Langsung mlebu

Apa sing Bakal Kelakon Wektu Kerajaané Gusti Allah Mréntah?

Apa sing Bakal Kelakon Wektu Kerajaané Gusti Allah Mréntah?

Jawaban ing Alkitab

 Pamréntahané manungsa bakal diganti karo Kerajaané Gusti Allah sing bakal mréntah bumi. (Danièl 2:44; Wahyu 16:14) Pas mréntah, Kerajaané Gusti Allah bakal . . .

  •   Nyingkirké wong jahat. ”Wong jahat bakal disingkirké saka bumi.”—Wulang Bebasan 2:22.

  •   Ngendhegké perang. ”[Gusti Allah] ngendhegké perang ing bumi.”—Mazmur 46:9.

  •   Nggawé keadaan ing bumi aman, lan nggawé kabèh wong makmur. ”Saben wong bakal lungguh ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé. Ora ana sing bakal nggawé wedi.”—Mikha 4:4.

  •   Nggawé bumi dadi firdaus. ”Padhang belantara lan tanah sing gersang bakal ngrasa seneng. Padhang pasir bakal ngrasa seneng lan kebak kembang liar.”—Yésaya 35:1.

  •   Nggawé wong-wong bahagia lan nduwé gawéan sing nyenengké. ”Wong-wong sing Tak pilih bakal ngrasa puas merga hasil kerja kerasé. Kerja kerasé mesthi bakal ana hasilé.”—Yésaya 65:21-23.

  •   Nyingkirké penyakit. ”Wong-wong sing manggon ing tanah kuwi ora bakal ngomong, ’Aku lara.’”—Yésaya 33:24.

  •   Nggawé kabèh wong dadi enom manèh. ”Muga-muga awaké dadi luwih séhat timbang wektu isih enom. Muga-muga dhèwèké dadi kuwat manèh kaya pas dhèwèké isih enom.”—Ayub 33:25.

  •   Nguripké manèh wong sing wis mati. ”Kabèh wong sing ana ing njero kuburan bakal krungu swarané [Yésus] lan metu.”—Yohanes 5:28, 29.