Langsung mlebu

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Mara ing Omah-Omah?

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Mara ing Omah-Omah?

 Yésus kandha karo muridé, ”Sakabèhing bangsa padha dadèkna siswaKu.” (Matéus 28:19, 20) Yésus ngutus murid-muridé supaya mara ing omah-omahé wong. (Matéus 10:7, 11-13) Sakwisé Yésus séda, wong-wong Kristen abad kapisan terus martakaké kabar apik ”ing omah-omah” lan ”ing ngarepé wong akèh”. (Para Rasul 5:42; 20:20) Seksi-Seksi Yéhuwah niru wong-wong Kristen abad kapisan, mula mara ing omah-omah merga kuwi cara sing paling cocog kanggo ketemu wong-wong.