Langsung mlebu

TIRUNEN IMANÉ | YONATAN

”Gusti Allah Bisa Maringi Kemenangan”

”Gusti Allah Bisa Maringi Kemenangan”

Bayangna pasukan Filistin sing ana ing pos militèr sing panggonané dhuwur lan terjal. Pasukan Filistin sing ana ing kono ndelok ana wong Israèl loro sing lagi ngadeg ing sebrang tebing. Wong Filistin ora wedi wektu ndelok wong loro kuwi merga wong Filistin wis suwé nguwasani wong Israèl. Wong Filistin ngerti nèk wong Israèl ora nduwé senjata sing lengkap, malah kanggo ngasah alat-alat pertaniané waé kudu njaluk tulung wong Filistin. Apa manèh sing didelok pasukan Filistin wektu kuwi mung wong loro thok. Saumpama wong loro kuwi nggawa senjata, wong loro kuwi isa apa? Terus wong Filistin ngécé, ”Munggaha mréné, aku arep padha ngajar kowé.”​—1 Samuèl 13:19-​23; 14:11, 12.

Ning, nyatané malah wong Filistin sing diajar. Wong Israèl loro kuwi mudhun saka tebing karo mlayu, nyebrang jurang, lan mènèk tebing panggonané pos pasukan Filistin mau. Tebingé terjal banget, nganti wong loro kuwi kudu mènèk nganggo tangan lan sikilé. Ning, wong loro kuwi ora nyerah lan terus mènèk bèn isa tekan pos kuwi. (1 Samuèl 14:13) Saiki, pasukan Filistin isa ndelok nèk wong lanang kuwi nggawa senjata lan dikancani karo sing nggawa senjatané. Apa wong kuwi nékad merga arep nyerang kabèh pasukan Filistin?

Dhèwèké ora nékad. Wong lanang kuwi, sing jenengé Yonatan, nduwé iman sing kuwat. Kisahé Yonatan kuwi bener-bener ana. Senajan awaké dhéwé saiki ora perang, ning awaké dhéwé isa sinau akèh saka Yonatan. Dhèwèké kuwi wong sing kendel, setya, lan ora égois. Awaké dhéwé butuh sipat-sipat kuwi bèn isa nduwé iman sing kuwat.​—Yésaya 2:4; Matius 26:51, 52.

Anak sing Manut lan Prajurit sing Kendel

Bèn isa ngerti apa sebabé Yonatan nyerang pos pasukan Filistin, awaké dhéwé kudu ngerti latar belakangé Yonatan. Dhèwèké kuwi anak mbarepé Saul, raja Israèl sing pertama. Wektu Saul dilantik dadi raja, umuré Yonatan kira-kira 20 taun utawa luwih. Akèh sing Saul critakké karo Yonatan. Kuwi sing nggawé Yonatan karo Saul dadi cedhak banget. Yonatan ngerti nèk bapaké ora mung dhuwur, nggantheng, lan kendel, ning ya nduwé iman sing kuwat lan rendah hati. Yonatan dadi ngerti apa sebabé Yéhuwah nglantik Saul dadi raja. Malah, Nabi Samuèl kandha nèk ora ana wong sing kaya Saul ing Israèl.​—1 Samuèl 9:​1, 2, 21; 10:20-​24; 20:2.

Yonatan mesthi bangga isa mèlu perang sing dipimpin karo bapaké kanggo nglawan mungsuh-mungsuhé umaté Yéhuwah. Perang ing jaman mbiyèn béda karo perang ing jaman saiki sing tujuané kanggo mbéla negara. Mbiyèn, Yéhuwah milih bangsa Israèl kanggo dadi wakilé. Bangsa Israèl terus diserang karo bangsa-bangsa liyané sing nyembah déwa-déwa. Wong Filistin, sing nyembah déwa-déwa kaya Dagon, kerep nggawé susah lan péngin nyingkirké bangsa pilihané Yéhuwah.

Kanggoné wong-wong lanang termasuk Yonatan, mèlu perang kuwi nduduhké nèk setya marang Yéhuwah. Yéhuwah mberkahi upayané Yonatan. Ora suwé sakwisé Saul dadi raja, dhèwèké nglantik anaké kanggo mimpin 1.000 pasukan. Yonatan mimpin pasukan kuwi kanggo nyerang pasukan Filistin ing Géba. Senajan pasukan Israèl ora nduwé akèh senjata, ning Yonatan isa menang merga bantuan saka Yéhuwah. Wong Filistin ora trima lan ngumpulké pasukan sing luwih akèh. Pasukané Saul akèh sing wedi. Ana sing mlayu lan ndhelik. Malah, ana sing dadi mbéla wong Filistin. Ning, Yonatan tetep kendel.​—1 Samuèl 13:​2-7; 14:21.

Kaya sing wis dicritakké ing awal, akhiré Yonatan meneng-meneng lunga karo sing nggawa senjatané. Wektu wong loro kuwi wis arep tekan pos pasukan Filistin ing Mikhmash, Yonatan ngandhani rencanané karo sing nggawa senjatané. Wong loro kuwi ngadeg ing panggonan sing isa didelok pasukan Filistin. Nèk pasukan Filistin ngongkon awaké dhéwé munggah, kuwi tandha nèk Yéhuwah bakal nulungi. Terus, sing nggawa senjatané langsung setuju merga yakin karo kata-katané Yonatan. Yonatan kandha, ”Sebab Gusti Allah bisa maringi kemenangan, lantaran wong akèh utawa wong sethithik.” (1 Samuèl 14:​6-​10, Basa Jawi Padintenan [BJP]) Apa maksudé Yonatan?

Yonatan ngerti banget Yéhuwah kuwi kaya apa. Mbiyèn, Yéhuwah tau mbantu umaté kanggo ngalahké mungsuhé. Malah, kadhang Yéhuwah mung nggunakké wong siji kanggo ngalahké mungsuhé sing akèh banget. (Para Hakim 3:​31; 4:​1-​23; 16:23-​30) Dadi, Yonatan ngerti nèk percaya karo Yéhuwah kuwi luwih penting ketimbang jumlah pasukan utawa senjata sing diduwèni. Merga percaya karo Yéhuwah, Yonatan njaluk tandha saka Yéhuwah kudu nyerang pos pasukan Filistin apa ora. Sakwisé nampa tandha kuwi, Yonatan wani nglawan pasukan Filistin.

Ana loro sing isa awaké dhéwé gatèkké. Sing pertama, Yonatan kagum karo Yéhuwah. Dhèwèké ngerti nèk Yéhuwah kuwi mahakuwasa lan sakjané ora butuh bantuané manungsa kanggo nindakké kepénginané. Ning, Yéhuwah gelem mberkahi wong-wong sing setya karo Dhèwèké. (2 Babad 16:9) Sing keloro, sakdurungé nggawé keputusan Yonatan njaluk tuntunané Yéhuwah. Saiki Gusti Allah ora mènèhi mukjijat kanggo awaké dhéwé. Ning, liwat Alkitab awaké dhéwé isa ngerti apa sing dipéngini Gusti Allah. (2 Timotius 3:​16, 17) Awaké dhéwé isa niru Yonatan nèk gelem nggolèki dhisik pathokan saka Alkitab sakdurungé nggawé keputusan.

Bar kuwi, Yonatan karo sing nggawa senjatané mènèk tebing sing terjal banget lan nyedhaki pos pasukan Filistin. Sakwisé ngerti nèk arep diserang, wong Filistin langsung ngongkon pasukané kanggo nglawan wong loro kuwi. Nèk ndelok jumlah pasukan Filistin sing akèh lan panggonané sing dhuwur, kétoké ora mungkin wong loro kuwi isa menang. Ning, Yonatan lan sing nggawa senjatané sing ngetutké ing mburiné isa langsung matèni 20 wong Filistin. Yéhuwah nindakké sing luwih hébat manèh. Alkitab kandha, ”Kabar mau nggègèraké wong Filistin ing kémah-kémah lan ing ara-ara. Wong Filistin ing pos pejagan sarta rombongan rampog padha wedi; malah buminé gonjing ndadèkaké huru-hara sing hébat.”​—1 Samuèl 14:15, BJP.

Yonatan lan prajurit sing nggawa senjatané nyerang pos pasukan Filistin

Saul lan pasukané ngerti nèk wong Filistin padha bingung lan patèn-patènan. (1 Samuèl 14:16, 20) Bar kuwi, wong Israèl dadi wani lan mangkat kanggo nyerang wong Filistin. Kétoké, wong Israèl njupuk senjatané wong-wong Filistin sing wis mati. Dina kuwi, Yéhuwah nggawé wong Israèl menang. Nganti saiki, Yéhuwah isih tetep padha. Nèk awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah kaya Yonatan lan sing nggawa senjatané, awaké dhéwé ora bakal gela.​—Maléakhi 3:6; Roma 10:11.

”Amargi saking Pitulunganipun Sang Yéhuwah”

Saul béda banget karo Yonatan. Saul nindakké kesalahan sing gedhé. Salah sijiné, Saul ora manut karo Nabi Samuèl sing wis dilantik Yéhuwah. Saul malah mènèhké korban marang Yéhuwah, sing kuduné diwènèhké Samuèl merga Samuèl kuwi wong Lèwi. Wektu Samuèl teka, Samuèl kandha nèk Saul wis lancang lan Saul ora bakal isa mréntah Israèl manèh. Sakliyané kuwi, sakdurungé Saul ngongkon wong Israèl perang nglawan wong Filistin, Saul ngucapké sumpah sing ora masuk akal. Saul kandha, ”Kenaa ing ipat-ipat sapa sing mangan apa waé ing dina iki, sadurungé aku males ukum marang mungsuhku.”​—1 Samuèl 13:10-​14; 14:24, BJP.

Saka omongan kuwi kétok nèk sipaté Saul wis berubah. Mbiyèn, dhèwèké wong sing rendah hati lan ngutamakké Yéhuwah. Ning, saiki dhèwèké dadi wong sing mung ngutamakké kepentingané dhéwé. Para prajurit kuwi kan wis kerja keras, dadi ora mungkin Yéhuwah mènèhi larangan sing ora masuk akal kaya ngono. Apa maksudé wektu Saul ngomong, ”sadurungé aku males ukum marang mungsuhku”? Apa Saul ngrasa nèk perang kuwi kanggo kepentingané dhèwèké? Apa dhèwèké lali nèk sakjané perang kuwi kanggo nduduhké sipat adilé Yéhuwah dudu bèn Saul isa bales dendam, dipuji-puji, lan menang?

Yonatan ora ngerti soal sumpahé bapaké mau. Merga kesel bar perang, Yonatan nyelupké tongkaté ing sarang madu. Bar mangan madu kuwi, dhèwèké ngrasa kuwat manèh. Terus ana prajurit sing ngomong karo Yonatan nèk bapaké wis nglarang para prajurit kuwi kanggo mangan. Yonatan njawab, ”Pancèn kebangeten sing ditindakaké bapakku. Delengen, sawisé mangan madu sethithik waé aku saiki dadi kuwat. Upama ing dina iki wong-wong kena mangan pangan sing dirampas nalika ngalahaké mungsuh, wong-wong Filistin sing kita patèni mesthi luwih akèh.” (1 Samuèl 14:25-30, BJP) Senajan Yonatan manut karo bapaké, ning dhèwèké ora gelem ndhukung omongan lan tumindaké bapaké sing ora bener. Merga Yonatan kaya ngono, akèh wong dadi ngajèni dhèwèké.

Saul krungu nèk Yonatan ora manut karo préntahé. Ning, Saul tetep ora ngakoni nèk préntahé dhèwèké kuwi ora masuk akal. Malah, Saul mikir nèk Yonatan kudu dihukum mati. Wektu krungu kuwi, Yonatan ora mbantah utawa njaluk bapaké bèn ora matèni dhèwèké. Yonatan ngomong, ”Kawula sandika nglampahi paukuman pejah.” Ning, wong-wong Israèl ngomong, ”Kénging punapa Pangéran Yonatan kedah kasédanan? Rak panjenenganipun ingkang angsal kaunggulan ageng wonten ing Israèl. Punika sampun ngantos kelampahan! Demi asmanipun Sang Yéhuwah ingkang gesang, rémanipun saeler kémawon sampun ngantos dhawah ing siti! Amargi saking pitulunganipun Sang Yéhuwah ugi prakawis punika kelampahan ing dinten punika.” Hasilé, Saul ora sida matèni Yonatan. Alkitab kandha, ”Mengkono wong akèh anggoné nguwalaké Pangéran Yonatan, temah ora kasédanan.”​—1 Samuèl 14:43-​45.

”Kawula sandika nglampahi paukuman pejah”

Merga Yonatan kendel, seneng kerja keras, lan ora égois, Yonatan dikenal dadi wong sing apik. Merga dikenal dadi wong sing apik, Yonatan isa éntuk bantuan wektu ana masalah. Alkitab kandha nèk jeneng sing apik kuwi penting banget. Dadi, awaké dhéwé kudu ngupaya dikenal dadi wong sing apik. (Kohèlèt 7:1) Ning sing paling penting, awaké dhéwé dikenal apik karo Yéhuwah, kaya sing ditindakké Yonatan.

Saul Dadi Tambah Jahat

Saul ora manut, terus nindakké kesalahan, lan sombong. Ning, Yonatan tetep ngancani Saul wektu dhèwèké perang. Sakjané, Yonatan ngrasa kecéwa merga sikapé Saul, ning Yonatan ora isa apa-apa.

Terus, ana masalah wektu Yéhuwah ngongkon Saul perang nglawan wong Amalèk. Ing jamané Musa, Yéhuwah tau ngramalké nèk bangsa kuwi bakal disingkirké merga wong-wongé jahat banget. (Pangentasan 17:14) Saul dipréntahké kanggo nyingkirké kabèh ternak lan matèni Raja Agag. Akhiré, Saul menang perang. Mesthi Yonatan ya kendel ing perang sing dipimpin bapaké kuwi. Ning, Saul sengaja ora manut karo Yéhuwah. Saul ora matèni Raja Agag lan ternaké wong Amalèk. Nabi Samuèl nyampèkké hukuman saka Yéhuwah. Dhèwèké kandha, ”Sarèhné panjenengan dalem sampun nampik dhateng pangandikanipun Sang Yéhuwah, mila Sang Yéhuwah inggih nampik panjenengan dalem, badhé kalungsur anggen panjenengan dalem dados ratu.”​—1 Samuèl 15:​2, 3, 9, 10, 23.

Bar kuwi, Yéhuwah ora mènèhi manèh roh suciné marang Saul. Akibaté, Saul dadi gampang nesu, kerep ngrasa wedi, lan ora bahagia. Saul bener-bener berubah. (1 Samuèl 16:14; 18:10-​12) Yonatan sedhih banget merga sikapé bapaké wis berubah. Yonatan tetep setya karo Yéhuwah. Buktiné, Yonatan tetep ndhukung bapaké, senajan kadhang dhèwèké ya ngandhani bapaké wektu salah. Ning sing paling penting, Yonatan péngin nyenengké Yéhuwah sing ora tau berubah.​—1 Samuèl 19:​4, 5.

Apa ana keluarga utawa kancané njenengan sing dadi ora setya? Nèk iya, njenengan mesthi sedhih banget. Contoné Yonatan ngélingké awaké dhéwé soal kata-katané sing nulis Jabur sing kandha, ”Sanadyan bapa-biyung kawula nilar kawula, nanging Sang Yéhuwah ingkang mupu kawula.” (Jabur 27:10) Keluarga utawa kanca isa waé ninggalké utawa nggawé njenengan kecéwa. Ning, Yéhuwah kuwi setya, Dhèwèké ora bakal ninggalké njenengan.

Yonatan kétoké ngerti nèk Yéhuwah bakal milih wong liya kanggo nggantèni Saul. Piyé perasaané Yonatan? Apa Yonatan mikir nèk dhèwèké sing bakal nggantèni bapaké? Apa Yonatan ya mikir nèk mengko wis dadi raja, dhèwèké péngin dadi sing luwih apik lan ora nindakké kesalahan sing tau bapaké tindakké? Awaké dhéwé ora ngerti apa sing dipikirké Yonatan. Ning sing pasti, kuwi kabèh ora kelakon. Apa kuwi berarti Yéhuwah ninggalké Yonatan? Ora. Yéhuwah malah nggunakké Yonatan dadi conto ing Alkitab. Yonatan kuwi sahabat sing apik. Awaké dhéwé bakal ngrembug kuwi ing artikel sakbanjuré.