Langsung mlebu

AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

Roma 15:13​—”Muga-Muga Gusti Allah, Etuking Pangarep-arep, Maringana Ganjaran marang Kowé Kabèh Sagunging Kabungahan sarta Tentrem-Rahayu”

Roma 15:13​—”Muga-Muga Gusti Allah, Etuking Pangarep-arep, Maringana Ganjaran marang Kowé Kabèh Sagunging Kabungahan sarta Tentrem-Rahayu”

 ”Muga-muga Gusti Allah, sing mènèhi kowé harapan, nggawé kowé bener-bener bahagia lan ngrasa ayem merga kowé percaya marang Dhèwèké. Muga-muga harapanmu isa saya kuwat lan kowé éntuk kekuwatan saka roh suci.”​—Roma 15:13, Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.

 ”Muga-muga Gusti Allah, etuking pangarep-arep, maringana ganjaran marang kowé kabèh sagunging kabungahan sarta tentrem-rahayu ing sajroning pracayamu, supaya kowé padha sugiha pangarep-arep marga saka sawabé Sang Roh Suci.”​—Roma 15:13, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Roma 15:13

 Rasul Paulus berharap bèn umaté Gusti Allah isa ”bener-bener bahagia lan ngrasa ayem”. Kuwi isa kelakon merga Gusti Allah wis ngekèki harapan lan roh suci.

 Harapan kuwi ditulis ing Alkitab. Menurut Roma 15:4, ”Kabèh ayat sing ditulis mbiyèn ditulis kanggo mulang awaké dhéwé. Awaké dhéwé nduwé harapan merga ayat-ayat kuwi mbantu awaké dhéwé bèn sabar lan mènèhi awaké dhéwé penghiburan.” Menurut Alkitab Gusti Allah janji nèk sukmbèn ora ana manèh sing miskin, dijahati, lara, utawa mati. (Wahyu 21:4) Kuwi kabèh bakal kelakon liwat Yésus Kristus. Makané, awaké dhéwé isa yakin nèk harapan kuwi mesthi bakal kelakon.​—Roma 15:12.

 Harapané awaké dhéwé isa dadi ”saya kuwat” nèk percaya karo Gusti Allah. Bèn isa percaya karo Gusti Allah, awaké dhéwé ya kudu luwih kenal karo Dhèwèké. (Yésaya 46:10; Titus 1:2) Awaké dhéwé ya isa tetep tenang lan bahagia meskipun ana masalah, merga nduwé harapan.​—Roma 12:12.

 Awaké dhéwé nduwé harapan merga Gusti Allah bakal nggawé janjiné kelakon nganggo roh suciné. a Terus nèk éntuk roh suci, awaké dhéwé isa bahagia lan tentrem.​—Galatia 5:22.

Latar Belakangé Roma 15:13

 Buku Roma kuwi surat kanggo wong Kristen ing Roma. Ana sing mémang keturunan Yahudi, tapi ana sing ora. Paulus péngin bèn wong-wong kuwi kabèh bersatu meskipun latar belakangé béda.​—Roma 15:6.

 Paulus nyebutké ramalané Gusti Allah nèk sukmbèn wong-wong saka kabèh bangsa bakal bersatu nyembah Dhèwèké. Malah, Paulus nganti ngutip saka Kitab-Kitab Ibrani b ping papat. (Roma 15:9-12) Kabèh wong, ora soal keturunan Yahudi utawa dudu, isa nyembah Gusti Allah lan nduwé harapan sing padha. Makané kabèh wong Kristen ing Roma kudu ”ramah lan apikan” karo sedulur seimané meskipun béda latar belakangé.​—Roma 15:7.

a Bèn isa ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Roh Suci Kuwi Apa?

b Kitab-Kitab Ibrani ya disebut Perjanjian Lawas.