Langsung mlebu

AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

Matius 6:34​—”Aja Padha Sumelang ing bab Dina Sésuk”

Matius 6:34​—”Aja Padha Sumelang ing bab Dina Sésuk”

 ”Dadi aja nganti kuwatir bab dina sésuk, merga sésuk bakal ana kekuwatiran liyané. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.”​—Matius 6:34, Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar.

 ”Mulané aja padha sumelang ing bab dina sésuk, amarga dina sésuk iku kadunungan kasusahan dhéwé. Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina.”​—Matéus 6:34, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Matius 6:34

 Yésus ngyakinké para muridé bèn ora terlalu kuwatir soal masalah sing durung kelakon lan luwih apik ngatasi masalah sing ana ing dina kuwi waé.

 Kuwi ora berarti awaké dhéwé ora éntuk mikirké soal sésuk utawa nggawé rencana. (Wulang Bebasan 21:5) Ning, Yésus ora péngin awaké dhéwé terlalu kuwatir soal apa sing mungkin kelakon sésuk. Terlalu kuwatir isa nggawé awaké dhéwé ora bahagia lan ora fokus wektu nindakké tugas. Kadhang, apa sing awaké dhéwé kuwatirké durung mesthi kelakon lan ora kaya sing awaké dhéwé pikirké. Dadi, terlalu kuwatir kuwi ora ana gunané.

Latar Belakangé Matius 6:34

 Kata-kata iki disampèkké Yésus pas Ceramah ing Gunung, sing dicathet ing Matius bab 5-7. Ing ceramahé, Yésus njelaské nèk rasa kuwatir ora isa nggawé umuré awaké dhéwé luwih dawa utawa uripé luwih bahagia. (Matius 6:27) Yésus ya ngomong nèk awaké dhéwé ngutamakké Gusti Allah, awaké dhéwé ora perlu kuwatir soal sésuk. Nèk Gusti Allah waé perduli karo tanduran lan kéwan, Gusti Allah ya bakal perduli karo umaté.​—Matius 6:25, 26, 28-33.

Wacanen Matius bab 6 karo cathetan ngisor.