Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Sing Isa Ditindakké Wektu Penghasilané Berkurang

Sing Isa Ditindakké Wektu Penghasilané Berkurang

 Apa njenengan kudu urip sederhana merga saiki penghasilané njenengan berkurang? Pandemi, bencana alam, perang, lan kerusuhan merga politik isa nggawé penghasilané njenengan berkurang. Kuwi isa nggawé njenengan strès. Ning, ing Alkitab ana naséhat-naséhat sing isa mbantu njenengan luwih tenang senajan penghasilané berkurang.

1. Kudu bersyukur.

 Alkitab kandha: ”Ora soal aku . . . nduwé sithik utawa akèh, aku wis ngerti carané bèn ngrasa puas.”​—Filipi 4:12.

 Senajan penghasilané njenengan ora kaya sakdurungé, njenengan kudu tetep bersyukur. Hasilé bakal luwih apik nèk njenengan lan keluarga luwih cepet nggawé penyesuaian.

 Njenengan isa nggolèk informasi apa njenengan isa nampa bantuan saka pamréntah utawa organisasi kemanusiaan. Nèk isa, njenengan kudu cepet-cepet ndaftar merga biasané ana bates wektuné.

2. Rembugen karo keluarga.

 Alkitab kandha: ”Rencana gagal nèk ora dirembug dhisik, ning kuwi isa berhasil nèk ana akèh sing mènèhi naséhat.”​—Wulang Bebasan 15:22.

 Njenengan isa mbahas karo bojo lan anaké njenengan. Nèk komunikasi lancar, kabèh anggota keluarga isa ngerti perubahan apa sing kudu digawé lan ndhukung perubahan kuwi. Nèk njenengan lan keluarga ngupaya ngirit, dhuwité njenengan isa digunakké kanggo sing luwih penting.

3. Nggawéa rencana.

 Alkitab kandha: ”Lungguh lan ngétung biayané dhisik.”​—Lukas 14:28.

 Wektu penghasilané njenengan berkurang, njenengan kudu ngerti dhuwité kuwi dienggo apa waé. Pertama, njenengan kudu ngerti sepira akèhé penghasilané njenengan saiki. Terus, tulisen pengeluarané njenengan saben sasi lan kuwi kanggo apa waé, senajan njenengan ngerti nèk ana sing kudu disesuaikké. Njenengan ya isa nyisihké dhuwit kanggo kebutuhan sing ora disangka-sangka.

 Saran: Wektu mriksa pengeluarané njenengan, aja lali ngétung pengeluaran sing kurang penting. Sakwisé diétung kabèh, mungkin njenengan kagèt merga jumlahé akèh banget. Contoné, ana wong lanang sing lagi sadhar nèk dhèwèké wis ngentèkké jutaan rupiah saben taun kanggo tuku permèn karèt.

4. Pastèkna pengeluaran sing luwih penting lan nggawéa penyesuaian.

 Alkitab kandha: ”Mastèkké endi sing luwih penting.”​—Filipi 1:10.

 Bandhingna penghasilané njenengan karo pengeluarané njenengan. Terus, njenengan ya isa ngurangi pengeluaran sing ora penting. Senajan penghasilané njenengan berkurang, njenengan tetep isa nyukupi kebutuhan keluarga. Gatèkna conto-conto iki:

  •   Transportasi. Nèk njenengan nduwé kendaraan luwih saka siji, apa njenengan isa ngedol salah sijiné? Nèk njenengan nduwé kendaraan sing larang, apa njenengan isa ngganti karo kendaraan sing luwih murah? Utawa, apa njenengan isa nggunakké transportasi umum, utawa sepédha bèn njenengan ora perlu tuku motor utawa mobil?

  •   Hiburan. Apa njenengan isa mandheg langganan TV kabel utawa layanan streaming paling ora kanggo sementara? Utawa, apa njenengan isa nggolèk pilihan hiburan liyané sing luwih murah?

  •   Pengeluaran liyané. Njenengan isa mbahas karo keluarga, carané ngirit banyu, listrik, lan bènsin. Senajan matèni lampu lan ngirit banyu kuwi kétoké sepélé, ning sakjané kuwi isa ngirit dhuwit.

  •   Panganan. Ketimbang mangan ing rèstoran, njenengan isa nyoba masak ing omah. Njenengan isa mikirké apa waé sing arep njenengan masak, terus tuku bahan-bahané lan nèk isa masak ing jumlah sing akèh. Sakliyané kuwi, njenengan ya isa ngolah bahan-bahan sisa. Gawéa daftar sakdurungé blanja bèn njenengan ora tuku barang-barang sing ora dibutuhké. Njenengan isa tuku buah lan sayur sing lagi musim merga biasané regané luwih murah. Aja kakèhan mangan panganan cepat saji. Njenengan isa nyoba nandur sayur-sayuran ing omah.

  •   Pakaian. Tukua pakaian mung nèk pakaiané njenengan wis ora layak dienggo, dudu merga kepéngin modèl sing paling anyar. Golèka pakaian diskon utawa pakaian bekas sing isih apik. Nèk cuacané cocog, njenengan isa njemur pakaian. Iki isa ngirit listrik merga njenengan ora perlu nggunakké mesin pengering.

  •   Barang sing anyar. Sakdurungé njenengan arep tuku barang, njenengan isa takon, ’Apa aku sanggup tuku barang iki? Apa aku mbutuhké barang iki?’ Apa njenengan isa nundha tuku barang, contoné èlèktronik utawa kendaraan? Utawa, apa njenengan isa ngedol barang-barang sing ora digunakké manèh? Nèk njenengan nindakké kuwi, njenengan isa ngurangi barang-barang ing omah lan nduwé dhuwit tambahan.

 Saran: Wektu penghasilané njenengan berkurang, iki wektuné kanggo njenengan mandheg nindakké kebiasaan èlèk sing ngentèkké akèh dhuwit. Contoné, ngrokok, judhi, lan mabuk-mabukan. Hasilé, njenengan ora mung ngirit dhuwit, ning njenengan ya dadi luwih séhat.

5. Terusa nyedhak karo Gusti Allah.

 Alkitab kandha: ”Wong-wong sing sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah kuwi wong sing bahagia.”​—Matius 5:3.

 Ing Alkitab ana naséhat, ”Kawicaksanan isa nglindhungi, kaya dhuwit ya isa nglindhungi. Ning, manfaaté pengetahuan lan kawicaksanan yaiku isa njaga uripé sing nduwèni kuwi.” (Pengkhotbah 7:12) Akèh wong sing wis ngetrapké naséhat Alkitab dadi ora terlalu kuwatir soal dhuwit.​—Matius 6:31, 32.