Langsung mlebu

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Tetep Nginjil marang Wong sing Sakdurungé Ora Gelem Nampa?

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Tetep Nginjil marang Wong sing Sakdurungé Ora Gelem Nampa?

 Merga tresna marang Gusti Allah lan wong liya, Seksi-Seksi Yéhuwah seneng martakaké kabar saka Alkitab marang kabèh wong, klebu marang wong-wong sing sakdurungé ora gelem nampa. (Matéus 22:37-​39) Seksi-Seksi Yéhuwah manut marang préntahé Yésus kanggo ”martosaken dhateng sadaya bangsa” merga tresna marang Gusti Allah. (Lelakoné Para Rasul 10:42; 1 Yokanan 5:3) Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah mara luwih saka ping pisan, padha kaya sing ditindakaké nabi-nabi jaman mbiyèn. (Yérémia 25:4) Seksi-Seksi Yéhuwah uga nresnani wong liya, mula seneng martakaké ”Injiling Kraton” sing bisa nylametaké urip marang kabèh wong, klebu marang wong-wong sing mauné ora gelem nampa.​—Matéus 24:14.

 Bisa waé pas Seksi-Seksi Yéhuwah mara manèh, wong sing sakdurungé ora gelem nampa dadi gelem nampa merga alesan-alesan iki:

  •   Wongé pindhah.

  •   Ana keluargané sing gelem ngrungokaké.

  •   Wong bisa malih. Kedadéan ing donya iki utawa kahanané wong kuwi bisa nggawé dhèwèké dadi gelem ngrungokaké lan nampa kabar saka Alkitab. (Matéus 5:3) Kaya rasul Paulus, wong sing mauné sengit karo kabar saka Alkitab bisa malih.​—1 Timotéus 1:​13.

 Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah ora meksa saben wong kanggo nampa kabar saka Alkitab. (1 Pétrus 3:​15) Seksi-Seksi Yéhuwah ngerti yèn saben wong kudu nggawé keputusan dhéwé bab ibadahé.​—Pangandharing Torèt 30:19, 20.