Langsung mlebu

Mbantu lan Nggedhèkké Atiné Wong-Wong sing Lara

Mbantu lan Nggedhèkké Atiné Wong-Wong sing Lara

Wong sing lara parah biasané dadi gampang kuwatir, apamanèh nèk nganti dirawat ing rumah sakit, isa dadi tambah kuwatir. Kaya ing buku kanggo tenaga medis profesional ana laporan, ”Hasil penelitian nduduhké nèk kebutuhan émosi lan rohani kuwi ana pengaruhé kanggo keséhatané pasièn.” *

Kanggo nyukupi kebutuhan émosi lan rohaniné pasièn, Seksi-Seksi Yéhuwah nyedhiakké bantuan ing bab rohani lan jasmani kanggo mbantu Seksi-Seksi liyané sing ana ing rumah sakit. Pinituwa setempat mesthi ngunjungi anggota jemaaté sing lara. Ning piyé nèk ana Seksi sing dirawat ing rumah sakit sing adoh saka omahé? Seksi-Seksi Yéhuwah wis ngatur Kelompok Pengunjung Pasien (KPP) ing saben kutha gedhé. Pinituwa sing nggabung ing KPP ajeg ngunjungi pasièn lan keluargané sing asalé saka dhaérah liya utawa negara liya, wektu dirawat. Kelompok kuwi ana ing enem benua, ana 1.900 kelompok, lan ana luwih saka 28.000 sukarélawan sing nggabung. *

Bantuan rohani apa sing disedhiakké KPP?

Salah siji anggota KPP yaiku William kandha, ”Aku isa nglipur para Seksi lan anggota keluargané sing dudu Seksi nganggo cara mung ngobrol lan ngrungokké. Aku mbantu wong-wong kuwi yakin nèk Yéhuwah ngerti keadaané lan perduli. Pasièn lan keluargané ngajèni banget wektu didongakké.”

Akèh sing nduduhké rasa maturnuwuné marang pengaturan sing ditampa saka kunjungané KPP. Ing Amerika Serikat ana kira-kira 7.000 anggota KPP sing ngunjungi pasièn. Iki ana conto wong-wong sing nduduhké rasa maturnuwuné.

  • Priscilla ngomong, ”Maturnuwun wis ngunjungi bapakku ing rumah sakit wektu lara stroke. Bapakku seneng banget dikunjungi! Lan dhèwèké nggumun banget merga ana persediaan kaya ngéné. Kétoké bapak dadi luwih cepet mari sakwisé dikunjungi.”

  • Ophilia, sing ibuké mati, ngomong karo wakilé KPP, ”Kunjungané njenengan berharga banget kanggo ibuku. Dhèwèké ngerti nèk Yéhuwah sing ngirim njenengan. Maturnuwun banget merga wis perduli karo keluargaku.”

  • Salah siji pasièn dadi bingung lan kuwatir sakwisé krungu nèk uripé wis ora suwé manèh. James, salah siji anggota KPP, ngancani dhèwèké lan mbagi ayat sing nglipur saka Alkitab ing Filipi 4:​6, 7. James ngomong, ”Wektu aku ngunjungi manèh sésuké, dhèwèké wis ora bingung lan kuwatir. Senajan dikandhani nèk arep mati, saiki dhèwèké yakin karo bantuané Yéhuwah, lan saiki malah aku sing dikuwatké!”

Bantuan apa manèh sing disedhiakké KPP?

Pauline sing bojoné mati ing rumah sakit sing adoh saka omahé, nulis: ”Maturnuwun banget merga wis mbantu keluargaku pas ngadhepi masalah sing abot. Nentremké ati banget, ngerti nèk njenengan teka ing rumah sakit ing wayah bengi kanggo nemoni keluargaku padahal sésuké isih kudu kerja. Maturnuwun banget wis nggawé pengaturan penginepan kanggo 11 anggota keluargaku lan terus mbantu uga ndhampingi keluargaku. Aku maturnuwun banget marang Yéhuwah lan organisasiné sing wis nyedhiakké bantuan sing apik banget.”

Nicki, Gayle, lan Robin ngalami kecelakaan mobil ing panggonan sing adohé 300 km saka omahé. Salah siji anggota KPP sing jenengé Carlos cepet-cepet nemoni wong-wong kuwi wektu teka ing rumah sakit. Carlos ngomong, ”Aku nawakké bantuan apa waé sing dibutuhké, lan aku uga njaga kiriké Nicki supaya Nicki isa mlebu lan diobati.” Curtis, anggota liyané saka KPP, teka karo bojoné. Wong loro kuwi terus ing rumah sakit nganti anggota keluargané pasièn teka. Ana sing ngomong, ”Wong telu kuwi ngrasa tenang merga nampa bantuan. Robin, adhiné Nicki sing dudu Seksi Yéhuwah nggumun banget karo kabèh bantuan saka anggota KPP.”

^ par. 2 ”Nggatèkké Kebutuhan Émosi lan Rohaniné Pasièn,” saka buku The Joint Commission Journal on Quality and Patient Safety, Desember 2003, Jilid 29, Nomer 12, kaca 661.

^ par. 3 Pinituwa sing nggabung ing KPP uga dadi gembala, guru, lan penginjil ing jemaaté kaya pinituwa liyané. Wong-wong kuwi ora nampa bayaran, ning kanthi lila lan seneng wektu nindakké tugasé.​—1 Pétrus 5:2.