Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Percaya Yésus?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Percaya Yésus?

 Ya. Seksi-Seksi Yéhuwah percaya kandhané Yésus, ”Aku iki dalané, sarta jatiné kayektèn lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.” (Yokanan 14:6) Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn Yésus teka saka swarga ing bumi kanggo masrahaké nyawané dadi tebusan. (Matéus 20:28) Merga Yésus wis séda lan diuripaké manèh, wong-wong sing nduduhaké iman marang Yésus bakal éntuk urip saklawasé. (Yokanan 3:16) Seksi-Seksi Yéhuwah uga percaya yèn Yésus saiki wis dadi raja ing Kratoné Gusti Allah sing ora suwé manèh bakal nggawé kahanan bumi ayem tentrem. (Wahyu 11:15) Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah nggatèkaké tenanan apa sing dikandhakaké Yésus, ”Sang Rama iku ngluwihi Aku.” (Yokanan 14:28) Dadi, Seksi-Seksi Yéhuwah ora nyembah Yésus, lan ora percaya yèn Yésus kuwi Gusti Allah sing Mahakwasa.