Langsung mlebu

Terus Nginjil Selama Pandemi

Terus Nginjil Selama Pandemi

 Selama pandemi COVID-19, Seksi-Seksi Yéhuwah tetep nginjil. Tapi, meréka nginjilé ora teka ing omah-omah utawa ing panggonan umum. Meréka nginjil liwat télpon lan surat. * Akèh sing menghargai upayané, lan Yéhuwah ya mberkahi. (Wulang Bebasan 16:3, 4) Gatèkna pengalaman-pengalaman iki.

 Ana mbak-mbak sing kerep dikunjungi karo Seksi Yéhuwah sing jenengé Helen. Dhèwèké wis tau ditawani sinau Alkitab tapi ora tau gelem. Sedina sakdurungé lockdown, dhèwèké dikèki Helen Alkitab lan buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? Bar kuwi, dhèwèké ditawani manèh sinau Alkitab tapi liwat télpon. Akhiré, dhèwèké gelem. Dhèwèké menikmati sinauné, lan malah njaluk bèn sinauné saben dina. Dhèwèké ya teka ing pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah liwat télpon lan mulai nyritakké isiné Alkitab karo wong liya.

 Ing siji jemaat, para sedulur nulis surat kanggo polisi sing isiné ucapan maturnuwun. Para polisi kuwi kagèt pas éntuk suraté. Ana polisi sing ngomong karo Sedulur Jefferson, ”Tak kira ki Seksi Yéhuwah ora seneng karo polisi.” Terus, Jefferson njelaské nèk kuwi ora bener. Para polisi kuwi seneng banget karo suraté, malah nganti dipajang ing kantoré. Ana polisi sing ngomong, ”Muga-muga wong liya ya bakal menghargai kerja keras kami.”

 Ana loro perintis biasa sing jenengé Edna lan Ednalyn. * Meréka ora isa mèlu pertemuan ibadah nganggo video-conference soalé ing omahé ora ana sinyal. Dadi, meréka takon karo tanggané apa éntuk nèk nunut nganggo Wi-Fi lan mèlu mbayar tagihané. Ternyata, tanggané mau ngomong nèk meréka éntuk nganggo Wi-Fi gratis. Edna lan Ednalyn ngundang dhèwèké mèlu pertemuan ibadah, lan dhèwèké gelem. Saiki, dhèwèké, anaké, karo putuné loro sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah lan teka terus ing pertemuan ibadah.

 Seksi Yéhuwah ya seneng ngundang wong liya ngrungokké ceramah Alkitab liwat video-conference. Contoné Sedulur Ellaine sing kerja ing rumah sakit. Awalé, dhèwèké ragu arep ngundang kanca kerjané, soalé dhèwèké ngira nèk meréka ora seneng karo Seksi Yéhuwah. Ana sepasang dokter suami istri sing Ellaine paling wedi arep ngundang. Ellaine ndonga, lan tetep ngundang kanca kerjané, termasuk suami istri kuwi. Terus sing wédok takon, ”Aku mbok kon dadi Seksi Yéhuwah ki?” Ellaine njawab nèk sing éntuk mèlu pertemuan ibadah iki ora mung Seksi Yéhuwah thok, tapi kabèh wong éntuk mèlu. Sésuké suami istri kuwi teka tenan, malah tekané gasik. Sakdurungé acarané rampung, sing wédok nge-chat. Dhèwèké ngomong, ”Iki pertama kaliné aku mèlu pertemuan ibadahé Seksi Yéhuwah. Aku seneng banget. Maturnuwun wis ngundang aku.”

Ellaine

 Ana 20 dokter sing diundang karo Ellaine. Sing teka ana 16. Ellaine ngomong, ”Aku seneng banget isa ’kendel martakké kabar apik soal Gusti Allah’ karo kanca-kanca kerjaku.”​—1 Tésalonika 2:2.

 Mémang pandemi iki nggawé awaké dhéwé dadi susah. Tapi, sedulur-sedulur isa tetep bahagia lan semangat merga terus mbantu lan nguwatké wong liya.​—Kisah 20:35.

^ Kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah ora nglanggar undang-undang soal perlindungan data.

^ Perintis kuwi maksudé sing wektuné luwih akèh dienggo nginjil.