Langsung mlebu

Banjir sing Nggawa Berkah

Banjir sing Nggawa Berkah

 Ing taun 2017, 12 Seksi-Seksi Yéhuwah mangkat saka Mosquito (Miskito), dhaérah pantai ing Nikaragua. Para sedulur kuwi numpak kapal sing jenengé Sturi Yamni. Sedulur lanang sing jenengé Stephen ngomong, ”Tujuané mrono kuwi kanggo ndhukung para sedulur sing manggon ing dhaérah terpencil lan mbantu para sedulur kuwi kanggo martakké kabar apik ing kono.”

 Para sedulur kuwi mangkat saka Pearl Lagoon menyang La Cruz de Río Grande. Perjalanan kuwi jaraké kira-kira 200 kilomèter lan ngliwati Sungai Río Grande de Matagalpa. Para sedulur ora ngira nèk jeneng kapalé, sing artiné ”Kabar Apik” ing basa Miskito, bakal terus diéling-éling karo wong-wong sing manggon ing pinggir sungai kuwi. Akhiré, para sedulur kuwi tekan La Cruz de Río Grande sing suwéné 12 jam perjalanan. Kuwi ora termasuk wektu kanggo lèrèn. Para sedulur kuwi disambut karo enem sedulur sing manggon ing kono.

 Bengi kuwi ana badai sing gedhé banget ing hulu Sungai Río Grande de Matagalpa. Sungainé mbludag nganti rong dina. Kuwi nggawé Balé Ibadah lan akèh omah ing La Cruz dadi kebanjiran. Terus, sedulur 12 kuwi mbantu penduduk ing kono kanggo ngungsi. Akèh-akèhé penduduk ing kono ngungsi nganti rong dina ing omahé salah siji Seksi Yéhuwah sing tingkat loro.

Balé Ibadah sing kebanjiran ing La Cruz

 Ing dina ketelu, walikota La Cruz njaluk bantuané Seksi-Seksi Yéhuwah. Merga kapal Sturi Yamni kuwi gedhé, walikota njaluk tulung para sedulur kanggo ngeterké tim bantuan kemanusiaan mbantu wong-wong sing kena dampak banjir kuwi. Para sedulur kuwi seneng mbantu.

 Sésuk ésuké, ana telu sedulur sing mangkat karo tim bantuan kemanusiaan. Stephen crita, ”Wit-wit gedhé padha ambruk terus kintér. Sungainé deres banget. Aliran banyuné nganti luwih saka 18 kilomèter per jam.” Senajan ora gampang, ning tim isa mbantu penduduk ing telu dhaérah.

 Sedulur telu kuwi mènèhi penghiburan kanggo penduduk sing ana ing kono. Para sedulur kuwi ya mènèhi Sadarlah! taun 2017 sing judhulé ”Cara Agar Bisa Selamat Saat Terjadi Bencana”.

 Penduduk sing ana ing kono ngucapké maturnuwun kanggo kabèh bantuan sing diwènèhké karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Ana penduduk sing ngomong, ”Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi gelem mbantu wektu keadaané susah.” Sing liyané ngomong, ”Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi bener-bener perduli karo wong liya.” Penduduk ing kono nggatèkké nèk Seksi-Seksi Yéhuwah gelem nulungi sedulur seiman lan wong-wong liyané. Hasilé, akèh sing gelem nampa kabar apik saka Alkitab.

Sedulur lanang sing jenengé Marco, mudhun saka kapal Sturi Yamni lan siap kanggo martakké kabar apik

Kapal Sturi Yamni ing désa sing kena banjir