Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Janjiné Gusti Allah kanggo Wong Wédok

Janjiné Gusti Allah kanggo Wong Wédok

 Ing sak donya, ana jutaan wong wédok sing dianiaya lan dilècèhké. Apa njenengan ya tau ngalami kuwi? Ing artikel iki bakal dibahas piyé pandhangané Gusti Allah soal wong wédok lan apa sing bakal dilakukan Gusti Allah sukmbèn.

 ”Pas isih cilik, aku kerep dikasari lan dihina karo masku. Terus pas wis nikah, maratuwaku ya kasar lan aku diperlakukan kaya budhak. Aku dadi kerep mikir kanggo bunuh diri.”—Madhu, a India.

 Menurut Organisasi Keséhatan Dunia, ”kekerasan sing dialami wong wédok kuwi wis umum ing sak donya”. Kira-kira siji saka telu wong wédok pernah ngalami kekerasan fisik utawa sèksual.

 Merga tau ngalami kuwi, njenengan mungkin ngrasa ora aman wektu lunga-lunga merga wedi nèk dilècèhké utawa ngalami kekerasan fisik lan sèksual. Merga akèh wong wédok sing dilècèhké lan ngalami kekerasan, mungkin njenengan dadi mikir nèk wong wédok kuwi ora berharga. Tapi piyé pandhangané Gusti Allah soal wong wédok?

Menurut Alkitab, Gusti Allah nganggep wong-wong wédok berharga

Piyé pandhangané Gusti Allah soal wong wédok?

 Ayat: ”Gusti Allah nyiptakké wong lanang lan wong wédok.”—Purwaning Dumadi 1:27.

 Artiné: Gusti Allah menghargai wong lanang lan wong wédok merga Dhèwèké sing nyiptakké meréka. Malah, Gusti Allah ngongkon suami kanggo ”sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé”. Dadi, Gusti Allah ora péngin wong lanang sak pénaké dhéwé lan kasar karo bojoné. (Éfésus 5:33; Kolose 3:19) Kuwi bukti nèk Gusti Allah nganggep wong wédok berharga.

 ”Pas isih cilik, aku dilècèhké karo sedulurku. Terus pas umur 17, bosku meksa aku kanggo hubungan sèks lan nèk ora gelem aku bakal dipecat. Pas wis nikah, aku ora dihargai karo bojoku, wong tuwaku, lan tangga-tanggaku. Tapi sakwisé sinau soal Yéhuwah, b aku ngerti nèk Dhèwèké kuwi menghargai wong wédok. Aku dadi yakin nèk Yéhuwah sayang lan nganggep aku berharga.”—Maria, Argentina.

Apa sing isa diupayakké?

 Ayat: ”Ana kanca sing luwih akrab timbang sedulur kandhung.”—Wulang Bebasan 18:24.

 Artiné: Kanca sing apik bakal mbantu njenengan. Nèk gelem, njenengan isa nyritakké perasaané njenengan karo wong sing isa dipercaya.

 ”Selama 20 taun, aku ora tau crita karo sapa-sapa nèk aku pernah ngalami pelècèhan sèksual. Akibaté aku dadi ora bahagia, terlalu kuwatir, lan déprèsi. Tapi, sakwisé nyritakké kuwi karo kancaku lan dhèwèké ya gelem ngrungokké, aku dadi ngrasa lega.”—Elif, Turkiye.

 Ayat: ”Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.”—1 Pétrus 5:7.

 Artiné: Gusti Allah bakal ngrungokké tenanan wektu njenengan ndonga. (Mazmur 55:22; 65:2) Merga Gusti Allah perduli, Dhèwèké péngin mbantu njenengan ngerti nèk njenengan kuwi berharga.

 ”Sakwisé sinau soal Yéhuwah, aku isa nyritakké kabèh sing tak rasakké lan tak alami liwat donga. Yéhuwah kuwi kaya sahabat sing bener-bener paham perasaanku.”—Ana, Belize.

Apa Gusti Allah bakal meneng waé ndelok wong wédok dijahati?

 Ayat: ”Yéhuwah . . . bakal tumindak adil marang bocah yatim lan wong sing ditindhes, bèn ora ana manungsa ing bumi sing nggawé wong-wong kuwi wedi.”—Mazmur 10:​17, 18.

 Artiné: Sedhéla manèh, Gusti Allah bakal nggawé keadaané dadi adil. Wong-wong wédok ora bakal direndhahké utawa ditindhes manèh.

 ”Sakwisé ngerti nèk Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh kejahatan, termasuk kejahatan sing dialami wong wédok, aku dadi ngrasa ayem.”—Roberta, Meksiko.

 Nèk péngin ngerti luwih akèh soal janji ing Alkitab, kenapa janji kuwi isa dipercaya, lan saran-saran liyané ing Alkitab, njenengan isa njaluk dikunjungi karo Seksi Yéhuwah.

 Download artikel iki ing vèrsi PDF.

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

b Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?