Kisah Para Rasul 24:1-27

  • Paulus ditudhuh (1-9)

  • Pembélaané Paulus ing ngarepé Fèliks (10-21)

  • Kasusé Paulus ditunda rong taun (22-27)

24  Limang dina sakwisé kuwi, Imam Agung Ananias+ teka bareng karo para pemimpin* Yahudi lan pengacara siji sing jenengé Tèrtulus. Terus, wong-wong kuwi nyampèkké tudhuhané marang Paulus ing ngarepé gubernur.+  Bar dikongkon ngomong, Tèrtulus mulai nudhuh Paulus ing ngarepé Gubernur Fèliks. Dhèwèké kandha, ”Pak gubernur, merga dipréntah njenengan, aku lan bangsa iki isa ayem tentrem. Merga njenengan wicaksana wektu mréntah, ana kemajuan ing bangsa iki.  Gubernur Fèliks sing tak hormati, aku lan bangsa iki terus bersyukur merga kabèh sing wis njenengan tindakké.  Ning saiki, supaya ora mbuwang-mbuwang wektuné njenengan, aku njaluk tulung supaya njenengan gelem ngrungokké aku sedhéla waé.  Aku ndelok nèk wong iki tukang nggawé masalah.*+ Dhèwèké ngojok-ojoki wong Yahudi ing endi-endi bèn mbrontak nglawan pamréntah.+ Dhèwèké kuwi ya pentholané sèkte wong Nazarèt.+  Dhèwèké ngupaya nggawé najis bait, mula dhèwèké tak tangkep.+  *——  Wektu mriksa dhèwèké, njenengan bakal ngerti nèk kabèh sing tak omongké iki bener.”  Wektu krungu kuwi, wong-wong Yahudi mèlu-mèlu nudhuh Paulus lan ngomong nèk tudhuhan-tudhuhan kuwi bener. 10  Bar kuwi, gubernur ngongkon Paulus bèn ngomong. Paulus kandha, ”Aku ngerti nèk njenengan wis dadi hakimé bangsa iki pirang-pirang taun suwéné. Kuwi sebabé, aku seneng nyampèkké pembélaanku ing ngarepé njenengan.+ 11  Kira-kira 12 dina wingi, aku ngibadah ing Yérusalèm.+ Nèk njenengan péngin ngerti aku ngapusi apa ora, njenengan isa mbuktèkké dhéwé. 12  Wong-wong iki ora tau ndelok aku debat karo sapa waé ing bait, utawa ngojok-ojoki kumpulan wong bèn nggawé gègèr. Ing sinagogé-sinagogé* ya ora, ing panggonan liyané ing kutha ya ora. 13  Wong-wong kuwi ya ora isa mbuktèkké marang njenengan nèk tudhuhané marang aku kuwi bener. 14  Ning, tak akoni ing ngarepé njenengan, nèk aku pancèn mèlu cara ngibadah sing disebut wong-wong kuwi ’sèkte’. Kuwi sebabé aku nindakké tugas suci marang Gusti Allahé nènèk moyangku+ merga aku percaya karo kabèh sing wis ditulis ing Taurat lan Tulisané Para Nabi.+ 15  Aku ya nduwé harapan marang Gusti Allah kaya harapané wong-wong iki, yaiku nèk Gusti Allah bakal nguripké manèh+ wong-wong sing bener lan sing ora bener.+ 16  Kuwi sebabé, aku terus ngupaya supaya hati nuraniku tetep resik* ing ngarepé Gusti Allah lan manungsa.+ 17  Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, aku bali manèh menyang Yérusalèm kanggo mènèhi dhuwit sumbangan+ marang bangsaku lan mènèhi korban marang Gusti Allah. 18  Wektu aku lagi ngurus soal kuwi, wong-wong ndelok aku lagi nindakké upacara nyucèkké badan ing bait.+ Ing kono ora ana akèh wong lan aku ya ora nggawé ribut. Terus, ana wong-wong Yahudi saka Provinsi Asia 19  sing nudhuh aku. Sakjané, nèk wong-wong kuwi pancèn nduwé masalah karo aku, kuduné wong-wong kuwi saiki ya ana ing ngarepé njenengan.+ 20  Utawa, coba kongkonen wong-wong sing ana ing kéné iki ngandhani njenengan soal apa kesalahan sing ditemokké wong-wong iki saka aku wektu aku ing ngarepé Sanhèdrin.* 21  Wong-wong iki mung isa nudhuh aku merga perkara iki, yaiku wektu aku ngadeg ing ngarepé Sanhèdrin, aku kandha, ’Aku saiki lagi diadili merga harapan soal wong mati sing isa diuripké manèh.’”+ 22  Ning Fèliks, sing ngerti akèh soal Dalan sing Bener,*+ nunda sidang kuwi. Dhèwèké kandha, ”Sakwisé Komandan Lisias teka, aku bakal nggawé keputusan soal kasusmu.” 23  Terus, Fèliks mènèhi préntah marang perwira prajurit supaya Paulus tetep ditahan ning rada diwènèhi kebébasan. Kanca-kancané Paulus ya diijinké ngurusi kebutuhané Paulus. 24  Pirang-pirang dina bar kuwi, Fèliks teka karo Drusila bojoné, yaiku wong Yahudi. Terus, Fèliks ngongkon wong kanggo ngundang* Paulus. Fèliks ngrungokké Paulus njelaské apa artiné percaya marang Kristus Yésus.+ 25  Ning, wektu Paulus ngomongké soal tumindak sing bener, ngendhalèni dhiri, lan pengadilan sukmbèn,+ Fèliks dadi wedi lan kandha, ”Kowé éntuk lunga saiki. Nèk ana kesempatan, kowé bakal tak undang* manèh.” 26  Wektu kuwi, sakjané Fèliks ya berharap bèn Paulus nyuap dhèwèké. Mula, Fèliks saya kerep ngundang* Paulus lan omong-omongan karo dhèwèké. 27  Sakwisé rong taun, Fèliks diganti Porkius Fèstus. Wektu kuwi, Fèliks isih nahan Paulus merga péngin nyenengké atiné wong Yahudi.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”para sesepuh”.
Lit.: ”wong iki wabah”.
Deloken Lamp. A3.
Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”tetep ora salah”.
Maksudé, ajaran lan cara uripé wong Kristen.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”tak celuk”.
Utawa ”nyeluk”.