Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Nèk Wis Sekolah Dhuwur utawa Sugih Uripé Mesthi Pénak?

Apa Nèk Wis Sekolah Dhuwur utawa Sugih Uripé Mesthi Pénak?

Akèh sing mikir nèk wis sekolah dhuwur lan sugih uripé mesthi pénak. Wong-wong kuwi mikir nèk wong sing kuliah biasané kerjané luwih apik, isa mbantu keluarga, lan dadi warga negara sing apik. Terus, nèk sekolahé dhuwur mengko isa éntuk gawéan sing gajiné gedhé, lan nèk dhuwité akèh uripé isa bahagia.

SING DILAKONI WONG-WONG

Zhang Chen, saka Tiongkok, kandha, ”Nèk aku wis éntuk gelar sarjana, aku mengko isa éntuk gawéan sing gajiné gedhé, dadi aku isa bahagia, ora susah terus.”

Bèn uripé isa luwih pénak, akèh sing kuliah ing univèrsitas-univèrsitas terkenal, bahkan mungkin kuliahé nganti tekan luar negri. Mémang pas ana COVID-19, perjalanan luar negri dibatesi. Tapi sakdurungé ana COVID-19, sing kuliah ing luar negri saben taun tambah akèh. Taun 2012, Organisasi untuk Kerja Sama dan Pembangunan Ekonomi (OECD) nglaporké nèk sing kuliah ing luar negri akèh-akèhé wong Asia.

Akèh wong tuwa sing kerja mati-matian bèn anaké isa kuliah ing luar negri. Qixiang, saka Taiwan, crita, ”Wong tuwaku ora sugih, tapi anaké papat-papaté kuliah ing Amerika Serikat.” Bèn isa mbayari kuliahé anak-anaké, keluargané Qixiang utangé dadi akèh. Keluarga-keluarga liyané ya akèh sing kaya ngono.

PIYÉ KENYATAANÉ?

Wong-wong sing fokusé sekolah dhuwur lan nggolèk dhuwit akhiré dadi strès

Pendidikan mémang ana manfaaté, tapi akèh sing wis sekolah dhuwur hasilé ora kaya sing dikarepké. Misalé, akèh sing wis berusaha nganti pirang-pirang taun lan utang kana-kéné kanggo mbayar sekolah, tapi akhiré ora éntuk gawéan sing dipéngini. Rachel Mui tau nulis kaya ngéné ing koran Business Times Singapura: ”Saiki saya akèh sarjana sing nganggur.” Jianjie, sarjana S3 sing manggon ing Taiwan, kandha, ”Akèh sing akhiré éntuk gawéan sing ora sesuai karo jurusané.”

Sing liyané mungkin ana sing éntuk gawéan sesuai karo jurusané, tapi kenyataané ora kaya sing dibayangké. Niran, saka Thailand, kuliah ing Eropa. Bar lulus, dhèwèké éntuk gawéan sing sesuai karo jurusané. Dhèwèké kandha, ”Aku mémang isa éntuk gawéan sing gajiné gedhé, tapi aku kudu kerja keras, ora tau lèrèn. Terus, pas ana PHK, aku ya mèlu kena. Aku dadi ngerti nèk ora ana gawéan sing bener-bener isa dijagakké.”

Bahkan wong sing wis sugih lan uripé pénak ya isa ngalami masalah keluarga, lara, lan kerep kuwatir merga mikirké dhuwité. Katsutoshi, saka Jepang, ngomong, ”Dhuwitku akèh tapi aku ora bahagia, soalé akèh sing iri lan jahat karo aku.” Lin, wong wédok sing manggon ing Vietnam, kandha, ”Akèh sing berusaha nggolèk dhuwit sak akèh-akèhé merga péngin uripé pénak, tapi nyatané malah kerep kuwatir, lara, lan strès.”

Kaya Franklin, akèh sing akhiré sadhar nèk ana sing luwih penting timbang sekolah dhuwur lan nduwé dhuwit akèh. Ana beberapa sing mikir bèn uripé pénak kudu dadi wong sing apik. Tapi apa kuwi bener? Jawabané ana ing artikel berikuté.