu piyé: Yéhuwah ’bakal mènèhi [awaké dhéwé] pemahaman lan ngajari [awaké dhéwé]’ liwat Alkitab.​—Mazmur 32:8.

Pendapat soal Gusti Allah ana ing endi-endi

 Sing salah: Gusti Allah manggon ing endi-endi.

 Sing bener: Gusti Allah ora manggon ing bumi utawa panggonan liyané ing alam semesta. (1 Raja 8:​27) Pancèn bintang-bintang lan ciptaan liyané ”nyritakké kemuliaané Gusti Allah”. (Mazmur 19:1) Tapi kuwi ora berarti Gusti Allah manggon ing ciptaané. Kuwi kaya pelukis sing ora mungkin manggon ing njero lukisané. Tapi saka lukisan kuwi, awaké dhéwé isa ngerti soal pelukisé. Dadi, saka ciptaan awaké dhéwé isa ngerti sipat-sipaté Gusti Allah kaya kuwasané, kawicaksanané lan katresnané.​—Roma 1:​20.

 Sing salah: Gusti Allah kudu ana ing endi-endi bèn isa ngerti kabèh lan mbantu manungsa.

 Sing bener: Roh suci kuwi tenaga sing digunakké Gusti Allah. Gusti Allah nggunakké roh suciné bèn isa ngerti kabèh sing kelakon ing endi waé lan kapan waé. Dhèwèké ora kudu pindhah-pindhah panggonan kanggo mbantu manungsa​—Mazmur 139:7.

 Sing salah: Mazmur 139:8 mbuktèkké nèk Gusti Allah ana ing endi-endi. Ayat kuwi kandha, ”Nèk aku munggah ing langit, Njenengan ana ing kana. Nèk aku ana ing njero Kuburan, Njenengan ya ana ing kana.”

 Sing bener: Ayat iki ora mbahas Gusti Allah lagi ing endi. Tapi ayat iki nggambarké nèk Gusti Allah isa mbantu awaké dhéwé ora soal awaké dhéwé lagi ing endi.

a Menurut Alkitab, Gusti Allah kuwi jenengé Yéhuwah.