Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tuntunan sing Mesthi Bermanfaat

Tuntunan sing Mesthi Bermanfaat

Jutaan wong wis ngetrapké tuntunan ing Alkitab lan ngrasakké manfaaté. Meréka mbuktèkké dhéwé nèk tuntunan ing Alkitab isa dipercaya. Deloken conto-contoné.

1. Perkawinan

Wong-wong nduwé pendapat sing béda-béda soal carané bèn suami istri bahagia.

TUNTUNAN ING ALKITAB: ”Saben wong lanang ing antaramu kudu sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé. Wong wédok ya kudu bener-bener ngajèni bojoné.”—Éfésus 5:33.

ARTINÉ: Gusti Allah sing nggawé keluarga. Dadi Dhèwèké sing paling ngerti piyé carané bèn suami istri bahagia. (Markus 10:​6-9) Suami istri isa bahagia nèk meréka luwih ngutamakké kepentingané bojoné, dudu kepentingané dhéwé. Wong lanang sing sayang karo bojoné bakal alus lan perduli karo bojoné. Wong wédok sing ngajèni bojoné mesthi sikapé lan omongané ya bakal alus.

MANFAATÉ TUNTUNAN ING ALKITAB: Quang karo Thi, saka Vietnam, ngrasa perkawinané ora bahagia. Quang kerep kasar karo bojoné. Dhèwèké ngomong, ”Aku ora perduli karo perasaané Thi. Aku ya kerep nggawé dhèwèké isin.” Thi nganti péngin cerai. Dhèwèké ngomong, ”Aku wis ora isa percaya utawa ngajèni bojoku manèh.”

Akhiré, Quang karo Thi sinau Alkitab. Meréka ngupaya ngetrapké naséhat ing Éfésus 5:33. Quang ngomong, ”Merga ngetrapké naséhat ing ayat kuwi, aku ngerti nèk kudu luwih apikan lan sayang karo Thi. Aku ya kudu nyukupi kebutuhané lan nggatèkké perasaané. Hasilé Thi dadi luwih sayang lan ngajèni aku.” Thi ngomong, ”Merga ngetrapké naséhat ing Éfésus 5:33 lan ngajèni bojoku, aku dadi ngrasa disayang, dilindhungi, lan ayem.”

Nèk péngin ngerti luwih akèh soal saran-saran kanggo suami istri, wacanen Gatèkna! No. 2 2018, sing judhulé ”12 Cara Bèn Keluarga Bahagia” ing jw.org/jv.

2. Sikapé Awaké Dhéwé karo Wong Liya

Akèh wong sengit lan seneng ngrendhahké wong liya merga negarané, sukuné, penampilané, agamané, utawa merga wong kuwi homosèks.

TUNTUNAN ING ALKITAB: ”Kowé kudu ngajèni kabèh wong.”—1 Pétrus 2:17.

ARTINÉ: Ing Alkitab ora diajarké nèk awaké dhéwé kudu sengit karo wong saka suku utawa negara liya utawa wong sing homosèks. Malah awaké dhéwé dikon ngajèni kabèh wong, embuh wongé sugih apa ora, lan asalé saka endi. (Kisah 10:34) Meskipun ora setuju karo kepercayaan utawa tingkah lakuné wong liya, awaké dhéwé kudu tetep apikan lan ngajèni meréka.—Matius 7:12.

MANFAATÉ TUNTUNAN ING ALKITAB: Daniel diomongi nèk wong Asia kuwi merugikan negarané. Dhèwèké dadi sengit, kerep ngécé, lan ngrèmèhké wong saka Asia. Daniel ngomong, ”Awalé tak pikir sikapku iki bener merga aku ndhukung negaraku.”

Akhiré Daniel sinau Alkitab. Daniel ngomong, ”Jebulé selama iki aku salah. Aku kuduné niru Gusti Allah, nganggep kabèh wong kuwi padha. Saiki nèk ketemu wong, aku ora masalah wongé asalé saka endi. Aku ora mbédak-mbédakké manèh. Aku ya nduwé kanca saka akèh negara.”

Nèk péngin ngerti luwih akèh, wacanen Gatèkna! No. 3 2020, sing judhulé ”Apa Prasangka Isa Ilang?” ing jw.org/jv.

3. Dhuwit

Akèh wong péngin sugih bèn uripé pénak lan bahagia.

TUNTUNAN ING ALKITAB: ”Kawicaksanan isa nglindhungi, kaya dhuwit ya isa nglindhungi. Ning, manfaaté pengetahuan lan kawicaksanan yaiku isa njaga uripé sing nduwèni kuwi.”—Pengkhotbah 7:12.

ARTINÉ: Awaké dhéwé mémang butuh dhuwit. Tapi nduwé dhuwit kuwi dudu jaminan isa urip pénak lan bahagia. (Wulang Bebasan 18:11; 23:​4, 5) Awaké dhéwé isa bahagia saiki lan sukmbèn nèk ngetrapké tuntunané Gusti Allah sing ana ing Alkitab.—1 Timotius 6:​17-19.

MANFAATÉ TUNTUNAN ING ALKITAB: Wong lanang ing Indonesia sing jenengé Cardo ngupaya tenanan bèn isa sugih. Cardo ngomong, ”Uripku pénak banget, kaya impiané wong-wong umumé. Aku isa lunga ing endi-endi, tuku barang-barang méwah, mobil, lan omah.” Tapi bar kuwi hartané ilang. Cardo crita, ”Aku kapusan. Dhuwit sing tak kumpulké pirang-pirang taun langsung entèk ludhes. Aku kerja keras bèn isa sugih. Tapi hasilé aku malah ora bahagia, ngrasa ora berguna, lan kecéwa.”

Cardo mulai ngetrapké tuntunan ing Alkitab soal dhuwit. Dhèwèké ora fokus bèn isa sugih manèh, tapi milih urip sederhana. Dhèwèké ngomong, ”Sing nggawé bener-bener bahagia kuwi nèk akrab karo Gusti Allah. Aku isa turu angler saben dina lan bahagia.”

Nèk péngin ngerti menurut Alkitab apa dhuwit isa nggawé bahagia, wacanen artikel ”Apa Nèk Wis Sekolah Dhuwur utawa Sugih Uripé Mesthi Pénak?” ing Warta Penting No. 3 2021, sing ana ing jw.org/jv.

4. Sèks

Wong-wong nduwé pendapat sing béda-béda soal hubungan sèks.

TUNTUNAN ING ALKITAB: ”[Aja] nindakké hubungan sèks sing ora pantes. Saben wong ing antaramu kudu ngerti carané ngendhalèni badané dhéwé bèn tetep suci lan terhormat. Aja niru tumindaké bangsa-bangsa sing ora kenal karo Gusti Allah. Wong-wong kuwi nuruti nafsu sèks sing ora dikendhalèni lan sing ora tau puas.”—1 Tésalonika 4:​3, 4.

ARTINÉ: Menurut Alkitab, hubungan sèks sing ora pantes kuwi salah. Kuwi mencakup perselingkuhan, pelacuran, hubungan sèks padahal durung nikah, homosèks, lan hubungan sèks karo kéwan. (1 Korintus 6:​9, 10) Sakjané hubungan sèks kuwi anugrah saka Gusti Allah, tapi kuwi mung kanggo wong lanang lan wong wédok sing wis nikah sah.—Wulang Bebasan 5:​18, 19.

MANFAATÉ TUNTUNAN ING ALKITAB: Wong wédok ing Australia sing jenengé Kylie crita, ”Mbiyèn pas durung nikah, aku mikir nèk melakukan hubungan sèks aku bakal ngrasa disayangi. Tapi jebulé ora. Aku malah ngrasa ora disayangi lan ora tenang.”

Bar kuwi, Kylie sinau lan ngetrapké tuntunan ing Alkitab soal hubungan sèks. Dhèwèké ngomong, ”Aku ngerti nèk tuntunané Gusti Allah kuwi demi manfaaté awaké dhéwé. Aku berupaya bèn tingkah lakuku sesuai karo karepé Yéhuwah. Saiki aku nduwé bojo sing sayang karo aku. Merga manut tuntunan ing Alkitab, aku bahagia lan terhindar saka akèh masalah.”

Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh, wacanen artikel ”Apa Pandhangané Alkitab soal Kumpul Kebo?” ing jw.org/jv.

Gusti Allah ngandhani awaké dhéwé soal apa sing bener lan sing salah. Mémang manut tuntunané ora selalu gampang. Tapi nèk manut, hasilé mesthi apik. Awaké dhéwé ya bakal bahagia nganti saklawasé.