Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 7

Apa Kratoné Gusti Allah Iku?

Apa Kratoné Gusti Allah Iku?

1. Apa Kratoné Gusti Allah iku?

Apa sebabé Yésus kuwi Raja sing paling cocog?​—MARKUS 1:40-42.

Kratoné Gusti Allah iku pamréntahané Gusti Allah sing ana ing swarga. Kraton iku bakal nggantèni kabèh pamréntahané manungsa. Gusti Allah nggunakaké kraton iki kanggo mujudaké kersané ing swarga lan bumi. Mesthiné iki dadi kabar apik, merga ora suwé manèh kraton iku dadi pamréntahan sing apik kaya sing dikarepaké manungsa. Kraton iki uga bakal nggawé wong-wong padha rukun.​—Wacanen Dhanièl 2:44; Matius 6:9, 10; 24:14.

Kraton iku ana rajané. Raja sing dipilih Yéhuwah iku Yésus.​—Wacanen Wahyu 11:15.

Deloken vidéo Apa Kratoné Gusti Allah Iku?

2. Apa sebabé Yésus kuwi Raja sing paling cocog?

Yésus kuwi Raja sing paling cocog merga apik atiné lan seneng mbéla sing bener. (Ibrani 1:9) Sawisé diuripaké manèh, Yésus munggah swarga lan lungguh ing sisih tengené Yéhuwah karo ngentèni didadèkaké Raja. (Ibrani 10:12,13) Wektu Yésus nampa kuwasa saka Yéhuwah dadi Raja, kuwasané iku digunakaké kanggo nulungi wong-wong sing urip ing bumi.​—Wacanen Dhanièl 7:13, 14.

3. Sapa sing dadi Raja bebarengan karo Yésus?

Alkitab kandha yèn ana ”wong-wong kagungané Allah [wong-wong suci, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi]” sing dipilih dadi raja bebarengan karo Yésus ing swarga. (Dhanièl 7:27) Sing sepisanan dipilih yaiku rasul-rasulé Yésus sing setya. Nganti saiki, Yéhuwah isih terus milih wong-wong suci iku. Sawisé mati, wong-wong suci iku diuripaké manèh kanggo urip ing swarga kaya Yésus.​—Wacanen Yokanan 14:1-3; 1 Korinta 15:42-44.

Pira cacahé wong sing bakal urip ing swarga? Wong-wong kuwi disebut pepanthan cilik, utawa golongan cilik. (Lukas 12:32) Wong-wong sing bakal dadi raja bareng karo Yésus cacahé 144.000.​—Wacanen Wahyu 14:1.

4. Ana kedadéan apa wektu Yésus mulai dadi Raja?

Yésus dadi Raja mulai taun 1914. * Sing sepisanan ditindakaké yaiku ngusir Iblis lan malaékat-malaékat sing jahat saka swarga ing bumi. Merga diusir, Iblis nesu banget terus nggawé susah uripé manungsa. (Wahyu 12:7-10, 12) Mulai wektu kuwi, kasusahan tambah akèh ing bumi. Perang, kurang pangan, penyakit, lan lindhu gedhé dadi tandha yèn ora suwé manèh Kratoné Gusti Allah bakal dadi siji-sijiné pamréntahan sing nguwasani bumi.​—Wacanen Lukas 21:7, 10, 11, 31.

5. Apa sing bakal ditindakaké Kratoné Gusti Allah?

Saiki Kratoné Gusti Allah lagi ngumpulaké wong-wong sing andhap-asor saka kabèh bangsa supaya dadi rakyaté Yésus. Mula, kabar apik bab Kratoné Gusti Allah dicritakaké ing kabèh panggonan ing bumi. Kratoné Gusti Allah bakal nyingkiraké pamréntahané manungsa lan wong-wong jahat ing bumi, nanging wong-wong sing andhap-asor mau bakal diayomi. Mula, awaké dhéwé kudu manut karo Yésus supaya diayomi.​—Wacanen Wahyu 7:9, 14, 16, 17.

Sèwu taun suwéné, Kraton iku bakal nggawé kabèh panggonan ing bumi iki dadi Pirdus kaya sing dikersakaké Gusti Allah biyèn. Sawisé kuwi kelakon, kuwasa dadi Raja sing ditampa Yésus saka Yéhuwah dibalèkaké manèh. (1 Korintus 15:24-26) Panjenengan kepéngin crita bab kabar apik iki karo sapa waé?​—Wacanen Jabur 37:10, 11, 29.

 

^ par. 6 Kanggo katrangan sing luwih cetha bab ramalané Alkitab sing ngrembug taun 1914, wacanen buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? kaca 215-218