Langsung mlebu

AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

Matius 6:33​—’Kratoning Allah Iku Upayanen Dhisik’

Matius 6:33​—’Kratoning Allah Iku Upayanen Dhisik’

 ”Mula, Kerajaané Gusti Allah lan apa sing bener nurut Gusti Allah kudu mbok utamakké ing uripmu, lan sing liya-liyané bakal disedhiakké kanggo kowé.”—Matius 6:33, Terjemahan Donya Anyar.

 ”Ananging Kratoning Allah lan kasampurnané, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabèh bakal diparingaké marang kowé.”—Matéus 6:33, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Matius 6:33

 Kerajaané Gusti Allah kuwi pamréntahan ing swarga sing bakal nggawé kepénginané Gusti Allah kelakon ing bumi. (Matius 6:9, 10) Wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah berarti nganggep nèk Kerajaané Gusti Allah kuwi sing paling penting ing uripé. a Wong sing kaya ngono ora mung péngin ngerti soal Kerajaané Gusti Allah, tapi ya ngandhani wong liya soal apa waé sing bakal ditindakké Kerajaané Gusti Allah. (Matius 24:14) Wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah ya bakal ndongakké bèn Kerajaané kuwi ndang teka.—Lukas 11:2.

 Ngutamakké apa sing bener nurut Gusti Allah berarti manut karo pathokané Gusti Allah soal sing bener lan sing salah. (Mazmur 119:172) Wong sing kaya ngono kuwi saben dina manut karo hukumé Gusti Allah lan isa ngrasakké manfaaté.—Yésaya 48:17.

 Ungkapan sing liya-liyané bakal disedhiakké kanggo kowé kuwi maksudé Gusti Allah janji nèk wong sing ngutamakké Kerajaané lan manut karo pathokané bakal dicukupi kebutuhané.—Matius 6:31, 32.

Latar Belakangé Matius 6:33

 Wektu kuwi Yésus lagi Ceramah ing Gunung. Ceramahé dicathet ing Matius bab 5-7. Kétoké, sing ngrungokké ceramahé Yésus wektu kuwi akèh-akèhé wong miskin. Sing dipikirké wong-wong kuwi mungkin mung piyé carané nyukupi kebutuhané saben dina, dadi ora nduwé wektu kanggo ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. Tapi, Yésus ngongkon wong-wong kuwi bèn padha nggatèkké nèk kéwan lan tanduran waé diopèni karo Gusti Allah, apa manèh wong-wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. Gusti Allah janji nèk wong-wong kuwi bakal dicukupi kebutuhané.—Matius 6:25-30.

Pendapat soal Matius 6:33

 Sing salah: Wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah bakal dadi sugih.

 Sing bener: Yésus ora ngomong nèk wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah bakal dadi sugih. Tapi, maksudé sing bakal dicukupi kuwi kebutuhané saben dina, kaya panganan lan pakaian. (Matius 6:25, 31, 32) Yésus ya ora ngomong nèk wong sing diberkahi Gusti Allah mesthi bakal nduwé barang-barang méwah. Yésus malah ngandhani wong-wong bèn aja péngin sugih, soalé wong sing péngin sugih malah susah nèk arep ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. (Matius 6:19, 20, 24) Rasul Paulus mbiyèn ngutamakké Kerajaané Gusti Allah, tapi kadhang-kadhang dhèwèké ya kekurangan. Kaya Yésus, Paulus ya ngandhani wong-wong nèk péngin sugih kuwi bahaya.—Filipi 4:11, 12; 1 Timotius 6:6-10.

 Sing salah: Wong Kristen ora perlu kerja golèk dhuwit.

 Sing bener: Alkitab ngomong nèk wong Kristen kudu kerja kanggo nyukupi kebutuhané dhéwé lan keluargané. (1 Tésalonika 4:11, 12; 2 Tésalonika 3:10; 1 Timotius 5:8) Yésus ora ngomong nèk murid-muridé kudu mung ngutamakké Kerajaané Gusti Allah, terus ora perlu nglakoni kegiatan liyané.

 Wong-wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah lan gelem kerja isa yakin nèk Gusti Allah bakal nyukupi kebutuhané saben dina.—1 Timotius 6:17-19.

a “Ungkapan ”kudu mbok utamakké ing uripmu” diterjemahké saka kata kerja Yunani sing maksudé kegiatan sing dilakoni terus-terusan. Kata kerja kuwi ya isa diterjemahké dadi ”terus ngutamakké”. Dadi, Kerajaané Gusti Allah kudu terus dianggep sing paling penting.