Langsung mlebu

Pathokan ing Alkitab soal Perkawinan

Pathokan ing Alkitab soal Perkawinan

Jawaban ing Alkitab

 Pas nikahké manungsa sing pertama, Gusti Allah péngin bèn wong lanang karo bojoné isa saling sayang lan dadi keluarga.​—Purwaning Dumadi 1:27, 28; 2:18.

 Gusti Allah péngin wong sing nikah kuwi bahagia. (Wulang Bebasan 5:18) Makané, Dhèwèké ngekèki pathokan ing Alkitab.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Apa pathokané Gusti Allah soal perkawinan?

 Kèt awal, Gusti Allah péngin wong lanang lan wong wédok mung nduwé bojo siji. (Purwaning Dumadi 2:24) Mulané ora éntuk poligami, homosèks, utawa kumpul kebo. (1 Korintus 6:9; 1 Tésalonika 4:3) Terus, Yésus ya ngongkon murid-muridé bèn manut karo pathokané Gusti Allah soal perkawinan.​—Markus 10:6-8.

 Wong lanang karo wong wédok sing wis nikah kudu tetep setya lan terus urip bareng nganti seumur hidup.​—Markus 10:9.

 Apa wong sing wis nikah éntuk pisahan utawa cerai?

 Mémang kadhang wong ora isa terus bareng karo bojoné, misalé nèk salah siji kudu lunga ngurus keluargané. Tapi nèk pisahan merga ana masalah, kuwi sing ora éntuk menurut Alkitab. Wong loro kuwi kudu berupaya bèn isa rukun manèh.​—1 Korintus 7:10.

 Menurut Alkitab, wong éntuk cerai mung nèk bojoné laku jina. (Matius 19:9) Dadi, nèk wong sing wis nikah pisahan utawa cerai dudu merga laku jina, meréka ora éntuk pacaran utawa nikah manèh karo wong liya.​—Matius 5:32; 1 Korintus 7:11.

 Apa perkawinan kudu sah menurut hukum pamréntah?

 Gusti Allah péngin umaté manut karo hukum pamréntah soal perkawinan. (Titus 3:1) Makané, perkawinan kudu sah menurut hukum. Nèk perkawinané sah, kuwi ya berarti awaké dhéwé manut karo pathokané Gusti Allah. a

 Tugasé suami istri

  •   Suami istri kudu piyé? Wong sing wis nikah kudu sayang lan ngajèni bojoné. (Éfésus 5:33) Wong sing wis nikah ya kudu terus setya karo bojoné lan kudu ”mènèhké apa sing dibutuhké bojoné”, termasuk soal sèks. (1 Korintus 7:3; Ibrani 13:4) Terus nèk wis nduwé anak, wong loro kuwi kudu bareng-bareng ndhidhik lan ngopèni anaké.​—Wulang Bebasan 6:20.

     Ing Alkitab ora ditentokké sapa sing kudu kerja lan sapa sing kudu ngurus omah. Kabèh kudu dirembug wong loro.

  •   Suami kudu piyé? Menurut Alkitab, ”Wong lanang kuwi kepalané bojoné.” (Éfésus 5:23) Kuwi berarti, suami sing kudu nggawé keputusan kanggo bojo lan anaké.

     Suami kudu berusaha bèn keluargané isa bahagia, kebutuhané tercukupi, lan isa cedhak karo Gusti Allah. (1 Timotius 5:8) Suami kudu ngajèni bojoné. Carané, dhèwèké kudu ngrungokké pendapaté lan nggatèkké perasaané. (Wulang Bebasan 31:11, 28) Suami ya ora éntuk kasar karo bojoné.​—Kolose 3:19.

  •   Istri kudu piyé? Menurut Alkitab, istri ”kudu bener-bener ngajèni bojoné”. (Éfésus 5:33) Nèk ngajèni, berarti dhèwèké gelem manut karo bojoné.

     Istri kudu ndhukung bèn bojoné isa nggawé keputusan sing bener. (Purwaning Dumadi 2:18) Menurut Alkitab, wong wédok sing kaya ngono berharga.​—Wulang Bebasan 31:10.

 Apa wong sing wis nikah kudu nduwé anak?

 Ora. Mémang, mbiyèn Gusti Allah tau ngongkon umaté bèn nduwé anak. (Purwaning Dumadi 1:28; 9:1) Tapi, saiki ora kaya ngono. Yésus ora tau ngongkon wong sing wis nikah kudu nduwé anak. Murid-muridé ya ora tau ngongkon kaya ngono. Dadi, arep nduwé anak apa ora kuwi keputusané suami istri.

 Hasilé nèk ngetrapké pathokan ing Alkitab

 Ing Alkitab ana akèh pathokan bèn wong sing wis nikah isa bahagia lan isa ngatasi masalah.

 Nèk ngetrapké pathokan ing Alkitab, wong sing wis nikah bakal . . .

a Nèk soal perkawinan adat, menurut Alkitab piyé? Wacanen Menara Pengawal 15 Oktober 2006, halaman 21, paragraf 12.