Langsung mlebu

Mbantu Bèn sing Kerja ing Rumah Sakit Ora Strès

Mbantu Bèn sing Kerja ing Rumah Sakit Ora Strès

 Bryn manggon ing Karolina Utara, Amerika Serikat. Dhèwèké kuwi anggota Panitia Penghubung Rumah Sakit (PPRS). Kuwi panitia sing tugasé mbantu pasièn Seksi Yéhuwah.

 Merga pandemi COVID-19, pasièn ing rumah sakit ora éntuk dikunjungi. Makané, Bryn nélpon bagéan sing ngatur kunjungan doa kanggo pasièn. Bryn takon carané bèn isa ngubungi pasièn Seksi Yéhuwah sing dirawat ing kono.

 Ternyata sing ngangkat kuwi asistèné, dudu pimpinané. Bryn njaluk bèn nomeré dikèkké ing pasièn Seksi Yéhuwah sing dirawat ing kono. Terus akhiré nomeré dikèkké.

 Bar kuwi, Bryn ya takon kabaré sing kerja ing rumah sakit. Dhèwèké berharap bèn kabèh padha séhat-séhat waé. Bryn ya ngomong nèk menghargai kerja kerasé wong-wong sing kerja ing rumah sakit. Terus, dhèwèké ya ngomong nèk akèh wong saiki padha strès merga pandemi, khususé sing kerja ing rumah sakit.

 Asistèn mau setuju karo omongané Bryn. Dhèwèké ngomong nèk sing kerja ing rumah sakit kuwi lagi padha strès merga pandemi COVID-19.

 Bryn ngomong, ”Seksi-Seksi Yéhuwah nduwé situs wèb jw.org. Ing kono ana akèh artikel sing isa mbantu wong ngatasi strès. Njenengan isa ngetik waé ing kothak pencarian kata ’strès’.”

 Asistèn kuwi langsung mbukak jw.org, terus ngetik kata ’strès’ ing kothak pencarian. Bar ndelok artikel-artikel soal strès, dhèwèké ngomong, ”Wah, kok apik. Mengko tak duduhké pimpinanku. Iki cocog banget kanggo wong-wong sing kerja ing kéné. Mengko tak cetakké, terus tak dumké.”

 Beberapa minggu bar kuwi, Bryn akhiré isa ngomong langsung karo pimpinané. Pimpinan kuwi ngomong nèk wis mbukak situs wèbé, terus wis nyétak beberapa artikel soal strès lan topik-topik liyané. Terus, kuwi ya wis didumké karo para perawat lan liyané.

 Bryn ngomong, ”Pimpinan kuwi ngucapké maturnuwun merga artikel-artikelé bermanfaat banget.”