Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kabèh Wong Kudu Milih

Kabèh Wong Kudu Milih

Nèk arep lunga ing panggonan sing durung tau ditekani, njenengan bakal piyé?

  1. 1. Ngira-ngira dhéwé dalané.

  2. 2. Ngetutké wong liya, sapa ngerti meréka ngerti dalané.

  3. 3. Nganggo GPS, péta, utawa takon karo kanca sing isa dipercaya lan bener-bener ngerti dalané.

Nèk milih nomer siji utawa loro, isa waé ora tekan ing panggonané. Tapi nèk milih nomer telu, njenengan mesthi bakal tekan ing panggonané.

Uripé awaké dhéwé isa dipadhakké kaya kuwi mau. Tujuan akhiré mesthi pénginé bahagia. Nah, isa bahagia apa ora kuwi bergantung pas nggawé keputusan nggolèké tuntunan ing endi.

Mémang kerep-kerepé awaké dhéwé nggawé keputusan mung soal hal-hal sing sepélé. Tapi kadhang ya kudu nggawé keputusan sing penting. Keputusan kuwi isa ana manfaaté utawa ana akibaté kanggo awaké dhéwé, kanca, lan keluarga. Kuwi ya nduduhké pandhangané awaké dhéwé soal apa sing bener lan sing salah. Misalé keputusan soal:

  • Sèks lan perkawinan

  • Gawéan, dhuwit, lan kejujuran

  • Carané ndhidhik anak

  • Sikapé awaké dhéwé karo wong liya

Piyé bèn keputusané njenengan soal kabèh kuwi isa nggawé njenengan lan keluarga bahagia?

Bèn isa nggawé keputusan sing apik, awaké dhéwé butuh tuntunan kanggo nentokké apa sing bener lan sing salah.

Ing majalah iki bakal dijelaské nèk ing Alkitab ana tuntunan sing isa dipercaya lan apa manfaaté nèk manut tuntunan kuwi.