Langsung mlebu

AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

Mikha 6:8​—”Andhap-asor Ana ing Ngarsané Allahmu”

Mikha 6:8​—”Andhap-asor Ana ing Ngarsané Allahmu”

 ”Hé manungsa, Gusti Allah wis ngandhani kowé apa sing apik. Apa sing dijaluk Yéhuwah saka kowé? Dhèwèké mung njaluk bèn kowé tumindak adil, setya, lan rendah hati ing ngarepé Gusti Allahmu.”​—Mikha 6:8, Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.

 ”Hé manungsa, kowé wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutané Pangéran Yéhuwah marang kowé: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamanèh andhap-asor ana ing ngarsané Allahmu!”​—Mikha 6:8, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Mikha 6:8

 Nabi Mikha njelaské nèk nggawé Yéhuwah seneng kuwi ora angèl. (1 Yohanes 5:3) Ana telung cara sing disebutké ing ayat iki.

 ”Tumindak adil.” Gusti Allah péngin pikiran lan perbuatané umaté adil lan sesuai karo pathokan ing Alkitab. (Pangandharing Torèt 32:4) Misalé, ora mbédak-mbédakké wong senajan béda latar belakangé.​—Kaimaman 19:15; Yésaya 1:17; Ibrani 13:18.

 ”Setya.” Kata iki ya diterjemahké dadi ”nresnani katresnan sing langgeng”. (Mikha 6:8, cathetan ngisor) Ing basa Ibrani kata setya iki ya nggambarké sipat apikan lan sayang karo wong liya. Gusti Allah péngin awaké dhéwé ngetrapké sipat-sipat iki. Dadi wektu mbantu wong liya, awaké dhéwé isa bahagia.​—Kisah 20:35.

 ”Rendah hati ing ngarepé Gusti Allahmu.” Nèk awaké dhéwé péngin nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé kudu manut préntahé. Contoné Nuh. Dhèwèké ”terus nindakké sing dikarepké Gusti Allah sing bener” ora kaya ”wong-wong ing jamané”. (Purwaning Dumadi 6:9) Nèk manut Gusti Allah, berarti awaké dhéwé kudu manut pathokan ing Alkitab. Kuwi berarti awaké dhéwé kudu rendah hati, ngakoni nèk butuh tuntunané Gusti Allah.​—Yohanes 17:3; Kisah 17:28; Wahyu 4:11.

Latar Belakangé Mikha 6:8

 Mikha dadi nabi ing Israèl kèt taun 777-717 SM. Wong Israèl seneng nyembah brahala, seneng ngapusi, lan seneng nindhes. (Mikha 1:7; 3:1-3, 9-11; 6:10-12) Wong Israèl ora manut karo Gusti Allah. Meréka nglanggar Hukum Musa. Akèh wong Israèl sing mikir, sing penting kuwi mènèhi persembahan.​—Wulang Bebasan 21:3; Hoséa 6:6; Mikha 6:6, 7.

 Yésus ya njelaské nèk Gusti Allah seneng karo wong-wong sing apikan, adil, lan sayang karo wong liya. Tapi, Gusti Allah ora seneng karo wong sing ngibadah ning kelakuané ora bener. (Matius 9:13; 22:37-39; 23:23) Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti apa sing dikarepké Gusti Allah.

 Bèn ngerti ringkesané buku Mikha, deloken vidéo iki.