Langsung mlebu

KUWASANÉ ALKITAB

”Aku Wis Ora Kejem Manèh”

”Aku Wis Ora Kejem Manèh”
  • Lair Taun: 1973

  • Negara Asal: Uganda

  • Mbiyèn: Kasar lan pemabuk sing bejat

MBIYÈNÉ

 Aku lair ing Uganda ing dhaérah Gomba. Ing kono wong-wongé miskin banget. Wektu kuwi ya durung ana listrik, dadi nèk wis bengi aku lan wong-wong ing kono nggunakké lampu minyak.

 Wong tuwaku pindhah saka Uganda ing Rwanda. Wong tuwaku kuwi petani sing nandur kopi lan gedhang. Wong tuwaku nggawé minuman beralkohol saka gedhang sing jenengé waragi. Wong tuwaku ya ternak pitik, wedhus, babi, lan sapi. Merga kena pengaruh budaya ing kono, aku dadi nduwé pandhangan nèk istri kudu manut karo bojoné ing keadaan apa waé lan ora éntuk mènèhi pendapat.

 Wektu umurku 23 taun aku pindhah ing Rwanda. Wektu kuwi aku kerep lunga ing diskotik bareng karo kanca-kancaku. Merga aku kerep teka mrana, manajeré nganthi mènèhi aku kartu khusus sing nggawé aku isa mlebu diskotik kuwi gratis. Aku ya seneng nonton film sing isiné kekerasan. Lingkungan lan hiburan sing tak pilih nggawé aku dadi wong sing kasar lan dadi pemabuk sing bejat.

 Ing taun 2000, aku mulai urip bareng karo wong wédok sing jenengé Skolastique Kabagwira, lan nduwé anak telu. Kaya pandhanganku mbiyèn, aku péngin dhèwèké nganti sujud wektu ketemu karo aku lan wektu ana sing arep dijaluk. Aku nganggep kabèh barangé keluargaku kuwi duwèkku. Dadi aku isa nggunakké barang-barang kuwi sakarepku dhéwé. Aku kerep metu bengi lan bali jam telu ésuk. Wektu aku bali ing omah terus Skolastique ora ndang mbukakké pintu, dhèwèké langsung tak antemi.

 Wektu kuwi aku kerja dadi pengawas ing perusahaan keamanan lan gajiku gedhé. Skolastique péngin sikap lan tumindakku berubah. Dadi, dhèwèké ngupaya ngejak aku gabung ing greja Pantékosta. Ning, aku ora tertarik. Malah, aku selingkuh karo wong wédok liya. Merga sikap lan tumindakku sing kejem, akhiré Skolastique nggawa telu anakku bali ing omahé wong tuwané.

 Ana kancaku sing luwih tuwa ngandhani nèk apa sing wis tak tindakké kuwi ora bener. Dhèwèké ya ngongkon aku bali manèh karo Skolastique. Dhèwèké ngomong nèk anak-anakku kuwi butuh bapaké. Dadi, ing taun 2005, aku wis ora mabuk-mabukan, ninggalké selingkuhanku lan bali manèh karo Skolastique. Ing taun 2006, aku lan Skolastique akhiré nikah. Ning, tumindakku tetep kasar karo dhèwèké.

CARANÉ ALKITAB MBANTU AKU

 Ing taun 2008, salah siji Seksi-Seksi Yéhuwah sing jenengé Joël nginjil ing omahku. Pirang-pirang sasi dhèwèké lan kancané sing jenengé Bonaventure, terus marani aku kanggo ngrembug Alkitab. Aku nduwé akèh pitakonan, khususé soal buku Wahyu. Ning, sakjané aku ngupaya mbuktèkké nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi salah. Misalé, aku takon kenapa Seksi Yéhuwah isa percaya nèk ”kumpulan gedhé” sing disebutké ing Wahyu 7:9 bakal urip ing bumi. Padahal, ayat kuwi nyebutké nèk wong-wong kuwi ”ngadeg ing ngarepé tahta [Gusti Allah] lan ing ngarepé Cempé kuwi” yaiku Yésus Kristus. Joël sabar banget wektu njawab pitakonanku. Dhèwèké mbukakké Yésaya 66:1 sing kandha nèk Gusti Allah nyebut bumi kuwi ”ancik-anciking”. Dadi, kumpulan gedhé kuwi ana ing bumi ing ngisor tahtané Gusti Allah. Terus, aku maca Jabur 37:29 sing kandha nèk wong sing bener bakal éntuk warisan bumi.

 Akhiré, aku gelem sinau Alkitab. Dadi, Bonaventure mandhu sinau Alkitab kanggo aku lan Skolastique. Merga aku sinau Alkitab, aku dadi péngin nggawé perubahan ing uripku. Aku sinau nèk aku kudu ngajèni bojoku. Aku wis ora ngongkon bojoku kanggo sujud wektu ketemu karo aku utawa wektu ana sing arep dijaluk. Aku ya wis ora ngaku-ngaku manèh nèk kabèh barangé keluargaku kuwi duwèkku. Aku mandheg nonton film sing isiné kekerasan. Nggawé kabèh perubahan kuwi ora gampang. Aku kudu ngupaya ngendhalèni dhiri lan rendah hati.

Alkitab mbantu aku dadi bojo sing luwih apik

 Pirang-pirang taun sakdurungé aku nitipké anakku sing paling tuwa sing jenengé Christian ing sedulurku sing manggon ing Uganda. Ning, sakwisé maca buku Pangandharing Torèt 6:4-7, aku lan bojoku dadi ngerti nèk wong tuwa kudu ngopèni anaké manut pathokan saka Gusti Allah. Saiki keluargaku bener-bener bahagia merga isa kumpul bareng manèh.

MANFAAT SING TAK RASAKKÉ

 Aku sinau nèk Yéhuwah kuwi welas asih lan aku percaya nèk Yéhuwah wis ngapurani aku. Aku seneng banget merga Skolastique gelem mèlu sinau Alkitab karo aku. Aku lan bojoku dibaptis bareng tanggal 4 Desember 2010. Saiki, aku lan bojoku isa percaya siji lan sijiné lan isa ngetrapké pathokané Alkitab ing keluargaku. Bojoku seneng banget merga saiki aku langsung bali ing omah sakwisé kerja. Bojoku ya seneng merga aku dadi apikan, ngajèni dhèwèké, wis ora ngombé alkohol, lan ora dadi wong sing kejem manèh. Ing taun 2015, aku dilantik dadi pinituwa ing jemaat. Saka limang anakku, telu wis dibaptis.

 Wektu aku mulai sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah, aku ora langsung percaya karo apa sing diajarké. Ning, aku seneng karo carané Seksi Yéhuwah nggunakké Alkitab kanggo njawab pitakonanku. Aku lan Skolastique ngupaya kanggo manut karo kabèh pathokané Gusti Allah, ora mung apa sing tak péngini thok. Aku bener-bener bersyukur merga saiki isa cedhak karo Yéhuwah. Aku wis ngrasakké dhéwé nèk Gusti Allah bener-bener mbantu aku. Dadi, aku yakin nèk Gusti Allah ya bakal mbantu kabèh wong sing gelem nggawé perubahan bèn isa nyenengké Dhèwèké.