Langsung mlebu

Apa Awaké Dhéwé Éntuk Nggugurké Kandungan?

Apa Awaké Dhéwé Éntuk Nggugurké Kandungan?

Jawaban ing Alkitab

 Ing Alkitab mémang ora ana keterangan soal wong sing sengaja nggugurké kandungan. Tapi, ana ayat-ayat ing Alkitab sing isa mbantu awaké dhéwé ngerti pandhangané Gusti Allah soal uripé manungsa, termasuk bayi sing durung lair.

 Kehidupan kuwi hadiah saka Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 9:6; Mazmur 36:9) Gusti Allah nganggep nèk kehidupan kuwi berharga, termasuk anak sing isih ing kandungan. Dadi, nèk ana sing sengaja nggugurké kandungan kuwi padha kaya matèni.

 Ing Hukum Taurat disebutké, ”Nèk ana wong sing gelut lan ngenani wong wédok sing meteng nganti wong wédok kuwi nglairké sakdurungé wektuné, tapi wong wédok lan bayiné kuwi ora mati, wong sing salah kudu mbayar ganti rugi sesuai karo sing dijaluk bojoné wong wédok kuwi, tapi jumlahé kudu cocog karo keputusané hakim. Ning, nèk salah sijiné mati, hukumané yaiku nyawa ganti nyawa.”​—Pangentasan 21:22, 23. a

 Apa bayi sing isih ing kandungan kuwi ya wis termasuk kehidupan?

 Menurut Gusti Allah, bayi sing isih ing kandungan kuwi wis termasuk kehidupan, ora soal umuré pira. Ing Alkitab, ana ayat-ayat sing njelaské nèk Gusti Allah nganggep bayi sing isih ana ing kandungan karo bayi sing wis lair kuwi padha.

  •   Raja Daud ngomong karo Gusti Allah, ”Njenengan ndelok aku malah sakdurungé aku lair.” (Mazmur 139:16) Dadi, Gusti Allah wis nganggep Daud kuwi wong sing urip meskipun dhèwèké isih ing kandungan.

  •   Gusti Allah wis ngekèki Yérémia tugas khusus padahal sakjané Yérémia durung lair. Gusti Allah ngomong, ”Kowé wis Tak pilih sakdurungé kowé ana. Sakdurungé lair, kowé wis Tak pilih kanggo nindakké tugas khusus dadi nabiné bangsa-bangsa.”​—Yérémia 1:5.

  •   Kata Yunani sing digunakké Lukas wektu nyritakké bayi sing durung lair karo bayi sing wis lair kuwi padha.​—Lukas 1:41; 2:12, 16.

 Apa wong sing wis tau nggugurké kandungan isih isa diapura Gusti Allah?

 Wong-wong sing wis tau nggugurké kandungan isih isa diapura Gusti Allah. Nèk wong-wong kuwi mertobat dosané mesthi bakal diapura. ”Yéhuwah kuwi apikan, gampang mesakké . . . Dhèwèké nyingkirké dosané awaké dhéwé nganti adoh banget, adohé kaya wétan karo kulon.” b (Mazmur 103:8-12) Yéhuwah mesthi bakal ngapura wong-wong dosa sing bener-bener tulus mertobat, termasuk sing wis tau nggugurké kandungan.​—Mazmur 86:5.

 Nèk situasiné darurat, apa nggugurké kandungan kuwi tetep ora éntuk?

 Sesuai karo keterangan-keterangan ing Alkitab mau, bayi sing isih ing kandungan kuwi wis termasuk kehidupan. Dadi, nggugurké kandungan kuwi tetep salah meskipun ibu utawa bayiné isa mati nèk kandungané ora digugurké.

 Tapi, piyé nèk misalé pas prosès lairan ana situasi darurat sing nggawé awaké dhéwé kudu milih arep nylametké ibuné apa nylametké bayiné? Pas situasi kaya ngono awaké dhéwé isa mutuské arep milih sing endi.

a Ana sing nganggep nèk hukum nyawa ganti nyawa ing ayat iki mung berlaku nèk sing mati ibuné, dudu bayiné. Tapi sesuai teks Ibraniné, hukum iki ya isa berlaku nèk sing mati mung bayiné.

b Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing ana ing Alkitab.​—Mazmur 83:18.