Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

AspctStyle/stock.adobe.com

NAWAKKÉ UNDANGAN PERINGATAN

Yésus Bakal Ngendhegké Perang

Yésus Bakal Ngendhegké Perang

 Pas ing bumi, Yésus mbuktèkké sayang karo wong liya bahkan nganti ngorbanké uripé. (Matius 20:28; Yohanes 15:13) Merga sayang manungsa, Yésus sing wis dadi Raja Kerajaané Gusti Allah sedhéla manèh ya bakal ”ngendhegké perang ing bumi”.—Mazmur 46:9.

 Yésus bakal ngapa?

  •   ”Dhèwèké bakal nylametké wong mlarat sing njaluk tulung. Dhèwèké ya bakal nylametké wong cilik lan wong sing ora digatèkké. Dhèwèké bakal mesakké karo wong cilik lan wong mlarat. Dhèwèké bakal nylametké wong mlarat. Dhèwèké bakal nylametké wong-wong kuwi saka wong sing nindhes lan wong sing jahat.”—Mazmur 72:12-14.

 Apa buktiné nèk awaké dhéwé menghargai Yésus lan pengorbanané? Ing Lukas 22:19, Yésus ngongkon murid-muridé kanggo ngéling-éling kematiané. Makané saben taun, Seksi-Seksi Yéhuwah ngumpul kanggo memperingati kematiané. Njenengan diundang kanggo teka ing Peringatan Kematiané Yésus dina Minggu, tanggal 24 Maret 2024.

Golèk Acara Peringatan